Pages

Sunday, April 11, 2021

UNSUR INTRINSIK CRITA BASA JAWA

 Tema

Yaiku sing dadi underane prakara crita utawa perkara kang dadi punjere crita.

Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, katresnan, lsp.

Paraga

Yaiku pelaku kang mbangun cerita.

Paraga bisa dimangerteni karakter utawa watake saka:

a.    Tumindake/ tinkah lakune

b.    Pangrengkuhe utawa tanggapane marang saka paraga liya

c.    Lingkungan

d.    Pacelathon antarane paraga

Watak bisa kaperang dadi:

  1. Protagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak becik (seneng tetulung, wicaksana, loma, disiplin, sabar, andhap asor, lsp)
  2. Antagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak ala (angkara murka, drengki, srei, getapan/ gampang nesu, galak, lsp)
  3. Tritagonis, paraga kang duweni peran pembantu (figuran)

Setting

Yaiku papan , wektu lan swasana kadadeane crita.

-    Papan: pasar, sawah, dalan, kantor.

-    Wektu: esuk, awan, sore, bengi

-    Swasana: susah, bungah, nrenyuhake, sumelang, lsp

Alur/ Plot

Yaiku lakune cerita saka wiwitan nganti pungkasane crita.

Alur bisa kabedakake:

- Alur maju (progresif) Dicritakake kanthi runtut saka wiwitan tekan pungkasane

    Alur maju umume dumadi saka tataran:

    a.    Pitepungan: nepungake peprincene paraga

    b.    Konflik: Wiwit ana prekara

    c.    Klimaks: Prakara wiwit ndeder

    d.    Anti Klimaks: Prakawa wis wiwit mendha

    c.    Karampungane crita: Pungkasane crita. Bisa kapungkasan seneng (happy ending) lan susah.

- Alur mundur (flashback) Dicritakake akibat dumadine kedadeyan lagi dicritakake sebab-sebabe.

- Alur campuran  

Cara Pamawas (Sudut Pandang)

Yaiku kalungguhane pengarang ing sajroning crita. Saben pengarang nduwe cara pamawas kang beda-beda.

a.    Wong Kapisan (orang pertama)

        Pengarang mapanake awake ing crita kanthi dadi paraga "aku" (pengarang ana ing sanjerone crita

b.    Wong Katelu (orang ketiga)

        Pengarang mapanake awake ing sanjabane crita. Anggone nyritakake bisa kanthi nganggo tembung "dheweke" lan langsung nggunakake jenenge paraga.

Amanat

Yaiku: Pesen kang bakal diwenehake marang sing padha maca/ ngrungoake crita.

No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...