Pages

Sunday, December 27, 2020

Crita Timun Mas

 

 

A.        TEKS

TIMUN MAS

                Kacarita  ing desa Tuwung  ana Mbok Tumi sing kijenan tanpa bojo lan anak. Mbok Tumi wis tuwa apa maneh wadon, mula ora bisa ndandani omahe sing wis rusak kepangan rayap

        Pagaweane Mbok Tumi nggarap tegal. Saben esuk budhal lan sorene lagi mulih. Nalika ngiyup ana ing sangisore wit amarga kepanasen, dheweke kelingan kedadeyan sing dialami  bojone, yaiku Pak Toso ilang. Mung ditemokake sandhangane sing wis suwek-suwek gubras getih. Manut  critane masyarakat desa Tuwung, Pak Toso dipangan Buta Ijo. Buta ijo iku sing mbaureksa alas Gungliwangliwung.

        Dumadakan  Mbok Tumi njenggirat kaget. Lemah sing dilungguhi obah. Saya suwe kaya bumine lindhu.“Haee…Mbok tuwek elek.Aku luwe.”Suwarane gumleger.Jebul iku omongane Buta Ijo. Sing diajak omongan ngewel wedi. Mbok Tumi takon, “Sam….sam….sampeyan sinten?”  Wangsulane sing ditakoni, “Buta Ijo…aku njaluk pangan daging wong!”  Buta Ijo emoh daginge Mbok Tumi amarga kuru lan wis tuwa.

        Sadurunge lunga, Buta Ijo ngelungi wiji timun siji marang Mbok Tumi. Omonge,  “Iki tanduren ana ing sacedhake omahmu. 17 taun maneh aku mrene.” Amarga Mbok Tumi durung mudheng karepe, mula  takon, “17 taun malih mriki ajeng napa?” “Arep njaluk timun.”Wangsulane cekak banjur lunga.Jangkahe Buta Ijo ndadekake lemahe gonjing.

        Wiji timun ditandur ana ing kebon mburi omah. Saben dina disirami nganti kaping 7 manut prentahe Buta Ijo. Wiji mau wis dadi tanduran timun sing subur. Wohe akeh tur gedhe-gedhe. Nanging ana timun siji sing paling gedhe. Gedhene ngluwihi semangka. Dening pak Kasiyo timun sing gedhe banget iku diarani timun ajaib. Pak kasiyo lan tangga-tanggane diwenehi wiji timun dening Mbok Tumi. Nanging eloke nalika ditandur ora gelem thukul.

        Timun ajaib wis katon tuwa, mula arep diundhuh. Mbok Tumi nyedhaki timun ajaib.Ana kaelokan, timun ajaibe bisa obah-obah dhewe, glundhang-glundhung.Amarga gumun, timun iku dibopong menyang pawon arep disigar Mbok Tumi.Mbok randha iku nyigare ngati-ati.Nah….jebul timune isi bayi wadon. “oeek…oeek.” Bayine nangis.

        Mbok Tumi bungah banget.Saiki dheweke duwe anak wadon.Anak iku dijenengi TIMUN MAS. Mbok Tumi ngundang tangga teparone diajak nekseni lan bungah-bungah. Timun Mas dianggep anake dhewe.Tambah gedhe tambah katon ayune.Menyang ngendi bae Timun Mas mesthi diajak.Timun Mas sregep mbantu ibune.

        Timun Mas saiki wis umur 17 taun.  Wektune Buta Ijo nemoni Mbok Tumi. Nalika wong wadon loro iku lagi turon  nyritakake jaman biyen nganti Timun Mas Keturon. Dumadakan ditekani Pak Kawit. Mbok Tumi lan Timun Mas dikon lunga adoh amarga Buta Ijo wis cedhak. Mbok Tumi bingung amarga anake arep dijaluk. Tenan, Buta Ijo wis teka, omonge, “Endi timune ?” Buta Ijo bungah weruh Timun Mas sing lagi turu. Mung kari ngangkat digawa menyang alas Gungliwangliwung. Mbok Tumi kandha, “ampun sakniki.Larene nembe sakit.Yen sakit daginge boten eca.Daginge pait.”“Wah, trus kapan?”Buta Ijo takon. Mbok Tumi nerangake yen 3 dina maneh Timun Mas mesthi mari. Buta Ijo bali mulih maneh kanggo ngenteni  3 dina.

        Wis ora bisa alesan maneh.Buta Ijo njaluk Timun Mas.Timun Mas dikon mlayu lunga.Mbok Tumi nyangoni kanthong putih cacah 5 kanggo sarana uwal saka Buta Ijo. Kanthong siji isine wiji timun, kanthong loro isine uyah, kanthong 3 isine mrica, kanthong papat isine dom, la kanthong lima isine trasi. Ora let suwe Buta Ijo teka. Dikandhani Mbok Tumi yen Timun Mas ora ana  omah. Mbuh lunga menyang ngendi.

