Pages

Saturday, February 27, 2021

Sesorah (Pidhato) Perpisahan Sekolah (Bu Sulis Guru Basa Jawa)

 

A. Tegese sesorah/ pidhato

Sesorah /Pidhato/ utawa tanggap wacana yaiku ngandharake/ njlentrehake/ nglairake  gagasan/ panemu kanthi cara lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.


B. Bab sing kudu digatekake manawa arep pidhato
    1.    Swara.
            * Lancar. Sesorah/ pidhato kudu nduweni swara kang lancar, ora groyok, ora cedhal.
            * Wiramane trep. Sing dikarepake wirama trep yaiku nalika pidhato swarane ora seru banget                    nanging ya ora lirih banget. Ora cepet banget nanging uga ora rindhik banget. Dadi kudu                        njumbuhake karo swasana lan isine sesorah.
            * Kung. Kud nduwe swara kang manteb, ora kemeng
    2.    Solah Bawa/ Patrap
            * Ngadeg jejeg
            * Tangan ngapurancang
            * Obahing badab prasaja
    3.    Panyawang/ Polatan
            * Ora jelalatan,
            * Ora mung maspadakake sajurus
            * Polatang sumeh   

C.    Perangane Sesorah/ Pidhato 
        1. Salam Pambuka
            Dijumbuhake karo kapitayan/ kapercayan lan karo kahanan kang lumaku.
        2. Pambuka/ Purwaka
            * Atur puji syukur marang Pangerang/ Gusti Kang Maha Kuwasa
            * Atur panuwun marang sing padha rawuh
            * Atur panuwun marang paniti laksana/ panitia (manawa ana)
        3. Surasa/ Isi
            Ngandharake/ njlentrehake underane bab isine sesorah/pidhato
        4. Dudutan
            Isine dudutan (kesimpulan) utawa inti sarine  andharan kang disesorahake
        5. Pangarep-arep
            Isine pangajap (harapan) saka sing nindakake sesorah marang sing mirengake sesorah.
        6. Wasana/ Panutup
            Panyuwunan pangapura tumrap kaluputan nalika nindakake sesorah/ pidhato.
        7. Salam Panutup

D.    Tuladha Sesorah/Pidhato Pepisahan ing Sekolah
        

Assalamu’alaikum, Wr.Wb.

Karahayon, katentreman muga tansah tumanduk dhumateng kula lan panjenengan.

Bapak, Ibu Guru ingkang kinabekten.

Para tamu sinedhahan ingkang kinurmatan

Lan Para kanca ing SMP......

Sumangga tansah ngaturaken raos syukur mugi konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit ing titi wanci menika kula lan panjenengan taksih pinaringan  rahmat lan hidayahipun. Satemah saged makempal wonten ing papan ngriki kanthi suka bagya nir ing sambekala ing tatacara pepisahan kelas sanga (9) SMP.

Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng Bapak Ibu guru, para tamu sinedhahan ingkang sampun kepareng ngrawuhi tata cara menika, lan para kanca kula sedaya.

Mboten kesupen, kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng para paniti laksana ingkang sampun angrantam lan nindakaken jejibahan satemah tata cara pepisahan menika saged lumampah kanthi sae.

Bapak, Ibu lan Para tamu sinedhahan ingkang  tansah bagya mulya. sarta para kanca sedaya.

Kula minangka wakil saking para siswa kelas 9 kepareng matur:

Sepisan. Ngaturaken panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun kepareng nggulawenthah dhumateng para siswa satemah saged kasil lulus sedaya.

Kaping kalih, kula sakanca badhe nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu mugi-mugi kula sakanca mangke saged nglajengaken sinau wonten ing pawiyatan ingkang sae, ingkang jumbuh kaliyan gegayuhan kula sakanca.

Kaping tiga, kula nglenggana, sadangunipun ngangsu kawruh ing sekolah ngriki kathah kalepatan lan tindak-tanduk ingkang andadosaken mboten renaning penggalih. Kanthi asoring manah kula sakanca nyuwun pangaksami.

Kaping sekawan, Tmrap adhik-adhik kelas VII lan VIII, kula ngajap supados tetep sengkud anggenipun sinau satemah mangke saged dados siswa ingkang pantes tinulad siswa sanesipun.

Ing wasana cekap semanten atur kula, kathah atur ingkang kirang prayogi kula ingkang amakili kanca-kanca kelas 9 nyuwun pangapunten.

Matur nuwun

Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.



No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...