Pages

Friday, February 12, 2021

RPP Teks Cerita Ramayana (Kidang Kencana) Kelas 7 Genap

 

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 3)

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2      

                                 Karanganyar

Kelas/ Semester     : VII/ ( Genap )

Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok         : Teks Cerita Ramayana

Sub Materi      : Teks Cerita Ramayana

                           “Kidang Kencana”

Alokasi Waktu : 4 x 40 (2 pertemuan)

                           * Minggu ke 3 Maret

                           * Minggu ke 4 Maret

           

A.        KOMPETENSI DASAR

3.3. Memahami isi teks cerita  Ramayana  lakon “Kidang Kencana”

4.3. Meringkas teks cerita wayang Ramayana Kidang Kencana

      kejadian                                                                                   

B.        TUJUAN PEMBELAJARAN

            Pertemuan Pertama:

1.         Mengartikan kata-kata yang dianggap  sulit dalam teks Ramayana  lakon “Kidang Kencana”

2.         Menuliskan isi cerita Ramayana  lakon “Kidang Kencana”

3.         Menjawab/ mengajukan pertanyaan   tentang isi bacaan Ramayana  lakon “Kidang Kencana”

4.         Mengidentifikasi jenis-jenis kalimat

Pertemuan Kedua:

1.         Mengidentifikasi unsur intrinsic yang terdapat dilam cerita Ramayana  lakon “Kidang Kencana”

2.         Menuliskan ringksan cerita/ sinopsis Ramayana  lakon “Kidang Kencana”

3.         Menceritakan kembali isi bacaan  secara lisan

 

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

            Pertemuan Pertama

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

ü  Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

 

 

 

Ø   Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø   Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik ditunjukkan contoh teks Ramayana beserta para tokohnya untuk menarik perhatian peserta didik.

Ø   Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø   Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Pengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas dan Penilaian Harian)

ü Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

Ø   Memberikan tayangan power point tentang materi yang berhubungan dengan teks Ramayana lakon “Kidang Kencana” termasuk cara menanggapi, menentukan isi dan nilai-nilai positif (piwulang luhur) serta mengidentifikasi jenis-jenis kalimat yang ada didalam teks

Ø   Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø   Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK serta memantau tentang keaktifan bertanya dan menanggapi lewat aplikasi WA)

Ø   Mengumpulkan hasil tugas LK

ü Penutup (10 menit)

Ø   Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø   Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø   Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø   Informasi kegiatan yang akan datang

Ø   Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

            Pertemuan Kedua

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

ü  Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

 

 

 

Ø   Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø   Apersepsi: Untuk membangun  ingatan siswa, siswa diperlihatkan tayangan sendratari Ramayana.

Ø   Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø   Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Pengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas dan Penilaian Harian)

ü Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

Ø   Memberikan tayangan power point tentang materi yang berhubungan dengan teks Ramayana lakon “Kidang Kencana” termasuk unsur intrinsik yang berada didalamnya.

Ø   Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø   Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK serta memantau tentang keaktifan bertanya dan menanggapi lewat aplikasi WA)

Ø   Mengumpulkan hasil tugas LK

ü Penutup (10 menit)

Ø   Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø   Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø   Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø   Informasi kegiatan yang akan datang

Ø   Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

 

D.        PENILAIAN

1.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan siswa dalam bertanya dan

   menanggapi  kegiatan pembelajaran lewat

   grop Wa dan  kesantunan bahasa yang     

   digunakan

2.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi  

                                            google form

3.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

.