        Buta Ijo mburu playune Timun Mas. Sadurunge kecandhak, karo mlayu Timun Mas  nyebar wiji timun.  Wiji timun dadi sawah timun.Buta Ijo dadi mandheg.Dheweke mangani timun nganti kewaregen.Buta Ijo mlayu maneh nututi Timun Mas. Jarake wis cedhak, banjur Timun Mas nyebar uyah dadi kali sing banjir. Buta Ijo ndadak nyabrang.Timun Mas nyebar mrica dadi geni mulat-mulat.Buta Ijo kapeksa mateni geni dhisik.Buta Ijo terus mburu Timun Mas. Timun Mas nyebar dom dadi wit-witan gedhe kang ana erine.  Buta Ijo kepentok  wit-wit mau. Buta Ijo ndadak  ngangkati wit-witan supaya ambruk. Timun Mas krasa kesel banget.Ambegane ngos-ngosan. Kanthonge sing digawa  mung kari siji. Timun Mas mlayu maneh amarga wis krungu swarane Buta Ijo, “Timun…Timun Mas ..” Pungkasane Timun Mas nyebar trasi.Trasi dadi sawah lendhut.Buta Ijo mandheg.Saka kadohan Timun Mas nantang, “Ayo, yen wani mrenea.Cekelen aku!”Buta Ijo tambah nesu.Dheweke nglumpati sawah lendhut. Amarga Buta Ijo wis kesel mula lumpatane ora bisa adoh. Buta Ijo kejegur sawah lendhut. Suwe-suwe Buta Ijo ambles ana ing sawah lendhut Buta Ijo mati, Timun Mas menang.

            Pungkasaning dongeng,  Timun Mas bisa kumpul karo ibune yaiku Mbok Tumi. Uripe tentrem uwal saka panguwasane Buta Ijo.

 

B.    UNGGAH-UNGGUH BASA/ RAGAM BASA JAWA:

1.    Ngoko lugu
       Titikan/ wujude:       - Kabeh tembunge  ngoko
                                           - Ater-ater lan panambang ngoko

       Sing nganggo:
       1. Bocah marang bocah
       2. Wong tuwa marang bocah

       3. Bapak Ibu marang putrane
       4.Pimpinan marang andhahan

       5. Bendara marang abdi

       6. Guru marang murid

       7. Wong ngudarasa
2.    Ngoko alus
       Titikane :       - Tembung ngoko dicampur tembung krama inggil& andhap
                               - Ater-ater lan panambang ngoko
       Sing Nganggo:
       1. Wong tuwa marang mong tuwa sing wis kulina
       2. Wong tuwa marang wong nom kang drajade luwih dhuwur
3.    Krama alus
       Titikane :
       - Ngunakake tembung krama lan krama inggil & andhap

                               - Ater-ater lan panambang krama


       Sing nganggo

       1. Wong tuwa marang wang tuwa kang durung kulina
       2. Murid marang guru
       3.Anak marang bapak ibune
       4.Bocah/ wong nom marang wong tuwa
       5. Andhahan marang pimpinan

            6. Abdi marang bendara

Tuesday, December 8, 2020

Geguritan (Kumpulan)

 

1.        WONG MLARAT

 

            Wong mlarat kesrakat

            iya wae

            wong sugih ya kesrakat

            ora wae

            iya wae

            sing kesrakat budine

            sing kesrakat welas asihe

            sing kesrakat jiwane

            sing kesrakat kamanungsane

 

            Kesrakat

            wong sugih padha adu rosa

            rebut panguwasa numpuk bandha

            wong mlarat padha adu rasa

            rebut pangimpen numpuk pangentha-entha

            iya wae

            datan kendhat

            nganti sekarat

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

2.        PENGET 1

 

 

Dina wingi wus lungse

sabarang gawe

daksigeg daktali lawe

datan dakrungu

panjerite ati wanodyayu

ngumbar panantang

ngesok panandhang

nganti kedharang-dharang

marang ati lanang

sing wis tinggal glanggang

medhot kapang

 

Iki dina, gagat raina

srengenge kang prapta nggawa crita papa cintraka ing wingi dina

gumanti sih tresna kang nyajiwa

nyawiji mecaki garising wadi

wewadining Gusti kang wis kinodrat kudu diugemi

 

Gagat raina, dudu panalangsa

nalika, jenthik manis wus rinengga kalpika

nalika, kekarone angregem asta

nalika, kekarone angucap setya

dumeling swara-swara donga

njalari sirna sakabehing pangudarasa

 

Iki dina, dadiya penget utama

“Sihing priya nedya manunggal ing jiwa”

nyawiji, bakal kekanthen lumaku ing bebrayan suci

kan linambaran bekti sejati

 

 

 

 

 

 

3.       PENGET 2

 

Ing kene, ana tembung sing arep daklairake

nalika atimu wis gilig arep mapag lelakon

jagad iki jembar, gumelar kebak gebyar

aja kongsi mandheg, yen durung tekan purwaning gegayuhan

 

Wis ben...

si Kembang desa urip ing alaming kaprasajan

tetembangan lelagon megatruh kang marikelu

sajak nggembol teges sinandhi

arep blaka, ing ati malah saya nelangsa

kinunjara kodrat sing wiskadhung sinurat

 

Enggal budhala!!

papagen lintang-lintang abyor

sing bakal bisa ngrenggani uripmu

galo...

dinane lumaku saya banter

aja nganti kelangan lacak

kedhisikan jumedhule rahina

 

Ing tembe...

isih ana kembang desa liyane, kang siyaga mapag kasetyanmu

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

4.        GURIT KAPANG

 

Galo kae teka!

sapa?

anak lanang

sing wis kinudang

dening wong tuwa, sanak lan kadang

jengkar ngluru piwulang

kareben bisa ngluwari panandhang

 

            Gondhelane mung ijazah sing kanggo kanca

            uga donga-donga saka wong tuwa, tangga, rowang mitra

            kanthi pangarep-arep bisa sembada

            kacekel sabarang kawruh utama

            kanggo ngudhari ruwet renteng supaya sirna

 

