Pages

Friday, February 12, 2021

RPP Cerita Ramayana Peksi Jathayu Kelas 8 Genap

 

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 1)

 

Satuan Pendidikan      : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/ Semester          : VIII/ ( Genap )

Mata Pelajaran            : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok              : Teks Cerita Wayang Ramayana   

Sub Materi                 : Teks cerita cerita wayang  Ramayana Resi/Peksi Jathayu

Alokasi Waktu            : 4 x 40 (2 pertemuan)

                                      * Minggu ke 1 Januari

                                      * Minggu ke 2 Januari  

                                   

A.        KOMPETENSI DASAR

3.1. Memahami isi teks cerita  Ramayana  lakon “Peksi Jatayu

4.1. Menanggapi isi teks  cerita Ramayana (Resi/ Resi Jatayu)

 

B.        KOMPETENSI DASAR

            Pertemuan Pertama

1.         Mengartikan kata-kata yang dianggap  sulit dalam bacaan cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu

2.         Mengidentifikasi tembung entar

3.         Mengidentifikasi purwakanthi

4.         Menjawab pertanyaan bacaan cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu dalam ragam krama.

 

            Pertemuan Kedua

1.      Menulis isi cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu

2.      Mengidentifikasi unsur-unsur intrinsik cerita wayang Ramayana lakon Resi Jatayu

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

            Pertemuan Pertama

 

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik ditunjukkan para tokoh cerita Ramayana untuk menarik perhatian peserta didik

Ø  Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas)

 

Ø  Memberikan tayangan power point tentang materi teks crita wayang Ramayana Resi Jathayu

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan hasil tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

            Pertemuan Pertama

 

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak bertanyajwab tentang cerita Ramayana Resi Jathayu

Ø  Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas)

 

Ø  Memberikan tayangan power point tentang materi teks crita wayang Ramayana Resi Jathayu

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan hasil tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

D.        PENILAIAN

1.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan siswa dalam bertanya dan menanggapi

   kegiatan pembelajaran lewat grop Wa dan 

   kesantunan bahasa yang digunakan

2.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google

   form

3.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

.

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

 

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

            NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 19670408 200701 2 016

 

 

LAMPIRAN - LAMPIRAN

Pertemuan Pertama

Lampiran 1.

Materi Pembelajaran

 

            Para siswa mesthi wis padha tau nonton wayang. Wayang iku crita babone kajupuk saka buku Mahabharata lan Ramayana.

            Ramayana  dumadi saka tembung Rama lan Ayana (saka bahasa Sanskerta kang tegese "Lelakone Rama"). Crita iki mujudake crita heroic utawa asifat pahlawan kang kabesut dening Resi Walmiki.

            Crita Ramayana diperang dadi 7 kandha (perangan kang ana ing crita Ramayana).  Ing ngisor iki katulis perangansiji nganti telu dhisik.

 

Urutan

Arane

Wosing Crita

Kandha 1

Balakandha

Balakandha iku wiwitane carita Ramayana. Nyritakake Prabu Dasarata kang nduwe garwa cacahe telu, yaiku: Kosalya, Kekayi, lan Sumitra. PrabuDasarata nduwèni putra papat, yaiku: Rama, Bharata, Laksmana lan Satrugna. Balakandha uga nyritakake Sang Rama menang sayembara lan kaparingan garwa Sinta, putra putrie Prabu Janaka.

Kandha 2

Ayodyakandha

Ayodhyakandha iku wosecarita diguwake Rama ing alas kanthi didherekake dening Dewi Sinta lan Laksmana amarga saka panjaluke Dewi Kekayi. Sabubare iku, Prabu Dasarata wis sepuh lan séda. Bharata ora kersa didadekake Raja banjur dheweke nusul Rama ngaturi supaya Rama kersa bali menyang kraton, nanging Rama ora kersa. Pungkasane Bharata sing dadi nata ing kraton makili Rama.

Kandha 3

Aranyakandha

Nyritakake lelakone Rama, Sinta, lan Laksmana kang manggon ana ing satengahing alas. Ing satengahing alas kasebut, Rama asring paring pitulungan marang para pratapa sing nalika tapa diganggu karo para raseksa. Aranyakandha uga nyritakake babagan Sinta sing didhusthadening Rahwana banjur ditulungi dening Rajaning peksi kang aran Jatayu sing sabanjure dumadi peperangan antarane  Rahwana karo Jatayu.

