Pages

Friday, February 12, 2021

Naskan Siaran Bahasa Jawa ( Pengalaman Pribadi )Kelas 7 Gasal

 

 

NASKAH  SIARAN

“KARANGANYAR BELAJAR”

RADIO SWIBA KARANGANYAR

SELASA, 24 NOVEMBER 2020

 

Mata Pelajara  : Bahasa Jawa

Materi             : Pengalaman Pribadi

Ø Mengidentifikasi Pengalaman pribadi

Ø Menceritakan pengalaman yang didengarkan

Ø Menulis pengalaman pribadi

Kelas/ Semt.    : VII/ Gasal

Nama Guru     : Dra. Sulistyowati

NIP.                 : 19670408  200701 2 016

Unit Kerja       : SMP Negeri 2 Karanganyar

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Dene tujuan pasinaon iki mengko yaiku:

1.      Bisa mangerteni peprincene pengalaman pribadi (mengidentifikasi pengalaman pribadi)

2.      Bisa nyritakake pengalaman pribadine wong liya sing wis dirungokake

3.      Bisa nulis pengalaman pribadine dhewe.

 

Pengalaman  Pribadi iku sumbere bisa      :           - Saka awake dhewe

                                                                                    - Saka wong liya

Jenis Pengalaman Pribadi:

§     Pengalaman kang nyenengake

§     Pengalaman kang ngisin-isinake

§     Pengalaman kang mangkelake

§     Pengalaman kang nrenyuhake

§     Pengalaman kang lucu

§     Lsp

 

Iki mau peprincene pengalaman pribadi.

 

perangane pengalaman pribadi dumadi saka:

(AKSI Ke Ke): Apa, Kapan, Sapa, Ing ngendi, kenangapa/ geneya lan kepriye.

Apa                 : Apa pengalamane

Kapan              : Kapan kedadeyane

Sapa                : Sapa sing ngalami (Paraga-paraga sing ana ing teks pengalaman)

Ing ngendi       : Ing ngendi dumadine kedadeyan ing pengalaman

Kenengapa      : Sebab kedadeyane pengalaman

Kepriye           : Lumakune crita pengalaman (Urut-urutabe crita pengalaman)

 

Tuladha Pengalaman Pribadi

Dikira Teh, Jebul …

            Esuk umun-umun aku wis tangi amarga sawengi anggonku turu ora bisa pules. Embuh apa sebabe, klisak-klisik wae ing mangka ora akeh nyamuke. Embuh kagawa rasa seneng amarga bocah ndesa arep dijak out bond gurune atine mesthine seneng banget. Sawengi ngeling-eling kok ora padhang-padhang kesusu arep lunga out bond bareng karo kanca-kancane.

            Dina Minggu, bocah klas 7 A lan B out bond menyang Museum Ronggawarsita Semarang saprelu nonton wayang lan gamelan,  Palagan Ambarawa lan Museum Kereta.  Kabeh persiapan wis dakgawa. Bekal saka ibuku ora lali. Aku digawani tela godhog pohung lan ngombe sabotol gedhe. Kabeh dakgawe nggendhiyot ngetoki yen aku bocah ndesa banget. Maklum wae, bocah ndesa ora tau lunga adoh, lunga sepisan sangu pangan saka ngomah wedi yen ngelih. Sangu mung sepuluh ewu. Iku wae wis dipeseni supaya ora dientekake. Aku manut wae. Sadina sadurunge  klambiku wis daklempiti lan daklebokake tas. Kaya-kaya arep pindhahan wae. Kabeh sedulurku dakpamiti. Saka adhiku, kakangku, bapak ibuku, pak lik bu lik, pak dhe budhe lan tangga-tanggaku. Kabeh ora ana sing keri. Nanging cuwane, wong-wong sing dakpamiti mau babar pisan ora ana sing nyangoni dhuwit. Ing mangka batinku ngarep-arep, anggonku pamitan mau, mbok manawa ana rejeki nomplok alias nyangoni aku. Kabeh sing dakpamiti bisa seragam nyangoni slamet. Kabeh wanti-wanti supaya aku ngati-ati.