Anak lanang, oh... anak lanang

galo kae teka, si anak lanang

gage papagen kanthi esem manis

papagen pangarep-arep kanthi polatan aris

nanging...anak lanang, oh...anak lanang

geneya kowe nangis, endi kawruh saka para winasis

kabeh wis ngrantu, enggal babarna aglis

 

            Anak lanang ora kuwawa ngronce ukara

            yen dheweke wis kebak dosa, nyelaki donga

            ing kana, mung ngumbar nepsu duraka

            memitran lan panguripan nistha

            nganti gegayuhan sakawit sirna

            Oh...Anak lanang, luput ing kekudang

            ambruk njepapang

            wong tuwa, sanak lan kadang

            kabeh kekitrang

            ing antarane gela lan wirang

 

 

 

 

5.       CATHETAN NALIKA UDAN SEPISANAN

 

Kaya raina wus lungse

sumusul tekane sore

daksawang...

ing tawang...

kekembeng waspa ing salumahing netra

sajak bakal ngesok panandhang

sing neba nebah karang

ngelingake

yen urip iki, pindha keplasing thathit

mung sawetara...

 

            O... ana udan

            udan sepisanan

            nggawa larahaning batin

            uga laraning kenya

            sing katemben koncatan tresna

 

Udan sepisanan

pancen dudu impen

O... dakaras aruming lemah teles

sing sumebar tanpa wates

ing ati apes

ing ati pepes

dadi angles

 

            Udan sepisanan

            sing kasok ing bumi

            sajak nggembol wadi

            wadining katresnan jati

            sapa sing ngerti??

            yen sliramu selak, cidra tan ngugemi

            marang janji kawuri kang wis ingucap ing lathi

            “Nedya nyawiji, mecaki bebrayan suci”

 

 

Udan sepisanan

gawane cathetan iki

tekan samodra

sadraning kawicaksanan

samodraning keadilan

ing anggamu

 

            Nalika udan sepisanan

            aku nate nyathet maewu-ewu pangarep-arep.

           

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

6.       KAPAN BISA LUWAR

 

Yen ora kanthi bengok-bengok

ora bakal manjing sajeroning tembok

nyuntak prakara sing suci nganti sing bobrok

kabeh supaya cetha lan ketok melok-melok

 

Yen ora kanthi rame-rame

ora bisa wawan rembug ing sajeroning bale

nyuntak panandhang sing ngrante jiwa ragane

supaya ora kedlarung-dlarung dadi kere

 

Ngono ya ngono, nanging mbok ya aja ngono

 

Aja dupeh ana kalonggaran banjur padha tranyakan

aja dupeh ana kalodhangan banjur padha jag-jagan

turut dalan, bengok-bengok ninggal sopan

elinga, wong berbudi iku kudu empan papan

kuwawa nyidhem nepsu lan njunjung tatanan

salwir prakara bakal bisa sidhem tanpa ana tuwuhing korban.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

7.       PASEKSEN

 

Ora kaya ing wengi iki

rembulan mesem

sajak  mbudidaya nyingkirake lelakon surem

sajak mbudidaya nyingidake crita kucem

 

Dhek wingi wis dadi seksi

tumrap samirana sing ngumbar birahi

ngrudapeksa tetuwuhan kang nedheng semi

ginawa kendhang ninggalake bumi

lan anehe oara ana sing padha wani nglari

 

Rembulan malih ngguyu

peseksene datan ana sing gelem ngrungu

sing pener dadi kleru

sing kleru padha ditiru

malah digugu mandhes tekan jroning kalbu

 

Rembulan mesem

Rembulan ngguyu

Rembulan nangis

kepriye bisa ngestarekake esem manis

yen saisine jagad padha amung lamis

yen saisine jagad padha dadi wengis

yen saisine jagad padha kekejer nangis.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

8.       YEN MANUK DARA KELANGAN KATRESNANE

 

Aja kokcoba ngarih-arih

marang manuk dara sing kapedhotan sih

atine wis kebacut perih

ketaton nganti kasatan getih

 

Coba waspadakna

si dara kekitrang nglari tresna sing wis karegem kanthi peksa

nganti wulune sengkleh datan rinasa

sing ditampa ya mung crita duhkita

 

Batine njerit,

arep nangis nanging wis kentekan luh

arep adul marang pang ringin wis ora saguh

arep mulih menyang pagupone wis katerak angin nganti rubuh

sing ngerti padha mitambuh

ethok-ethok ora weruh

 

Aja kokcoba aweh pitulung

marang si dara sing wis kebacut mutung

atine njethung pikire bingung

anane mung pasrah ngenteni timbalane Hyang Agung.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

9.       PANGUDARASA

 

Kepriye ora keranta-ranta

yen nyatane kedadeyan iki nyata cetha wela-wela

kabeh padha alok sora

sora....sora.....lan sora....

jare kanggo kamulyane para sudra

kanggo nutup jurang kemlaratan kang bengkah amba

antarane si sudra lan si pideksa

Oh...

jebul mung swara sepa, sing gemontang ngebaki angkasa

kanggo samudana anggone padha nglelemu raga

si sudra panggah papa ginedhong rasa cuwa

bola-bali ya mung si pideksa,

sing tetandhingan ngoyak panguwasa

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

10.     SESAWANGAN

 

Galo kae sawangen!

gedhong magrong-magrong kebak uwong

sing teka ing kana padha nggawa amanat nganti pirang-pirang kanthong

kang bakal dionceki, ditata lan digotong

ben para kawula bisa lega lan ing dhadha dadi plong

 

Lho...lho...

galo kae sawangen!