 

 

 

 

 

 







LELABETANIPUN  JATAYU

 

     

 

Rajaning peksi punika namanipun Jatayu.  Piyambakipun dados mitra kenthelipun Raja Dasarata. Pramila, sareng sumerep anakipun mitrannipun dipuncidra dening Rahwana, Jathayu enggal tumandang mitulungi. Kreta kencana dipuntrajang kemawon, Sita dipunrebat. Nanging Rahwana nggegegi, boten nguwalaken. Dedreg udreg-udregan, silih  ungkih, rebatan Sita wonten ing gegana. Eman dene Jatayu kalindhih, asor yudane dipuntatoni saha dipunajar dening Rahwana. Swiwi kiwa sengkleh tugel, taksih megap-megap dipuntendhang, kumleyang ing awang-awang, dhawah ing siti kejet-kejet klebekan.

Laju lampahing kretanipun Rawana nggondhol Sita. Sita kesakitan, badanipun lungkrah boten kanten-kantenan dipunceneng-ceneng kangge rebatan. Sakedhap-sakedhap polah nedya uwal, nanging tetep kasikep dening Rawana. Sagedipun namung nangis melas asih, ngrerintih sedhih. Sekar cundhuk, gelang, tuwin kalungipun sami dhawah pating pececer. Sinten kemawon ingkang sumerep kawontenan saha polahipun, punapa dene mireng tangis tuwin pasambatipun Sita temtu tumut trenyuh sedhih. Dalasan kewan-kewan wana, wit-witan, thethukulan, rerumputan kemawon tumut melas sedhih. Redi-redi mendel mbisu sisah. Angin boten lumampah. Angkasa timbreng nglemeng nggameng kasaput mega mendhung. Srengenge surem, sorotipun kucem. Sadaya isining jagad tumut nandhang. Namung tiyang satungggal ingkang boten gadhah raos welas. Inggih punika Rawana.

Dumugi ing Nagari Alengka. Sita dipunpameri kaendahaning kraton, barang-barang saha prabot ingkang sakalangkung edi peni, mawarni-warni rerenggan, mas inten barleyan. Sita  boten gumun. Boten ngrewes. Rawana nyobi ngarih-arih sarta nglelipur Sita. Nanging Sita cariyos bilih tansah enget tuwin tansyah setya dhateng Rama. Mireng mekaten punika, Dasamuka muntab nesunipun, mratelakaken manawi Sita boten teluk, badhe dipuntelasi. Sita tetep teguh santosa ing budi. Rawana saya jengkel, lajeng mrentahaken supados Sita dipunjagi dening raseksi-raseksi ingkang galak-galak saha ndrawasi.         

Ing tengah wana. Anggenipun mbebujeng kidang boten pikantuk damel. Rama lesmana wangsul nglenthung. Dumugi panggenanipun, Sita sampun boten wonten. Dipunpadosi boten pinanggih. Dipunceluk dipunbengoki boten nyauri. Rama manggih sekar cundhuk tuwin saperanganing panganggenipun Sita. Punika sami pating pececer. Ing panginten Sita dipunpandung. Rama nesu sanget. Jagad saisinipun badhe dipunjungkir walik. Angkasa badhe dipunkebaki panah. Angin badhe dipunsigeg. Srengenge badhe dipuncandhet, sorotipun badhe kasirnakaken. Lepen, tlaga-tlaga, saganten tuwin samodra, punapa dene sawarnaning toya badhe kaasataken. Tetaneman, tetuwuhan, dalah wit-witan badhe dipunbedholi, dipunrungkataken. Manawi Sita boten kawangsulaken, para dewa ing kayangan badhe dipunsampurnakaken. Tujunipun,  Lesmana saged nglelipur, saged damel lilih. Kekalihipun nglajengaken lampah, nglacak madosi ingkang ical.

Dumugi ing panggenanipun Jatayu. Jatayu menggeh-menggeh meh koncatan nyawa. Sanadyan makaten, ewadene taksih saged nyariyosaken lelampahanipun, sarta suka sasmita arah plajengipun pandung. Sita kabekta dhateng Nagari aleng… . Dereng ngantos telas anggenipun ngucapaken wandaning tembung, Jatayu angemasi. Rehne tetela sampun boten saged katulungan malih, raganipun dipunbesmi dening Rama Lesmana. Kelukipun latu kumelun nggayuh gegana nedahaken penering Nagari Alengka.dalasan kapireng swanten ginaib ingkang suka pitedah caranipun saged pinanggih Sita.