Pikiranku pancen ngeres, jan-jane sangu keslametan iku luwih utama tinimbang sangu dhuwit. Nanging embuh kuwi, aku ya gumun karo awakku dhewe, wektu iku sing dakpikir kok mung dhuwit wae alias matre. Dhuwit iki jan-jane ya penting, nanging isih penting keslametan.

            Kaya ngapa atiku senenge sawise bis sing daktunggu-tunggu teka, bis zentrum arane. Atiku gumun, bis kok apik banget, mewah ngono jarene. Dhasar bocah ndesa. Numpak bis mewah kaya ngene atiku seneng banget. Kahanan kaya mangkene jebul ora aku dhewe sing ngalami. Kancaku saklas uga padha aku. Kancaku padha crita yen sawengi ora bisa turu, pengin cepet-cepet padhang enggal bisa lunga bebarengan oleh snack lan bisa mangan bareng kang sarwa enak.

            Kabeh bocah klas 7A lan B wis mlebu bis jumbuh karo dhaptar lungguh sing diparingke guru. Sawise kabeh siswa lan guru pendamping mlebu bis, bis zentrum mlaku alon-alon amarga dalane rame. Watara oleh telung kilo anggone bis. zentrum mlaku, bocah-bocah wis padha pucet rupane karo nyekeli wetenge dhewe-            dhewe pratandha mabuk lan arep muntah, kalebu aku. Sirahku mumet banget lan wetengku kruwel-kruwel. Ora let suwe saka lungguhan sisih mburi kaprungu swara “hok-hok hok hok hok hok”pratandha para siswa sing maune padha seneng sanalika cep klakep ora ana swarane. Bocah-bocah padha mabuk. Mung bocah pira ngono kang ora mabuk amarga dheweke wis kulina lunga adoh dijak wong tuwane.                          

Nanging racake bocah klas 7 A lan B padha mutah-mutah alias mabuk ing             mangka nalika arep mangkat wis diparingi antimo karo bu guru. Mbok manawa kagawa rasa seneng, bocah-bocah lali ora ngombe antimo. Bareng wis padha mabuk, antimone lagi diombe dening bocah-bocah.

            Sawise bocah-bocah ngombe antimo ora let suwe, bocah sing maune mabuk padha njenggelek lan katon seger maneh. Sinambi ngrungokake musik saka bis, bocah-bocah padha mangan snack lan bekal sing wis digawa dhewe-dhewe.

Perjalanan udakara wis sajam, sedhela maneh tekan Museum Ronggawarsita. Ing kene para siswa bisa nonton jinise  wayang lan gamelan. Aku sakanca nuli medhun saka bis lan mlebu ing museum. Ing kene bisa ndeloki jinise wayang kang maneka werna. Kabeh iku daktulis saprelu kanggo laporan. Ana uga gamelan Jawa ganep. Wis apik tenan pokoke. Marem atiku ing Museum Ronggawarsita kene.

Sawise sawetara ing museum kene, aku sakanca mlebu ing bis maneh saprelu nerusake perjalanan menyang Palagan Ambarawa. Saka Semarang watara jam sanga seprapat.

            Bis zentrum sing daktumpaki wis mlaku mangidul arahe ngliwati dalan tol Manyaran. Kurang luwih sajam setengah bis zentrum wis tekan Ambarawa. Tenan, sisih tengen dalan Palagan Ambarawa kaya gambar sing neng buku IPS kae. Aku lan kancaku atine seneng amarga wis tekan ing papan panggonan kang wis dakantu-antu wiwit dhek wingi.