kok ya isih ana sing mung meneng cep klakep

lungguh jegang sedhen kursi tangane sedhakep

sajak ora nggape marang amanat sing didadekake pangarep-arep

 

Wis ora usah disawang!

mundhak ati kebranang

luwih becik sengkut tumandang

ngadhepi panandhang kanthi pikiran padhang.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

11.     KEKUDANGAN

 

Anakku lair ora ginedhong cindhe sutra

gedhonge mung salembar katresnan kang nyawiji karo jiwane

turune ora linambaran babut kencana

lambarane mung larikan-larikan donga kang ngancani ragane

 

Oh Ngger...

aja kaduwung marang kedadeyan sing wis kinodrat

urip sing sejati iku sing bisa nindakake amanat

ing donya iki mung sakedheping netra

nanging kok ya talah temen...

urip sing mung sedhela tansah kinancan esem sepa

biyungmu ora kuwawa nyandhing raja brana

awit panguripane wis kinunjara ing sajroning jaman mardika

 

Ngger...

lumakua anut garising pepesthen

aja nganti nalisir menggok nganan ngering

biyungmu mung nglumpukake donga

kanggo sangu nggayuh urip mulya.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

12.     DONGA

 

Dakrapal dzikirku aneng sandhuwuring sajadah

nalika ragau semplah

nelukake angkara nyidhem pitenah

sing nyoba ngreridhu marambah-rambah

aku mung bisa pasrah

 

Dakrapal maneh dongaku aneng pungkasaning sembahyang

panyuwunku bisaa enggal menang

katekan kabeh sing digadhang

panandhangku bisa sirna ilang

dalan nasib bisa dadi sumilak padhang.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

13.     YEN SI BINTIT AWEH SASMITA

 

Manuk bintit kekiter ing sepining wengi

aweh sasmita supaya padha ngati-ati

jaman saiki akeh durjana apengawak priyayi

sing didhustha ora mung wujud raja peni

nanging wis gelem ndhustha jatining dhiri

 

Manuk bintit kekiter ngumbar swara nganti blero

aweh sasmita marang wong sing kinodrat bodho

aja padha gelem diedu kaya jago

saben pecak kudu manut botoh kang wengise ngungkuli algojo

yen kasoran banjur diina lan dipaido

 

Manuk bintit sajak kesel banjur mencok ing pucuking pring

atine mrinding nyekseni polahe durjana sing ora eling

ndhustha apa wae tanpa tedheng aling-aling

Oh....

donyane lagi gonjang-ganjing.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

14.     ENDI PANGRASAMU

 

Yen nyawa wis ora ana ajine

banjur apa sing arep dipamerake

kawengisan sing jejogedan ing madyaning panalangsa

 

Endi pangrasamu

dudu sanak dudu kadang yen mati melu kelangan

O... jebul wis luntur

sanak kadang wis ben mati nemu warisan

 

Manungsa...manungsa

tega temen anggonmu nggadhekake kamanungsanmu

mung saderma ingijolan sega sapulukan

lan saderma lungguh ing klasa gumelar.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

15.     SADAWANE DALAN

 

 

Sadawane dalan

daketung larik-larik pranatan

tansaya bingung

milah perangan mbaka perangan sajak uwal saka petung

 

Apa isih adoh?

kamangka jangkahku saya sayah

ragaku saya lungkrah

 

Apa ya bakal pasrah?

sanajan tetep ginedhong susah

 

Sadawane dalan

aku mung bisa nyawang

kanthi rasa was sumelang

marang perangan mbaka perangan sing saiki wis kendhang.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

16.     WARISAN

 

Pangarep-arepku cabar

dakgegadhang warisane Sang Aji Saka bakal mekar

ngrembaka, karengga sunar kang gumebyar

jebul mung impen rahina

aja maneh kok ngeja larikan-larikan ukara

ndumuh ha lan la wae wis ora kuwawa

 

Ah...

sapa sing luput

yen anak turun wis ora kepencut

ngrangkul warisan adi wis ora gumregut

wusana warisan banjur kerut

kedharang-dharang tekas samodra

awor lan tetandhingan karo warisan manca

sing padha dipepundhi lan dipepuja dialembana dening para taruna

temahan warisane Sang Aji Saka kalindhih tanpa daya

apa ya bakal pralaya???

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

17.     DILARI ING KEBLAT PAPAT

 

Galo kae sawangen

srengenge ndhelik karo ngampet guyune

nyekseni manungsa sing wis kelangan jatidhirine

nunjang palang tanpa duwe asa wirang

 

            Mlayu ngulon

            sajak ana sing akon

            rebut dhuncung jare mung arep ngowahi lelakon

 

Mlayu ngetan

prasasat ngampet ambegan

mung saderma luru pangan

 

            Mlayu ngalor

            mbok menawa ing kono isih ana obor

            diluru kanggo aweh pepadhang marang kang asor

 

Mlayu ngidul

mbok menawa banjur bisa kumpul

mbok menawa banjur bisa wadul

tumrap sakabehe sing wis kebacut ucul

bisaa ngumpul banjur padha dipikul

 

            Srengenge ndhelik ngampet guyune

            nyekseni manungsa sing wis kelangan keblat

            apa iku sing diarani kuwalat?

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

18.     GEGURITAN WONG CILIK

 

Wong cilik linggih dhingklik mangan gogik

wong cilik,

wong cilik iku...

wong sing pancen duwe awak cilik

apa wong sing duwe bandha sethithik?

