Materi
Pembelajaran
Nyuwun
Warah Bapak Haris
Bagas : “Kula nuwun”.
Ridwan : ”Mangga. O, kowe ta Gas. Kok njanur
gunung gelem dolan mrene.Ayo mlebu
lan lungguh dhisik kene”.
Bagas : “Ya, matur nuwun Wan, iki mau
bubar sholad Isya ing masjid terus mampir mrene,
arep sowan lan ketemu Pak Haris. Ana ta ?”
Ridwan : “Ana. Sajake kok wigati banget arep
ana perlu apa ta?”
Bagas : “Kepengin nyuwun priksa babagan
cangkriman.”
Ridwan : “Cangkriman kuwi rak bedhekan ta.
Gek cangkriman apa Gas”
Bagas : “Bapak pucung
renteng-renteng kaya kalung/ dawa kaya
ula/ pencokanmu wesi miring/ sing
disaba si pocung mung turut kutha. ”
Ridwan : “Wah.... gek apa ya batangane. Lha
kok angel temen. Rumangsaku aku bisa. Yen mung pitik walik saba
meja wae aku ngerti yaiku sulak. Nanging yen kuwi aku ora ngerti.
Yen ngono tak ngaturi bapak wae ya?”
Pak
Haris : “O, ana Nak Bagas ta.”
Bagas : “Inggih Pak, kula sowan. Nyuwun
pangapunten dalu-dalu.”
Pak
Haris : “Ora dadi apa. Iki ngepasi
longgar.Ana apa kok kadingaren mrene?”
Bagas : “Menika Pak. Badhe nyuwun
priksa.”
Pak
Haris : “Nyuwun priksa bab apa?”
Bagas : ” Bab cangkriman. Menika wonten
tugas saking sekolah babagan cangkriman.”
Pak
Haris : “O... Ngono ta, la sing
dikarepane cangkriman apa?”
Bagas : “Menika lho Pak. Cangkriman
ingkang ungelipun: Bapak pucung renteng- renteng kaya kalung/
dawa kaya ula/ pencokanmu wesi miring/ sing disaba si pocung mung turut kutha?”
Pak
Haris : “Yen cangkriman kuwi
tegese sepur.”
Bagas : “O...sepur ta Pak... Cangkriman
menika menapa kemawon?”
Pak
Haris : “Iya, La Cangkriman iku
kaperang ana papat. Nomer siji cangkriman wancahan.
Cangkriman sarana mancah/ nyekak tembung-tembunge. tuladhane Wiwa
wit lesmbadhonge sing batangane wi dawa wite, tales amba godhonge. ”
Bagas : “Tuladha sanes lut maendhut yu
maerong, welut omahe ngendhut, yuyu omahe ngerong.”
Pak
Haris :“Ya....ya bener. Terus ana
cangkriman irib-iriban/ pepindhan. Cangkriman iki batangane
meh padha karo kahanan bedhekane. Tuladhane Pitik walik saba meja.”
Bagas : “Batanganipun sulak?”
Pak
Haris : “Bener. Bacute cangkriman
blenderan. Cangkriman iki ancase mung kanggo mlesedke
karep. Tuladha Aja tuku dhawet ideran lho,sing nyaring santen nganggo
kathok. Manawa sing diwenehi cangkriman ora mudheng karepe mesthi
ora bakal tuku dhawet ideran tenan amarga panampane sing nyaring
nganggo kathok. Kamangka sing dikarepake iku sin nyaring, ateges wonge. La
ya mesthi sing nyaring nganggo kathok...yen ora nganggo kathok la apa wuda....”
Bagas : “O... Inggih Pak. Lajeng
sanesipun menapa?”
Pak
Haris : “Sing pungkasan tuladhane
kaya cangkrimanmu kuwi. Cangkriman iku awujud tembang,
mula diarani cangkriman sinawung ing tembang.”
Bagas : “Wo alaaah... dados mekaten
nggih Pak. Cangkriman menika werni- werni.”
Pak
Haris : “Iyaa....Piye? wis paham
apa durung?”
Bagas :
“Inggih, sampun Pak, sampun mangertos. Matur nuwun sanget Bapak kersa paring piwucal. Samenika kula bandhe nyuwun pamit. Sepisan malih matur nuwun.”