LEMAH TELES....
Wis
nyicil ayem. Gunggunge ana enem atus seket ewu rupiyah. Dhuwit kang dumadi saka
lembaran rong puluhan ewon, puluhan ewon lan sing paling akeh lembaran limang
ewon rupiyah uga ana lembaran rong ewu rupiyah iku kanthi ngati-ati dilebokake dhompet banjur
disimpen ing lemari kayu cedhak dhipan paturone.
“Bismillah....
Muga berkah.” Ngono pandongane. Sarminah rumangsa marem lan seneng amarga
pepenginan arep nukokake sepedha anake wadon bakal kaleksanan, ya senajan
dhuwit sakmono iku mengkone ora bisa entuk barang anyar, ora apa-apa sing baku
bisa oleh sepedha kanggo anake wadon
ontang-antinge iku. Mumpuni anake wadon Sarminah wis sekolah ing SMP. Sekolahane rada adoh
saka omahe, manawa mlaku mesakake bocah, numpak angkudes kok ya krasa
abot, awit sedina kudu nyepakake dhuwit wolung
ewu rupiyah. Patang ewu kanggo mbayar angkudese, patang ewu minangka kanggo
sangune iku wae manawa ana pelajaran olah raga Mumpuni ngaba tambah rong ewu
maneh. Wiwit iku Sarminah duwe angen-angen nukokake sepedha anake supaya anake
numpak sepedha wae manawa sekolah dadi bisa luwih ngirit pametu saben dinane.
Nanging ya kuwi... dhuwit sing kanggo tuku sepedha sing durung ana, mula
Sarminah nyoba nyisihake dhuwit saka anggone buruh srabutan. Sarminah pancen dadi
wong tuwa ijen tumrap anake wadon jalaran Margita ya bapake Mumpuni wis
sawetara wektu katimbalan Gustine. Tilar donya. Wiwitane Sarminah ambruk.
Ambruk kapercayane amarga ditinggal bojo, ya ambruk ekonomine jalaran sasuwene
tembayatan karo Margita ya mung Margita sing golek lan ngasilake dhuwit kanggo
keluwargane kanthi dadi tukang batu.
“
Sing sabar ya Nah...” Panglipure bapak lan emboke Sarminah nalika Margita tilar
donya.
“
Diiklasne ya Nah....ben Margita entuk dalan kang padhang disandhing ing
Gustine...” Iku swarane Partinah ya mbakyune Sarminah.
“
Kowe kelangan bojo, Puni kelangan bapak.. aku kelangan anak, Nah...Kabeh getun,
kaben susah... nanging aja nganti kedlarung-dlarung
anggone nggegetun... elinga Puni... Puni mbutuhake pangrengkuhmu,
mbutuhake katresnanmu... mung kari kowe wong tuwane Puni...Percayaa Gusti mesthi
kagungan kersa sing becik lan endah ing sanjerone kedadeyan iki. Yakina, Nah Gusti
ora bakal tega karo umate.” Iku kandhane bapake Margita ya mara tuwane Sarminah
kanthi swara sing katon ditatag-tatagake. Ya ukara saka mara tuwane iku sing
bisa nglelipur lan ngyakinake Sarminah supaya tetep tabah, sabar, kuwat lan
iklas. Pancen bener, Sarminah ora kena nglokro, ora kena nggresula, ora kena
nutuh kahanan. Kabeh wis tinulis dadi takdire kudu pepisahan karo bojo sing wis
ngancani mecaki dalaning urip kurang luwih limo las taun. Sarminah kaya antuk
daya kanggo nerusake dalaning uripe, amarga ana anake wadon ya si Mumpuni sing
kudu diopeni, ditresnani lan digala-gala supaya dadi bocah kang sholikhah lan
tansah sinandhing ing kabejan. Sarminah uga gumregah... Kanggo nyambung uriepe
lan anake wadon. Dheweke golek gaweyan buruh-buruh ngrewangi tangga teparo sing
kerepotan, pagaweyan apa wae senajan
pagaweyan kasar ora nate nampik, sing baku isih ana dalane Gusti. Lan
nyatane saben dina ana wae sing nggunakake tenagane. Rejeki minangka Opah saka anggone
nyambut gawe digemeni, diati-ati nganggone, mulane sanajan opahe ya mung
sakpawehe sing padha nggunakake tenagane, Sarminah ya isa nyisihake saperangan
dhuwite. Enem atus seket ewu rupiyah. Iku saka anggone nyisihake ing wektu
kurang luwih pitung sasi.
“Alhamdulillah...” Sarminah ngucap syukur
marang Gusti kang akarya jagad. Dhuwit semono bakal kanggo nukokake sepedha
anake wadon. Wingenane wis madik-madik nonton sepedha sakregane pisan ing toko
Sahabat duweke Pak Han. Sing disir sepedha mini bekas nanging barange ya isih
apik lan regane ya murwat lan sing paling baku dhuwit anggone keklumpuk wis
nyukupi kanggo ndhuwiti sepedha kasebut.