 

Sing cetha...

wong cilik iku, wong sing lagi duwe kodrat ora becik

jalaran kamardikane dicuthik

panguripane disirik

wis ngono, manawa tandange durung pener isih dislenthik

ngalor-ngidul dikleni kaya jangkrik

 

Pancen cilaka

donya lagi kebak angkara

padha seneng ngumbar duraka

tanpa wedi dosa

 

Sapa ta??

para manungsa

marang sapa ta??

marang manungsa

kanggo sapa ta??

kanggo manungsa

 

Banjur wong cilik??

wis menega!!

sing baku, wong cilik isih bisa linggih dhingklik mangan gogik

anggep wae gogik iku sega menthik

sing dilawuhi iwa kterik

Oh Gusti....nyuwun pangaksami.

 

 

 

 

 

19.     GEGURITAN WENGI

 

Wengine wis lingsir

dakcoba ngenam pikir

apa ta sing njalari donya walik jungkir?

pranyata anggone padha kibir

lan anggone duwe gegayuhan nelukake sembarang kalir

 

Wengi lumaku sajak ana sing nggelak

Si Gagak celathiu karo ngguyu lakak-lakak

jarene para manungsa wis padha rusak

pranatan akeh sing diterak

 

we lha...

Si Emprit sing tansah diidak-idak

banjur gumlethak

liyane?

padha surak-surak.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

20.     DAKELINGAKE

 

Endi kabisanmu

tuduhna marang pang-pang sing wis kebacut garing

sing biyen koksaguhi banyu ing mangsa ketiga

kanggo ngusadani gurung kang asat

 

Endi kidungmu

tembangna marang para biyung ing karang padesan

sing biyen koksaguhi beras sagegem ing mangsa paceklik

kanggo  yidhem tangise anak kang ilang kamardikane

 

Endi swaramu

sing nate kokronce dadi pangarep-arep edi

apa wis lali??

dakelingake...

aja ketungkul nelukake rasa lan panguwasa.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

21.     CRITANE SI PRAWAN KENCUR

 

Wis ora mokal maneh

prawan kencur miyar-miyur padha udur

rok mepet eseme ngujiwat

nyangking tas jebul isi obat laknat

sing jare bisa gawe nikmat

para konglomerat

sing morale bejat

padha pesta raperduli rakyat uripe kesrakat

 

Wis ora mokal maneh

prawan sunthi mesam-mesem ngregem bathi

rok mini belekan mburi sajak nantang wani

nyangklong tas isi pupur lan minyak wangi

megal-megol marani mobil kang wis ngenteni

digelak diajak menyang ngendi?

mung dheweke sing ngerti

 

Ora nggraita yen ana sing ngetut wuri

oh...

Si Prawan ketangkep polisi

bisane mung nangis nggetuni

ing sepining wengi

ing antarane ruji-ruji wesi

bui...

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

22.     PITAKON

 

Dumuken pranatan endi kang bakal kanggo panutan

wis ben kabeh ora kesasar tekan jurang kasengsaran

dumuken, banjur biwarakna marang para kawula

sing wis padha kelangan keblat

aja nganti “Esuk dhele sore tempe”

pranatan mung dadi pepaesing jaman

katon pideksa endah lan edi peni

nanging angel diugemi

jare iki jaman reformasi

kabeh padha njunjung demokrasi

malah nganti direwangi soroh pati

nanging sapa sing peduli?

marang tangise bayi sing wetenge njaluk diisi

marang tangise jejaka sing kapeksa pedhot pasinaone

marang tangise biyung sing kelangan pangarep-arepe

marang tangise bapak sing kapeksa nggadhe kamardikane

lan marang tangis-tangis sing mung diendhem dhewe.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

23.     CATHETAN MANGSA KETIGA

 

 

Yen wis kaya ngene iki oh mitra...

banjur arep nyalahake sapa??

 

Ketiga dawa

salah mangsa

 

tetuwuhan garing ngelak

panguripan tansaya sesak

 

Yen wis kaya ngene iki oh mitra...

ati banjur nelangsa

ketigane tansaya dawa

salah mangsa madina-dina

 

Gorokan garing asat

ndremimil nyenyuwun tanpa kendhat

 

Yen wis kaya ngene iki oh mitra...

aku mung sumarah ngenteni sihing tresna

saka sing Maha Kuwasa.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

24.     GURITAN MRIPAT

 

Mripat

kanggo ndeleng kabeh umat

sing mlarat nganti Si Konglomerat

 

Sing mlarat lan kesrakat

nganti ora kuwawa sambat

jalaran kabotan sesanggan nganti ora kuwat ngangkat

 

Si Konglomerat kang mendem urmat

brana turah bebasan sundhul awiyat

sing bisa kanggo nyukupi nganti pirang-pirang brayat

Wah....pancen nikmat

 

Waspadakna, mripat

lagi ndeleng sing mesem ngujiwat

sajak nantang marang titah aklambi rakyat

 

Yen nyata satriya ugemana janji lan amanat

aja mung thethenguk dupeh caket lan aparat

aja ketungkul anggonmu bakal nelukake jagad

 

Waspadakna

ing bau kiwa tengenmu tansah ana malaikat

kang bakal nyathet kabeh riwayat

minangka bukti ing pengadilan akherat.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

25.     GURIT TANGAN LAN SIKIL

 

Tangan

sarana kanggo ngupaya pangan

ora kendhat wengi, esuk lan awan

iang sadhengan papan lan kalodhangan

gegancangan mundhak ora keduman

ya mung beteke nyembadani marang wutuhe katresnan

 