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

 

 

           

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN-LAMPIRAN

Lampiran 1

Pertemuan Pertama:

1.             Materi Teks Cerita Ramayana


 

KIDANG KENCANA

Sawijining kewan alas memper wedhus, nanging ulese kulite mrusuh kuning nemu giring arane kidang kencana. Aja dumeh kidang, nanging beda karo kidang liyane. Dheweke duwe prabawa kang gedhe, nganti gawe kepencute sapa kang wuninga. Mungguh sapa sejatine kang memba-memba dadi kidang iki, ora liya abdi kinasihnegara Ngalengka, yaiku Ditya Kala Marica. Kapinujon tinimbalan dening sang Prabu Rahwana, mungguh prelune wis suwe anggone saguh bakal methukake karo salah sijine pawongan titise Widowati.Kapiyarsa pangandikane Prabu Dasamuka, “He, Marica, sira iku mung janji-janji thok ora ana kasunyatane. Seprana-seprene tinemune mung wuwus, buktine ora ana. Mangka sing dakimpi ora ana liya wanodya ing salumahing bantala iki ingkang dadi memaniking atiku kejaba titisan Widowati. Aku wis jeleh, aku wis bosen nyawang kowe, aku wis ora nggugu rembugan kang elok-elok nanging jebul amung lamis. Supaya ora nyepet-nyepeti mripatku, aluwung dina iki kelakon dakuntapake nyawamu neng Yomani”.

Mak brebet age-age Kala Marica ngrungkebi pangkone Prabu Dasamuka sarwi ngrerepa, “Adhuh Gusti sesembahan kula inggih pepundhen kula ingkang mahambeg welas asih mring dasih. Mugi kacandheta saking sawetawis, dereng kemawon kula munjuk atur pawongan ingkang dados titising Widowati,”

Lagi tekan kene ucape, bramantyane Prabu Dasamuka sirna. “Lhaa, ha ha ha,  yo ngono. Saiki mula enggal prasajaa, pawongan kuwi jenenge sapa lan wis duwe bojo apa durung, panggonane ngendi Marica. Aja mung sing legan, nadyan wis duwea bojo pisan aku saguh megatake.”

“Inggih sareh rumiyin. Panggenanipun wonten ing wana Dhandaka, piyambakipun sampun gadhah garwa naminipun Sri Rama, dene naminipun Dewi Sinta. Wonten ing wana ngriku kadherekaken kadangipun taruna nami Raden Lesmana, rupanipun sadaya tanpa cacad. Ingkang sepuh, ingkang enom punapa dene Dewi Sinta, sampun prasasat widadari ngejawentah.”

Bungah sang Dasamuka, “Lha yen ngono prayoga didhusta wae, sepira banggane wong wadon, krubyuk kabotan pinjung.”

Nanging Kala Marica menggak, prayoga dicedhaki dhisik, yen wis ketemu gampang mengko ana cara kang prayoga amrih bisane kena. Ora gantalan wektu wong loro padha menyang alas Dhandhaka panggonane para satriya kang padha cangkrama. Sri Rama lan Dewi Sinta apa dene Raden Lesmana padha keslimur ndeleng sesawangan alas kang endah, mula saben dina nutug anggone lelangen ana ing alas.

Kacarita lakune Prabu Dasamuka lan Kala Marica wis tekan kono, nuli padha gawe cara. Si Marica milih dadi kidang kencana, dene Prabu Dasamuka dadi wong tuwa pikun. Sawise andum gawe, si kidang nuli wiwit ngreridhu sang Dewi, kidange ethok-ethok lulut, nanging bareng diparani nuli lumayu, mangkono sateruse, nganti gawe kagole penggalihe Dewi Sinta. Nuli ngrerepa marang Sri Rama supaya bisa nyekelake si kidang mau. Ing sekawit Sri Rama mopo, nanging suwe-suwe banjur gelem. Kocapa,  lakune si kidang ora pati adoh, mung tansah cecakekatan wae, nanging mripat kang mencereng tansah maspadakake mungsuhe. Bareng Sri Rama rumangsa diece karo si kidang, gregeten banjur nglepasakejemparing, dienerake marang si kidang, nanging si kidang weruh saklebatan nuli nggeblas nglungani. Sajroning ilang saka pandulu, si kidang gawe swara kang melas asih nganti bisa gawe trenyuh penggalihe  Dewi Sinta. Mangkono swara mau dibolan baleni nganti kawelasaning panggalihe Dewi Sinta tumuju marang Raden Lesmana. “Mangkata adhiku bocah bagus Lesmana, jeneng sira apa ora midhanget swara kang melas asih kae, kae swarane ingkang raka Sri Rama kang njaluk tulung. Mula yayi sira enggal lumakua. Mesakke banget, mung bot-bote nututi lakune si kidang wae direwangi lara lapa kaya ngana kae.”