            Awan iku hawane ing Palagan Ambarawa panas banget, mula banyu ngombe sing dakgawa durung cukup ngadhemke gorokanku sing wiwit mau krasa garing. Aku lan kancaku nuju warung kang dodol werna-werna. Ana gorengan, jajanan, sega, teh, es teh, juice, lan liya-liyane. Bocah-bocah padha dhisik-dhisikan anggone arep ngombe teh  lan es teh saka warung mau. Gorokanku krasa garing banget. Kancaku wis didoli es teh nanging aku durung. Nuju giliranku digawekake teh, ndilalah dhuwitku keri ing tas ing njero bis. Aku njupuk dhuwit mau lan pesen karo sing dodol supaya  tehku dideleh  meja. Ora let suwe aku wis tekan ing warung mau. Amarga saking ngelake, aku banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batinku iki mesthi teh sing dakpesen. Ora nganggo basa-basi gelas iku mau dakcekel banjur dakombe. Mak jabrus rasane dudu teh, nanging ora enak babar pisan. Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas mau dudu teh, nanging lenga jlantah/lenga  bekas kanggo nggoreng. Kanca-kancaku padha ngguyu kepingkel-pingkel ngingeti tingkah polahku kang ngombe lenga jlantah. Sing dodol mung kamitenggengen kaya-kaya ora percaya ndeloki adegan iki.

            Ora let suwe aku lan kancaku mlebu maneh ing area Palagan Ambarawa. Aku sakanca mlebu ing museum, numpak kereta, numpak pesawat jaman Landa, lan dolanan liyane. Kabeh samubarang ing museum palagan dakcathet. Malah ana uga bocah-bocah kang foto bareng. Aku uga katut foto ing museum lan ing ngisor tugu Palagan Ambarawa. Sawise sawetara, bocah-bocah munggah bis saprelu nerusake marang museum kereta kang mapan ora adoh saka Palagan Ambarawa.

            Sawise tekan museum kereta bocah-bocah padha mudhun saka bis nuju museum mau. Ing kene bocah-bocah padha ndeloki kereta wiwit jaman Landa nganti jaman merdheka. Wiwit kereta sing paling kuna nganti kereta sing rada modern. Kabeh dakdeloki siji-siji nganti tuntas karo dakcathet jenenge kereta mau. Watara jam loro awan, bocah-bocah padha ngibadah Dzuhur-Ashar dijamak lan  mangan awan bebarengan.

            Kurang luwih jam telu bocah-bocah mlebu bis saprelu nerusake perjalanan bali menyang sekolahan. Sajroning bis, bocah-bocah gayeng nyritakake pengalamane dhewe-dhewe nganti ora krasa yen bis wis meh tekan sekolahan.  Watara jam nem sore bis zentrum wis tekan sekolahku kanthi slamet.  Atiku lan atine bocah-bocah liyane padha seneng. Wong tuwaku lan wong tuwane  kanca-kanca wis padha nunggu. (Buku: Marsudi Basa lan Sastra Jawa)

Saka pengalaman pribadi kasebut bisa dicritakake maneh kanthi ngecakake perangan-perangan kang ana yaiku:

1.      Apa pengalamane      : Lagi nindakake out bond nalika jajan kleru ngombe jlantah sing dikira es teh

2.      Kapan kedadeyane   : Dina Minggu wnci awan

3.      Sapa sing ngalami (Paraga-paraga sing ana ing teks pengalaman) : Aku lan kanca kancane

4.      Ing ngendi dumadine kedadeyan ing pengalaman ; Ing warung ing Palagan Ambarawa

5.      Sebab kedadeyane pengalaman:

Paraga aku krasa ngelak, banjur pesen/jajan es teh, nanging dhuwite keri ing bis, nalika bali langsung ngombe sing dikira es teh ing gelas sacedhake sing dodol, Jebule iku dudu es teh, nanging lenga jlantah.