Sikil

mecaki dalan rumpil

supaya antuk asil

ora perduli kuku-kuku padha cuwil

di kantheni lathi sesambat ndremimil

ya mung beteke bakal njejegage kendhil.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

26.     GURITAN ATI

 

Ati iku uga manah

sing bisangrasakake susah

yen jejering bapa nganti ora bisa polah

minangkani kebutuhan bale somah

apa ya mung bakal pasrah?

ngadhepi kasunyatan sing tansaya bubrah

 

Ati iku uga penggalih

sing bisa ngrasakake sedhih

yen jejering panguwasa mung melik pamrih

sing adoh saka rasa welas asih

ora perduli kawulane padha nagih

marang janji-janji nalika durung kapilih

saiki wis dadi sugih

kawula mung trima sembulih

arupa sagegem winih

winih katresnan kanggo nglelipur brayate supaya lilih

 

Ati iku ya tetep ati

tansah ngedhaleni wetuning uni

kang kudu jumbuh karo angger-angger yekti

supaya ora ucul dadi janji

nanging wis kebacut ketrucut ing dina wingi.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

27.     PANGURBANAN

 

Dinane lumaku tansaya cepet

kaya digelak nrajang sakehing reribet

Si Jabang Bayi kijenan ing antarane paesan-paesan donya

ngumbar tangis ing madyaning katresna maya

Subuh nglilir, bapa biyung wis ora ana

jarene beteke mung arep luru brana

kanggo nggayuh urip mulya

Ngisak, bapa biyung lagi teka

Si Jabang Bayi kebacut nglipus ngronce impen sepa

 

Oh...

dianane lumaku tansaya banter

kaya digelak nrajang sakehing wewaler

bapa biyung bingung njethung nggagas sing wis angler

ing batine kekejer

apa pangurbanane wis pener lan bener??

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

28.     PARANG TRITIS

 

Nalika gremis ing gisiking Parang tritis

ana wanita kang kekejer nangis

tanpa maelu angin gisik kang nyuntak rasa atis

sajak nggetuni kasucene kang kebacut kapasrahake kanthi aris

marang priya kang sejatine mung ngumbar ukara manis

 

Ombake segara kidul

apa kuwawa nyempyok tatu kang wis nabet ing ati

ragane bebasan wis tanpa aji

kataman curiga nganti ngendhangake sarining suci

 

Alon... srengenge mlaku ngulon

sajak lingsem nyekseni paiting lelakon

kanigaya temen jebul peteng dalaning takdir

mulane sakabehe kekarepan lan pepenginan aja luput ing pikir

 

Si wanita kanthi abot jumangkah

ninggalake lelakon kang wis kebacut bubrah

ing telenge ati...

mung bisa pasrah..sumarah...mring Gusti Allah

 

Nalika gremis ing gisiking Parang Tritis

wis diselehne panandhang kang ngebot-eboti sanggan

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

29.     YEN MANGSANE WIS TEKA

 

Mung kari saksrambahan

anggonmu nodhi kawruhmu

sing wis nate diwedhar dening para guru

babagan kawruh lan sekehing ngelmu

 

Telung taun ngeceput...

bakal badar ing wektu sakeplasan

mung gumantung anggonmu nyuntak, ngrakit lan nata aksara

ora mung wantahing ukara

nanging sejatine wedharing rasa kang ngemot sewu makna

 

Ana sing mesem kalegan

jalaran wangsulan-wangsulan sajak wis jumbuh karo pitakon

ana sing getun nangis sesenggukan

jalaran wangsulan-wangsulan tetela mrucut saka kekarepan

 

Ngger...

kahanan iki ora bisa dibaleni

pandoming wektu ora bisa diputer mundur

Nggegetun mung bakal nambah kemba...

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

30.     JANJINE  JONGGRANG

 

Bandhung Bandhawasa pancen sekti mandraguna

kabukti bisa nglerehake Prabu Baka

Prambanan gothang

Jonggrang kekitrang

tinilar ramane mbebela negara

 

Bandhung Bandhawasa pancen gagah pideksa

sinuyud sinuba pra wanita jer iku putra Sang Damarmaya

kuwawa ngoncatake Baka sawadya bala

ora krasa yen ana sing nandhang dhuhkita

 

Jonggrang suthik singidan ngadhepi Bandhung

mungsuh kang anggung gumunggung

sing wis kasil nelukake Prambanan

nanging kepenging uga nelukake katresnane Jonggrang

 

Bandhung ora nglegewa

yen katresnane Jonggrang wis sirna bareng oncate Sang Bapa

candhi sewu ing wektu sawengi

dudu panyuwun kang mijil saka tulusing ati

dudu sarana tuwuhing katresnan jati

nanging mung kekarepan sinandhi

kang manjing dadi janji bakal setya bekti mring ibu pertiwi.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

31.     PANANDHANGE NAWANG WULAN

 

Kesengsem anggone lelumban

kasengsem anggone gegojegan

nganti ilang kaprayitnane

nalika teka ing wancine

ora bisa tutwuri kadang-kadange

 

O... Nawang Wulan

kosengguh Jaka Tarub iku priya utama

kang legawa paring busana

satemah antuk kamardikan saka sanggan wirang?

 

Ora Nawang Wulan...

iku pokale Jaka Tarub

sing kepengin nelukake tresnanmu

sing kepengin nguwasani jiwa ragamu

kadereng rasa lan nepsu bakal nyandhing sliramu

 

Galo...

