Pages

Monday, March 12, 2018

TULADHA SESORAH BASA JAWA

PIDHATO
NGURI-URI KABUDAYAN JAWI INGKANG ADI LUHUNG

Assalamu’alaikum, Wr.Wb.
Bapak, Ibu ingkang kinabekten.
Para tamu sinedhahan ingkang kinurmatan

Sumangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur, mugi konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, awit ing titi wanci menika kula lan panjenengan taksih pinaringan  rahmat lan hidayahipun.
Satemah saged makempal wonten ing papan ngriki kanthi suka bagya nir ing sambekala.

Bapak, ibu lan tamu sinedhahan ingkang  tansah bagya mulya.
Ing ngriki keparenga kula badhe matur babagan kabudayan jawi ingkang nyata adi luhung, inggih menika kados pundi caranipun nguri-uri kabudayan ingkang adi luhung menika supados tansah lestari ing bumi Indonesia mliginipun ing  tanah Jawi.

Kabudayan Jawi menika kawentar budaya ingkang alus lan anggadhahi piwucal-piwucal luhur.
ingkang  saged dipunangge sedaya tiyang ing salebetipun  lelumban ing madyaning bebrayan agung.
Saged dipunangge mbetengi tiyang saking tumindak lan pakarti ingkang nistha.
Ananging, samenika kabudayan ingkang nyata adi luhung kala wau kados-kados radi ical saking bebrayan agung ing tanah Jawi,  
amargi sampun kaesuk dening budaya manca ingkang dereng mesthi jumbuh  kaliyan kapribaden tiyang Jawi.
Malah,  saperangan  wonten ingkang nganggep bilih kabudayan Jawi sampun mboten trep kaliyan kawontenan jaman.

Awit saking menika wigatos sanget anggadhahi cara kangge nguri-uri kabudayan jawi supados saged tetep lestari ing bumi pertiwi, inggih menika;
1.     Tiyang Jawi kedah anggadhahi raos remen lan mongkog dhumateng       budaya jawi
2.     Tiyang Jawi mboten lingsem menawi tansah ngginakaken budaya   Jawi
3.     Tiyang Jawi tansah purun milah lan milih budaya manca ingkang    nyata-nyata jumbuh kaliyan kapribaden Jawi kemawon. Ingkang      mboten jumbuh mugi mboten dipunangge.

Bapak, ibu lan tamu sinedhahan ingkang  tansah bagya mulya.
Saking andharan kula kala wau saged kapendhet dudutanipun inggih menika:
Tiyang Jawi kedah remen lan mongkog anggadhahi kabudyan jawi.
sarta saged milah lan milih dhumateng budaya manca ingkang mlebet dhateng bumi pertiwi.
Kanthi pangajab mugi kabudyan jawi tetep lestari nyawiji ing bumi pertiwi ingkang kita tresnani.

Ing wasana cekap  semanten atur kula.
Kutha Karanganyar kawentar kutha Intan pari. Mugiya tansah sabar, menawi wonten atur ingkang mboten mranani nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun, Matur nuwun
Wassalamualaikum wr wb

NASKAH PIDATO TINGKAT SMP
NGURI-URI BASA JAWI MINANGKA SEMPALANING KABUDAYAN JAWI

Assalamualaikum, wr. wb
Dewan juri ingkang kinurmatan
Bapak ibu ingkang kinabekten
Kanca-kanca ingkang kula tresnani

Hamurwakani atur, sumangga, kula lan panjenengan tansah ngaturaken puji syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah, satemah ing titi wanci menika kula lan panjenengan saged makempal manunggal wonten ing papan ngriki kanthi rahayu tanpa reridhu.

Dewan juri lan para tamu ingkang winantu ing karahayon.
Ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken andharan babagan : NGURI-URI BASA JAWI MINANGKA SEMPALANING KABUDAYAN JAWI
Sampun dipunmangertosi, bilih basa Jawi menika mujudaken salah satunggaling basa daerah ingkang wonten ing negari Indonesia. Pramila, sumangga, kula lan panjenengan tansah mbudidaya supados basa Jawi menika mboten sirna awit  kagerus dening kemajengan jaman.
Basa Jawi saged kalebetaken wonten ing kabudayan Jawi, ingkang sejajar kaliyan beksan Jawi, gamelan, tembang macapat, geguritan lan sanes-sanesipun.
Ingkang baken, kados pundi pambudidaya kula lan panjenengan anggenipun badhe njagi lan nguri-uri basa Jawi menika.
Mboten klentu, menawi kula lan panjenengan purun nyinau saha purun ngginanaken basa Jawi kanthi laras lan leres.

Dewan juri lan para tamu ingkang kula kurmati
Ing wekdal menika, tasih kathah para siswa ing sekolah, ingkang mboten remen ngginakaken basa Jawi. menawi purun, tasih kathah ingkang karaos mboten jumbuh kaliyan unggah-ungguh.
Pramila, kanthi wontenipun andon trampil pidhato basa Jawi menika kula ngajak, mliginipun dhumateng kanca-kanca para siswa, supados:
1.       Para siswa kedah anggadhahi raos remen lan mongkog dhumateng basa Jawi
2.       Para siswa  mboten lingsem, menawi tansah ngginakaken basa Jawi
3.       Para siswa kedah saged milah lan milih dhumateng basa ingkang jumbuh kaliyan unggah-ungguh.
Kanthi andharan kula menika saged kapendhet dudutanipun, inggih menika:
Para siswa gadhah tanggel jawab dhumateng lestarining basa Jawi .
Satemah anggadhahi tekad saiyeg saeka kapti, nguru-uri basa Jawi .
Ing pangajab, basa Jawi saged tetep lestari, nyawiji ing pribadi saha ngrembaka ing bumi pertiwi.
Andharan kula kasebat trep kaliyan sekar macapat gambuh ingkang  badhe kula sekaraken;                Para Kadang sedulur
                             ngrengkuh budaya kang adi luhung
                             kabudayan Jawi ingkang wus nyawiji
                             dadi suh pandoming laku
                             urip bisa tatag tanggon
Ing wasana sekap semanten atur kula.
Kutha Karanganyar, kawentar kutha Intanpari
Mugya tansah sabar, menawi atur kirang mranani, nyuwun agunging pangaksami,
Nuwun,
Matur nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.



No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...