Ature Lesmana, “Kawula nuwun kakangmbok, punika sanes swantenipun kakangmas Sri Rama, nanging swantenipun jubriksa ingkang memba-memba swantenipun kangmas Sri Rama.”

Nanging sang Dewi ngarani yen kuwi swarane ingkang raka Sri Rama, ora ngerti yen sejatine dudu. Jalaran Raden Lesmana wus darbe rasa jatimulya ingkang ora kadarbe dening sapa wae. Banjur thukul panggalih kang ora becik, kinira yen Raden Lesmana darbe karep ora prayoga marang dheweke.

            Luput pandakwane Dewi Sinta, mula nuli bramantya, Raden Lesmana banjur matur marang Dewi Sinta, “Kakangmbok sampun ngucapake pangandika bilih kula kadakwa mboten sae, sedaya wau boten leres. Menawi mekaten kersanipun kakangmbok kula ngestokaken nanging pesen kula kakangmbok sampun ngantos medal saking garis ingkang kula damel menika. Menawi panjenengan ngantos medal saking garis, badhe nemahi bilahi”, nggone ngendika mangkono karo mlaku ninggalake papan panggonane Dewi Sinta. (http://bagas04.blogspot.com/2014/07/kidang-kencana.html)

 

2.             Jinise Ukara

a.   Ukara Carita/ andharan  (Kalimat Berita)
      Yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong
  liya supaya wong liya ngerti.
      Titikane:         - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca titik /. /


b.   Ukara Pakon (Kalimat Perintah)
      Yaiku ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake bab    utawa   pakaryan kaya kang dikarepake sing kongkon.
      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /!/

                              - Ana kang nggunakake tembung-tembung kang oleh                                                 panambang  -en, -a, -ana, -na

 

c.   Ukara Pamenging (kalimat larangan)

      yaiku ukara kang isini menging marang wong liya supaya ora nindakake    pakaryan kang dikarepake
      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /!/

                              - Nggunakake tembung-tembung ; aja, ora kena.

 

d.   Ukara Pangajak (kalimat ajakan)

      yaiku ukara kang isini ngajak marang wong liya supaya bebarengan           nindakake pakaryan kang dikarepake
      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /!/

                              - Nggunakake tembung-tembung ; ayo, mangga, sumangga

 

e.   Ukara Pitakon (kalimat tanya)
      Yaiku ukara kang isine awujud pitakon marang wong liya supaya wong liya
 

      menehi  ngerti/ mangsuli.
      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /?/

- Nggunakake tembung-tembung pitakon; apa, sapa, kapan,   

  ing ngendi, kepriye, pira, lsp

               

Pertemuan Kedua

1.             Unsur Intrinsik Crita

            a.         Tema Yaiku sing dadi underane prakara crita.

                        Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan,  

                         katresnan, lsp.

            b.         ParagaYaiku pelaku kang mbangun cerita.

                        Paraga kaperang dadi loro:

                        - Paraga pokok (tokoh utama)

                        -  Paragakang sipate mbyantu (tokoh pembantu).

            c.         WatakYaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp)  lan

                        tandha-            tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh,

                        grapyak, pinter,  lsp).

            d.         Setting Yaiku papan , wektu lan swasana kadadeane crita.

                        - Papan: pasar, sawah, dalan, kantor.

                        - Wektu: esuk, awan, sore, bengi

                        - Swasana: susah, bungah, nrenyuhake, sumelang, lsp

            e.         Sudut pandang / point of view Yaiku ing ngendi pengarang

                        mapanake dheweke  ing cerita.

                        Sudut pandhang iku kaperang ana 2:

                        - Pengarang ing sanjeroning crita ( ana paraga aku)

                        - Pengarang ing sanjabaning crita (nggunakake jeneng wong/ ora

                           nggunakake paraga aku

            f.          Amanat Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang   marang

                        wong kang maca crita.