Si Jaka Tarub gumuyu

kasil namakake pokal julige.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

32.     SAABAD ING KARANGANYAR

 

Nalika Nyai Dipa nglilakake peksi derkuku kelangenane

sejatine wis cinathet ing lembaraning sejarah

Nalika Raden Mas Said rumangsa pikantuk pepadhang

sing diajab ya mung sawijining kamardikan

ing papan kang ginelar senajan ora pati jembar

sinebut Karanganyar

 

kutha cilik ing perenge wukir Lawu

dituwuhi sedya kang gunggunge maewu-ewu

kaya ngelingake marang janji-janji kawuri

kang wis ingucap nganti dadi prasati

 

Karanganyar

aja ngglewar mundhak gegayuhan sekawit cabar

Karanganyar

sengkuda makarya supaya tetep gumebyar

 

Yen ana sandhungan

enggal minggira senajan tanganmu grewelan

genggemen pranatan kang wis  manjing dadi panutan

 

Yen ana pasemon-pasemon kang ketrucut dadi uni

enggal lerena senajan ukaramu ora bisa nyapih gelaning ati

tulisen minangka pustaka aji.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

33.     KARANGANYAR PING 101

 

Nalika padha takon Karanganyar iku apa?

Karanganyar arupa papan cilik

sing biyen kanggo madhepok pendhekar wanita Nyai Dipo

lantaran peksi derkuku kang anggunge dadi sarana

nggayuh bagya mulya

Raden Mas Said sakurawangsa

 

Nalika padha takon Karanganyar iku sapa?

Karanganyar iku kutha cilik kang aji

sang tansah sengkud pepaes dhiri

nggayuh pasuryan kang edi peni

supaya nengsemake sinawang dadi mareming ati

 

Nalika padha takon Karanganyar iku pira?

Karanganyar ora mung siji

ana Karanganyar-Karanganyar liya sing ngrenggani bumi pertiwi

nanging Karanganyar iki kebak pirang-pirang prasasti

kang nyathet sejarah sakehing bukti tundhone dadi pepeling aji

 

Nalika padha takon Karanganyar iku ngendi?

Karanganyar madeg ing lerenging Gunung Lawu

nyata endah dinulu

Karanganyar madeg ing sawetane Surakarta

nyata merbawani lan sembada

 

Nalika padha takon Karanganyar iku kepriye?

Karanganyar iku tansah ngugemi janjine

marang pra warga kang ngatonake kasetyane

nganti 101 taun tansah ngumandhang kuncarane

 

 

 

 

 

 

 

34.     PIWELING

 

Nalika wis ngancik madyaning kadhewasan

tansah goleka jeneng dhisik supaya enggal antuk jenang

mbudidayaa bisa nguripi senajan mung urub-urub

ing samubarang gawe aja rumangsa bisa nanging bisaa rumangsa

 

yen wis nggebyur ing madyaning bebrayan

aja mung mokili nanging dadia pribadi kang mikolehi

udinene tekun yen kepengin sabarang gegayuhan dadi tekan

aja kesusu sebab njalari grusa-grusu

aja kebat kliwat mundhak cedhak karo walat

 

luwih becik sing sareh kareben kabeh bisa pikoleh

alon-alon kareben bisa kelakon

kabeh iku ora kena nglalekake manembah

lan sumarah marang Gusti Allah

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

35.     WANCI SORE ING TLATAH PALU

 

Dhuh Gustiku

apa iki sing diarani bebendu?

nistha temen awakku

ora kuwawa sambat, amung tumungkul marikelu

muga kalis saka sakehing reridhu

 

Bumi malik gonjang-ganjing

prasasat nyirnakake pikiran wening

prasasat nglalekake rasa eling

jiwa raga mosak-masik kebanting montang-manting

dhuh Gustiku

amung sih welas paduka muga tansah kula sandhing

 

Banyu segara mbleber wutah... uwal saka wadhah

ngukut sakehing sangkrah tanpa arah

sabarang kalir karuda peksa kajarah rayah

tan bisa anglawan anane mung pasrah

 

Sakehing reriptan ing sandhuwuring bumi ambles

kaya kakukut tanpa maelu tapel wates

tanpa nyisa sakabehe sirna cures

dhuh Gusti...

menapa menika wohing piwales?

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

36.     PASRAH

 

Yen wis ketaman reridhu

amung sumendhe ing ngarsane Hyang Widhi...

muga enggal manggih rahayu

 

Yen wis ketaman cintraka

amung sumeleh ing ngarsane kang maha kuwasa

muga enggal manggih mulya

 

Yen wis ketaman bilahi

amung tansah ngagungake asmane Gusti

muga enggal pinaringan pangaksami

 

Yen wis ketaman...

bakal ngudarasa nyuntak sanggan

kang mepalangi dalan

mung marang Pangeran

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

37.     PANANDHANG

 

Apa kowe ngerti

ing eseme wong tuwamu iku ana tangis

rumangsa prihatin si anak padha kakehan polah

ndedongan lan wiridan wis padha ora betahapa meneh sumarah manembah mring Gusti Allah

jarene ora paedah...urip aja digawe susah

 

Apa kowe krungu

ing guyune wong tuwamu iku ana pisambat

rumangsa miris si anak tansah memitran karo maksiyat

ora tanggap glagat yen donyane meh kiyamat

nguja kekareman ra perduli raga sekarat

sanajan diweleg pituduh naging tetep mbejijat

jarene ora mupangat... urip kudu digawe nikmat

 