“
Lik Nah....Lik Nah....” Sarminah kaget. Ana kang ngundang jenenge. Keprungu
sajak kesusu. Sarminah menyat saka papane ngener saka asale swara. Lawang
dibukak. Ing ngarepe katon Sawaldi anake mbakyune kang sajak gupuh ora sranta.
“
Kosik ta Di...Iki ana apa?” Pitakone Sarminah sajak bingung marang ponakakne.
“
Anu Lik Nah... Kae...kae...” Wangsulane Sawaldi groyok. Sarminah ngleremake ponakane kanthi nuntun diajak lungguh.
“
Bapak tiba neng tritisan, Lik... Iki digawa nyang Rumah Sakit kae mau durung
eling...” Kandhane Sawaldi. Sarminah kaget lan gemeter.
“
Mboke mau ngakon... yen Lik Nah nduwe dhuwit kon nyilihne dhuwit kanggo jagan
nebus obate bapak neng Rumah Sakit.
Sakanane wae. Amarga Mboke lagi ora nduwe dhuwit Lik Nah.” Bacute Sawaldi.
Sarminah durung mangsuli, isih meneng, katon bingung.
“
Yen ora ana ya ora apa-apa kok Lik.”
“
Mengko dhisik Di, Entenana sedhela!” Pakone Sarminah karo ninggalake Sawaldi
sing isih lungguh ing kursi kayu lawas kang prasaja iku. Sarminah mlebu kamar.
Sing diener lemari kayu cedhak paturone. Alon-alon lemari dibukak. Dhompet sing
durung suwe disimpen ing lemari iku dijupuk. Kanthi ngati-ati dibukak ditokake
isine. Isih genep enem atus seket ewu rupiyah. Sarminah ngunjal ambegan landhung.
Ing atine dumadi peperangan kudu ngalahake kepentingan sing endi. Dhuwit iku
anggone lumpuk-lumpuk kanggo nukokake sepedha anake wadon. pitung sasi anggone
nglumpukake. Nanging ing wektu iki mbakyune lagi butuh dhuwit amarga bojone
lara ing rumah sakit. Manawa diwenehake mbakyune ateges wektu iki ora bisa
nukokake sepedha anake, anake kudu numpak angkudes sing saben dina kudu cucul
dhuwit patang ewu rupiyah. Manawa ora diwenehake mbakyune??? jane ya ora
apa-apa, Sawaldi mau kandha nyilih yen Sarminah nduwe dhuwit, bisa wae Sarminah
kandha manawa lagi ora nduwe dhuwit utawa nduwe dhuwit nanging arep kanggo
keperluane dhewe....Sepisan maneh Sarminah ngunjal ambegan landhung. Wewayangan
rong taun kepungkur ngosik pikirane, wewayangan nalika katemben ditinggal
bojone... kaya ngapa rekasane dadi randha, kaya ngapa rekasane dadi wong tuwa
ijen, kaya ngapa rekasane kudu golek lan ngubetake butuh ijen??? Sarminah
menyat saka lungguhe. Niyate wis gilig. Dhuwit simpenen sing didama-dama kanggo
nukokake sepedha anakke bakal diwenenhake mbakyune.
“
Dhuh Gusti...mugi pakdhene Puni Panjenengan paringi saras.” Pandongane
Sarminah. Sarminah agahan marani Sawaldi karo nggegem dhuwit enem atus ewu
rupiyah Nanging Sawaldi ora ana ing panggonane.
“ Gek menyang endi bocah iki?” Grenenge
Sarminah.
“ Di....Di...” Pangundange Sarminah, Sawaldi
ora wangsulan. Sarminah jumangkah menyang njaba mbok menawa Sawaldi ana ing ngarep, nanging ora ana. Ing ngarepan
Sarminah clingukan nggoleki Sawaldi.
“
Di...Di...” Sepisan maneh Sarminah nyeluki jenenge Sawaldi. Tetep ora ana
“
Apa Mak... ana apa? Mak...Mak....” Pangundange Puni.
“
Mak....tangi, Mak...” Sepisan maneh Puni ngundang Make karo nggoyog-hoyog awake
emake. Sarminah melek...ing sisihe Puni lungguh karo isih nyekeli tangane emake.
Sawaldi ora ana ing cedhake.
“
Ngimpi apa ta Mak...kok nganti nglindur nyeluki Mas Di, Mas Di wis mulih.”
“
Sawaldi wis mulih? Dadi mau mrene?” Pitakone Sarminah, Puni mung manthuk
ngiyani.
“
Mas Di mrene ngeteri sepedha diwenehake aku. Jare kon nggo sekolah aku Mak.”
Swarane Puni njlentrehake, Sarminah isih meneng durung pati mudheng.
“
Mas Di nukokake sepedha kanggo aku Mak.” Puni ngyakinake make. Sarminah kami
tenggengen, Kaya ora percaya karo apa sing dumadi. Nanging kabeh pancen dumadi,
nyata ora ngimpi. Bola-bali Sarminah ndremimil ngucap syukur marang ngarsane
Gustine. Mumpuni bisa nduwe sepedha jalaran sih welase Sawaldi ya anake
mbakyune, lan kakang ipene tetep seger waras. Saya wuwuh kapercayan lan yakine
Sarminah marang Sing Maha Kuwasa.