Kekalihipun tumuli bidhal. Ing  salebeting manah boten telas-telas anggenipun sami ngalembana dhateng lelabetanipun Jatayu. Ing tengahing lampah wonten ingkang suka pamrayogi supados Rama Lesmana minta sraya dhateng rajaning wanara. Punika kadugi badhe saged mbengkas karya ngluwari Sita saking kasangsaranipun. Ing pundi padununganipun sarta sinten rajaning wanara punika. (Kapendhet saking cariyos Ayu Sita tuwin Bagus Rama anggitanipun Dra. S.A. Satiti  penerbit Media wiyata)

 

Tembung Entar

            Gatekna tuladha ukara kang ana ing wacan Lelabetanipun Jatayu    iki:

v  Eman dene Jatayu kalindhih, asor yudane dipuntatoni saha dipunajardening Rahwana.

            Tembung asor yudane kalebu tembung entar kang tegese kalah.

Tembung Entar yaiku tembung loro utawa luwih sing didadekake   siji lan tegese dadi beda saka asal-usule. Dadi tembung entar iku            iku duwe  teges ora kaya salugune (makna kiasan) utawa tembung kang             ora kena ditegesi sawantahe bae. Ing basa Indonésia diarani tembung silihan (kiasan).

 

Purwakanthi

            Gatekna tuladha ukara iki:

Ø Melas asih, ngrerintih sedhih

Ø Sita temtu tumut trenyuh sedhih

Ø Witing klapa, klapa mudha saumpama

            Ukara-ukara ing dhuwur kalebu tuladha purwakanthi. Purwakanthi iku       saka tembung purwa lan kanthi. Purwa tegese wiwitan, dhisik dene    kanthi ateges buri utawa keri.

            Purwakanthi iku ana 3:

ü Purwakanthi Swara

Purwakanthi Swara yaiku unen-unen kang runtut swarane utawa tibane swara ing pungkasane tetembungan utawa ukara iku padha.

Tuladha: Melas asih, ngrerintih sedhih

ü Purwakanthi Sastra

     Purwakanthi sastra yaiku unen-unen kang runtut sastrane     

     (konsonan) ing tetembungan utawa ukara.

Tuladha:  Sita temtu tumut trenyuh sedhih

ü Purwakanthi Basa / Lumaksita

Purwakanthi basa yaiku unen-unen kang runtut basane ( tembung ) ing tetembungan utawa ukara.

               Tuladha:  Witing klapa, klapa mudha saumpama

 

Pertamuan Kedua

Lampiran 1

UNSUR-UNSUR INTRINSIK CRITA

ü  TEMA, yaiku sing dadi underane prakara crita, ide pokok, masalah kang ndhasari lakuning crita.

      Tuladhane (adat istiadat, mistis, kesehatan, olahraga, khayal, katresnan,    

       peperangan, lsp)

ü  LATAR (SETTING), yaiku kang mbantu cethaning laku crita kang ngemot wektu, panggonan/papan, lan swasana.

            Papan: pasar, sawah, dalan, kantor.

            Wektu: esuk, awan, sore, bengi

            Swasana: susah, bungah, nrenyuhake, sumelang,lsp

ü  PARAGA, yaiku paraga/ pelaku kang mbangun cerita.

            Paraga bisa dimangerteni karaktere/ watake saka:

      Tumindake (tingkah laku)

      Pangrengkuhe utawa tanggapane paraga liya

      Lingkungan

      Pacelathon antar paraga

ü  Watak paraga bisa kaperang dadi:

      Protagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak becik (seneng tetulung, wicaksana, loma, disiplin, sabar, andhap asor, lsp)

      Antagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak ala (angkara murka, drengki, srei, getapan/ gampang nesu, galak, lsp)

      Tritagonis, paraga kang duweni peran pembantu (figuran)

      ALUR (PLOT), yaiku rerangkening prastawa ing sajroning crita.

     Alur kaperang dadi:

      Maju, (diawali sebabe crita lagi akibat).