Apa kowe ora krasa

ing bagya mulyaning wong tuwamu iku ana panalangsa

rumangsa gela si anak padha tumindak duraka

padha nyingkur pituduh lan kawruh utama

dina-dina tansah kapanjingan suka

datan maelu welas asihe sudarma

datan mituhu piwulange dwija

jarene ora guna... urip kudu digawe suka rena

 

Gagasen panandhange wongtuwamu

dina-dina mung nyandhing memala.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

38.       CATHETAN SING MEH KECICR ING ESUK IKI

 

Nalika keprungu tangismu kejer

ilang sakabehe geter

akeh sing padha alok jare bakal dadi bocah pinter

 

Dinane lumaku sajak digelak cepet

kabeh dipecaki kanthi greget

senajan kadhang kala ana sandhungan reribet

kabeh ditampa kanthi ati teteg tanpa ana rasa pingget

 

Ing mangsa-mangsa tinamtu

manekung khusuk rama lan ibumu

tanpa kendhat nyenyuwun tansah sinandhing rahayu

gangsar lancar sakabehing laku

katekan gegayuhan lan pepenginan kang diluru

 

Ing antarane kekarepan kang digegadhang

dadia damar sing bakal aweh pepadhang

mbengkas pepeteng lan panandhang

 

Terkadhang pepenginan ora jumbuh karo kanyatan

aja kemba...

tetepa mlaku mecaki dalaning panguripan

sinartan ati teguh pikir semeleh lan ulat sumeh

 

Wilujeng tanggap warsa ibu

mugya tetepa rahayu tanpa manggih reridhu.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

39.       PANANDHANGE DRUPADI

 

Kok deleh ana ing ngendi rasa kamanungsanmu, Dursasana?

krungu tangis kekejer dhadha melar mingkus kebak geter

ngruket nggondheli ajining makuthane wanita

kowe mung mesem sajak wis kalegan marem

 

kokdeleh ana ngendi  rasa welasmu, Dursasana?

nyekseni sang Drupadi kaglandhang kanthi nyangga wirang

tanpa bisa nduwa tanpa bisa mbela jiwa raga

kowe mung ngguyu latah karo bengok-bengok  sora

 

Jarikmu dudu mung mori wantah, Drupadi

nanging cathetan sejarah tumrap kawengisane Dursasana

sanajan kabredhel nanging tetep kekeh

ngayomi saka takdir nglegena

 

Ukelan rikmamu kang kasil wudhar jalaran kajambak lan kalarak

dadi seksi tumrap kawengisane Dursasana

sing kepengin ngrudapeksa ajining wanita

mbaka sawiji bakal namakake piwales marang kang tumindak ina

Dursasana kudu siyaga mapag pungkasane jantra

lebur dening laku utama

 

Mbesuk...

nalika baratayuda

ing tegal Kurusetra

kabanjut dening Sang Bima

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

40.       MAPAG TAUN ANYAR

 

Apa isih kurang cetha

iki wis dudu sasmita

nanging kasunyatan kang katon ngegla

bebaya dumadakan teka tanpa bisa nduwa

bebendu iki nyata

ing panutupe Desember taun iki

ngedab-edabi...nggegirisi...

 

Aja mung nguja kasenengan

aja mung nguja kemareman

sumenea kanggo ngagungake asmane Pangeran

tindakna kewajiban

manengku puja ora mung saderma kewajiban

tindakna kewajiban

mumpung isih ana kalodhangan

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

41        BEKTINE RAMAWIJAYA MRING SUDARMA

 

Sapa sing ora ngerti lelakone Rama

siyaga kawisudha jumeneng nata

nggenteni kalenggahane kang rama Dasarata

bakal amengku lan angemban praja Ayodya

 

Sapa sing ora ngerti pakartine Kekeyi

kumawani angendhak angger-angger suci

sing kalah sekti karo wetune janji

kepriyea wae janji kudu diugemi

 

Angluh sang Dasarata dupi midhanget ature garwa

tuwuh perang batin kang agawe geter ing jiwa

padha abote sesanggan kang sinangga

sang Dasarta kadhung  kalindhih ing ubaya

 

Bharata pancen awatak satriya

minangka kadang taruna kudu bekti mring kadang wredha

bakal nyelehake sanggan kraton Ayodya mring Rama

sing kuwawa mbengkas lan nyirep harda

 

Ananging Rama uga berbudi lir dewa

tan lila sang sudarma cidra ing upata

Bharata tan kena nyelaki karsa

kanthi piwulang Astha Brata

Bharata sendika ing karya

angrungkebi Ayodya.

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

42        GURIT KAGEM IBU

 

Yen aku lagi nangis kekejer

rumangsa kedhodhog atimu nganti krasa geter

terkadhang mung kepingin aweh bebener wae, nganti ora bisa pener

mangka sedyamu aja nganti kabeh keblinger

 

Yen aku lagi kebranang

rumangsa kasrimpung lakumu tan bisa ngoncati pepalang 

terkadhang nganti tuwuh rasa was sumelang

melang-melang aja nganti dadi panandhang

 

yen aku lagi keduwung

rumangsa kebidhung atimu nganti krasa lewung

terkadhang nganti tuwuh rasa bingung

tansah memuja aja nganti dadi kumprung

 

Ya kaya ngono mau sawijining ibu

tansah memayu hayuning laku

tansah ambuncang sakehing reridhu

tanpa ngarep-arep paweweh lan pisungsuning sunu

 

Aja takon apa sebabe

sebab kabeh iku wis manunggal lan runtut nalurine

 

ibu.......

senajan mengko adoh laku jantraku

isih daksuwun reroncening donga lan pangestu

kanggoku

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...