                        Amanat bisa asifat pakon lan bisa uga menggak/ menging

            g.         Alur/plot Yaiku lakune cerita saka wiwitan nganti pungkasane crita.

                        Alur bisa kabedakake:

                        - Alur maju

                        - Alur mundur

- Alur campuran

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN 2

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

============================================================

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAMAYANA)

KELAS VII SEMESTER GENAP

ASPEK PENGETAHUAN

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

NO

 

SOAL

WANGSULAN

SCORE

ASILING BIJI

 

1

 

Sapa sejatine sing memba dadi Kidang Kencana ing crita Ramayana iku?

 

 

2-5

 

 

 

      

2

Tembung

Tegese Tembung

1. ngreridhu

 

2. wuninga

 

3. krubyuk kabotan pinjung

 

4. ngrerepa

 

5. kapiyarsa

 

5-10

 

3

 

Kepriye isining piwulang/ amanat kang ana ing crita Kidang Kencana?

 

2-8

 

4

 

Kepriye pesene Lesmana marang Dewi Sunta sadurunge nututi Ramawijaya?

 

 

2-5

 

5


Asmane :                                                Asmane :                            Asmane :

 

Watake  :                                                Watake  :                            Watake  :

 

 

2-12

Saya mengerjakan soal dengan sungguh-sungguh dan jujur

Tanpa memberi dan meminta bantuan jawaban dari teman,

tanpa menjiplak/ mencontek dari berbagai sumber

 

Tanda tangan

Nilai:

Score Perolehan : 4 x 10

 

LAMPIRAN 3

 

 


PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

============================================================

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAMAYANA)

KELAS VII SEMESTER GENAP ASPEK KETERAMPILAN

 

 

A.        Tulisen ringkesan crita Ramayana nganggo basa krama!

B.        Critakna ringkesan crita Ramayana kanthi lesan!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPARAN 4

 

 


PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

============================================================

SOAL ULANGAN REMIDI BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAMAYANA)

KELAS VII SEMESTER GENAP

 

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

NO

 

SOAL

WANGSULAN

SCORE

ASILING BIJI

 

 

1

 

Sapa sejatine sing memba dadi Kidang Kencana ing crita Ramayana iku?

 

2-5

 

 

 

      

 

2

Tembung

Tegese Tembung

1. ngreridhu

 

2. wuninga

 

3. krubyuk kabotan pinjung

 

4. ngrerepa

 

5. kapiyarsa

 

5-10

 

 

3

 

Kepriye isining piwulang/ amanat kang ana ing crita Kidang Kencana?

 

2-8

 

 

4

 

Kepriye pesene Lesmana marang Dewi Sunta sadurunge nututi Ramawijaya?

 

 

2-5

 

 

5

Sapa wae paraga ing crita Kidang Kencana lan kepriye watake (sebutna 3 wae)

 

 

 

 

 

 

 

2-12

 

Saya mengerjakan soal dengan sungguh-sungguh dan jujur

Tanpa memberi dan meminta bantuan jawaban dari teman,

tanpa menjiplak/ mencontek dari berbagai sumber

Tanda tangan

Nilai:

Score Perolehan : 4 x 10

 

LAMPIRAN 5

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

============================================================

SOAL PENGAYAAN BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAMAYANA)

KELAS VII SEMESTER GENAP

 

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

1.         Tulisen unsur intrinsik kang ana ing crita Ramayana lakon Kidang Kencana kanthi            nggunakake basa krama!

 

            kanggo ancer-ancer anggonmu nggarap:

            - Tema

            - Paraga lan Watake

            - Setting

            - Amanat

            - Alur

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran: 6

Penilaian perkembangan sikap Spiritual dan Sosial dalam bentuk jurnal

 

JURNAL PERKEMBANGAN SIKAP SPIRITUAL DAN SOSIAL

Nama Sekolah               : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/Semester             : VII / Semester Genap

Tahun Pelajaran            : 2020/2021

 

No

Hari/Tgl

Nama

Kelas/No

Catatan Perilaku

Butir Sikap

Sikap

1

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

 

No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...