6.      Lumakune crita pengalaman (Urut-urutabe crita pengalaman)

a.       Dina Minggu, Paraga aku lan bocah klas 7 A lan B out bond menyang Museum Ronggawarsita Semarang,  Palagan Ambarawa lan Museum Kereta. 

b.      Paraga Aku digawani tela godhog pohung lan ngombe sabotol gedhe. Sangu mung sepuluh ewu.

c.       Paraga Aku anggone out bond numpak bis Zentrum lan rumangsa seneng banget amarga ora nate numpak bis sing dianggep mewah

d.      Anggone lungguh jumbuh karo dhaftar sing wis digawe

e.       Watara oleh telung kilo anggone bis zentrum mlaku, bocah-bocah akeh sing mabuk kalebu paraga Aku. Amarga lali ora padha ngombe antimo. Sawise antimone diombe bisa seger maneh

f.        Ing Museum Ronggawarsita. Paraga Aku   nonton jinise  wayang lan gamelan. Kabeh ditulis saprelu kanggo laporan.

g.      Bis mlaku maneh saprelu nerusake perjalanan menyang Palagan Ambarawa. sing mbutuhake wektu udakara sajam. Ing Palagan Ambarawa panas banget, Paraga aku krasa ngelak, mula banjur nuju warung kang dodol werna-werna.Paraga Aku pesen es teh,  ndilalah dhuwite keri ing tas ing njero bis. Paraga Aku njupuk dhuwit mau lan pesen karo sing dodol supaya  tehe dideleh  meja. Ora let suwe Paraga aku wis tekan ing warung mau. Amarga saking ngelake, banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batine iki mesthi teh sing wis dipesen. Gelas dicekel banjur diombe. rasane ora enak babar pisan, jebule ing gelas mau dudu teh, nanging lenga jlantah/lenga  bekas kanggo nggoreng.

h.      Ing area Palagan Ambarawa. Paraga Aku sakanca mlebu ing museum, numpak kereta, numpak pesawat jaman Landa, lan dolanan liyane. Kabeh samubarang ing museum palagan dicathet. Banjur foto bareng ing museum lan ing ngisor tugu Palagan Ambarawa.

i.        Tujuan sabanjure museum Kereta. Kegiatane padha ndeloki kereta wiwit jaman Landa nganti jaman merdheka. Wiwit kereta sing paling kuna nganti kereta sing rada modern. Kabeh jenenge kreta dicathet.

j.        Jam telu sore nerusake perlajanan bali mulih

k.      Watara jam nem sore bis zentrum wis tekan sekolah kanthi slamet

Nah iku mau tuladha nyritakake pengalaman pribadine kancamu sing wis dicritake kanthi reringkesan jumbuh karo perangan-perangan kang ana yaiku AKSI Ke Ke mau.

Lha .... saiki manawa arep nulis pengalaman pribadi  iku kepriye?

Manawa arep nulis pengalaman pribadi iku bisa kanthi cara mangkene:

1.      Nemtoakake pengalaman pribadi apa sing arep ditulis

2.      Sapa wae sing ana ing pengalaman pribadi kasebut

3.      Kapan kedadeyane

4.      Ing ngendi kedadeyane

5.      Kenaapa bisa ana kedadeyan/ apa sebabe bisa ana kedadeyan kasebut

6.      Tulisen lumakune utawa urut=urutane kedadeyan.

 

Pancen....Saben wong mesthi duwe pengalaman sing maneka warna, Ana pengalaman sing nyenengake, nyusahake, sing lucu utawa ngguyokake, nrenyuhake ana maneh sing nganyelake. Pengalaman – pengalaman utawa kedadeyan sing wis kelakon mesthine ana sing nganti nabet ing ati satemah ora gampang bisa dilalekake, isih tansah kelingan terus. Pengalaman kang endah nyenengake biasane tansah tumanem ing sajerone ati lan ora bakal gampang dilalekake. Nanging kosok baline,  Pengalaman kang nganyelake, ngisin-isinake, susah. Iku biasane sabisa bisa disimpen rapet ora kepingin dieling-eling maneh.  

Nulis pengalaman pribadi satemene padha karo nulis jinis karangan liyane. Malah kepara luwih gampang, jalaran apa sing arep ditulis wis tau dialami.

 

No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...