      Mundur (flashback), (diawali saka akibate crita lagi diandharake seba-sebabe)

      AMANAT, yaiku pesen kang disampekake panganggit marang pamaos

      SUDUT PANDANG, yaiku kalungguhan pengarang ing sajroning crita. Saben pengarang nduweni sudut pandhang kang beda-beda

      Wong 1 (kapisan)        : pengarang ana ing sanjerone crita nganggo

                                      paraga  aku

      Wong 2 (kapindho)     : pengarang nyritakake paraga wong 2 (kowe)         

      Wong 3 (katelu)          : pengarang ana sanjabane crita. Bisa nganggo   

                                       paraga  jeneng wong, lan dheweke

      KONFLIK, yaiku perkara kang dadi punjere crita

Paraga ing Crita Resi Jathayu

           

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


Lampiran 3

 

Penilaian perkembangan sikap Spiritual dan Sosial dalam bentuk jurnal

 

JURNAL PERKEMBANGAN SIKAP SPIRITUAL DAN SOSIAL

Nama Sekolah                : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/Semester              : VIII / Genap

Tahun Pelajaran             : 2020/2021

No

Hari/Tgl.

Jam Ke

Kelas/No

Nama Siswa

Catatan Perilaku

Butir Sikap

Tindak Lanjut

Hasil

1

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran 4

 

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEKS RAMAYANA)

ASPEK PENGETAHUAN

KELAS VIII SEMESTER GENAP

 

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

NO

 

SOAL

WANGSULAN

SCORE

ASILING BIJI

 

1

 

Sapa sejatine Resi Jatayu iku?

 

 

2-5

 

 

 

      

2

Tembung

Tegese Tembung

1. peksi

 

2. dipuncidra

 

3. dipuntrajang

 

4. kalindhih

 

5. dipunpandung

 

5-10

 

 

3

Kepriye kahanane Jatayu nalika perang karo Rahwana amarga kepengin nulungi Sinta?

 

2-4

 

 

4

Sapa kang nyidra Dewi Sinta, arep digawa menyang ngendi, lan arep didhawuhi apa?

 

 

2-9

 

5


 

 

Asmane :                                                Asmane :                            Asmane :

 

Watake  :                                                Watake  :                            Watake  :

 

 

2-12

 

Saya mengerjakan soal dengan sungguh-sungguh dan jujur

Tanpa memberi dan meminta bantuan jawaban dari teman,

tanpa menjiplak/ mencontek dari berbagai sumber

 

Tanda tangan

Nilai:

Score Perolehan : 4 x 10

 

Lampiran 5

 

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEKS RAMAYANA)

ASPEK KETERAMPILAN

KELAS VIII SEMESTER GENAP

 

 

Critakna Lakon Wayang Peksi Jatayu kanthi nggunakake basa Krama!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran  6

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

SOAL REMIDI BAHASA JAWA (TEKS RAMAYANA)

KELAS VIII SEMESTER GENAP

 

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

NO

 

SOAL

WANGSULAN

SCORE

ASILING BIJI

 

 

1

 

Sapa sejatine Resi Jatayu iku?

 

 

2-5

 

 

 

      

 

2

Tembung

Tegese Tembung

1. peksi

 

2. dipuncidra

 

3. dipuntrajang

 

4. kalindhih

 

5. dipunpandung

 

5-10

 

 

 

3

 

Kepriye kahanane Jatayu nalika perang karo Rahwana amarga kepengin nulungi Sinta?

 

2-4

 

 

 

4

 

Sapa kang nyidra Dewi Sinta, arep digawa menyang ngendi, lan arep didhawuhi apa?

 

 

2-9

 

 

5

Sapa wae paraga ing crita wayang Peksi Jathayu lan kepriye watake?

 

 

 

 

2-12

 

 

Saya mengerjakan soal dengan sungguh-sungguh dan jujur

Tanpa memberi dan meminta bantuan jawaban dari teman,

tanpa menjiplak/ mencontek dari berbagai sumber

 

Tanda tangan

Nilai:

Score Perolehan : 4 x 10

 

 

 

 

Lampiran 7

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

 

SOAL PENGAYAAN BAHASA JAWA (TEKS RAMAYANA)

KELAS VIII SEMESTER GENAP

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

 

1.         Ringkesen isine crita “Peksi Jtayu” kanthi nggunakake basa krama!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...