Pages

Friday, March 26, 2021

TEMBUNG GARBA BASA JAWA

 Tegese Tembung Garba

Yaiku: Tembung loro (2) sing pungkasane aksara swara (vokal) lan tembung sing wiwitane uga aksara swara (vokal) didadekake siji (1) kanthi ngurangi jumlah wandane (suku kata), amarga ana swara kang dadi luluh.

Tuladha: 
Tembung 1.    Prapta (pungkasane swara a) dumadi saka 2 wanda, prap - ta
                2.    Ing (wiwitane swara i) dumadi saka 1 wanda, ing

Tembung prapta + ing     didadekake siji. Swara a + i  luluh dadi e. Manawa didadekake siji banjur dadi prapteng. Prapteng kalebu tembung garba

Pangrimbag Liyane

1.    a + a            = a        Tuladha:    Wanodya + ayu            = Wanodyayu
 
2.    a + i lan e    = e        Tuladha:    Prapta + ing                  = Prapteng 
                                                          Karya +  enak               = Karyenak

3.    a + u            = o        Tuladha:    Nara + utama                = Narotama

4.    i + i              = i        Tuladha:    Siti + inggil                   = Sitinggil

5.    i + a             = ya      Tuladha:    Dupi + arsa                    = Dupyarsa

6.    i + u lan o    = yo      Tuladha:    Dadi + ujar                    = Dadyojar
                                                           Sami + oncat                 = Samyoncat

7.    u + i            = we       Tuladha:    Tumuju + ing                = Tumujweng

8.    u + a           = wa        Tuladha:    Ratu + agung                = Ratwagung
  
                                                                  






Saturday, March 20, 2021

CANGKRIMAN BEDHEKAN BASA JAWA

 1. Tegese Cangkriman

    Manut Bausastra Jawa  bausastra iku bahasa indonesiane padha karo kamus.

Cangkriman asale saka tembung cangkrim sing tegese bedhek utawa batang, dadi cangkriman bisa ditegesi bedhekan utawa batangan. Ana maneh sing negesi manawa cangkriman iku tetembungan, ditata kanthi runtut kang teges utawa isine ngemu karep supaya diwangsuli. Saka katrangan iku  bisa dijupuk dudutane utawa kesimpulane, manawa cangkriman iku  padha karo unen-unen utawa tetembungan sing kudu dibedhek utawa dibatang utawa diwangsuli

2. Gunane Cangkriman

    Cangkriman iku lumrahe mung digunakake kanggo sarana dedolanan utawa gegojekan yen pinuju jejagongan karo kanca ing kalane nganggur. dadi cangkriman iku mung kanggo ngisi wektu pinuju lodhang utawa longgar wae. Nanging ana uga sing nggunakake, manawa cangkriman iku bisa kanggo ing wektu kang wis ditemtokake lan ana ing kahanan kang mirunggan. Ing kene gunane cangkriman wis ora kanggo sarana dedolanan meneh, nanging wis kanggo sarana ngasah pikir supaya luwih lantip utawa pinter.

3. Perangane Cangkriman

    a. Cangkriman pepindhan

    Sing diarani cangkriman  pepindhan yaiku: cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya    barang sing dikarepake utawa barang saknyatane.  Dadi cangkriman pepindhan iku pancen cangkriman sing dijumbuhake karo irib-iribane (kemiripan) barang sing dikarepake. Gandheng cangkriman pepindhan iku mau dijumbuhake karo irib-iribene barang sing dikarepake mula cangkriman pepindhan uga bisa diarani cangkriman irib-iriban.

Tuladha:

1.    Pitik walik saba kebon (pitik walik....pitik walik iku pitik sing wulune malik utawa ngener munggah tur saba kebon) kira-kira apa ya? Saweneh barang kang memper karo kahanan pitik walik tur kok saba kebon iku??....ya ... batangane utawa bedhekane  = nanas 


2.    Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo = (wo...la kok iki kabeh kahanane kaya kebo, nanging kok dudu kebo..., gek apa ya?.... nggih batangane gudel, gudel kuwi apa?...gudel kuwi anak kebo


3.    Tibane ngisor digoleki ndhuwur (iki ana sing aneh meneh...nanging pancen kahanane bener mangkono...tibane ngisor digoleki ndhuwur, iku jawabane ...banyu sing trocoh...coba ....yen ana omah trocoh amarga gendhenge bocor kae, banyune tiba mengisor, nanging sing ngerti banjur ndhangak nggoleki gendheng sing manggone ing ndhuwur)


    b. Cangkriman Blenderan


    Manawa  cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang mengku surasa utawa karep nyrekal, amarga pancen tujuwane kanggo nyrekal sing diajak cecangkriman supaya keblender utawa keplesed mbedheke.  Dadi manawa arep mbedhek cangkriman blenderan iki mbutuhake sikap kang ngati-ati, sebab yen ora ngati-ati bakal keblender utawa keplesed temenan.  Iki ora keplesed amarga dalane lunyu ngono kae lho ya...nanging sing dikarepake keplesed tetembungane.

Tuladha:

  1. Wong mati ditunggoni  wong nangis. Lo..lo..piye iki mosok ana wong wis mati ditunggoni wong banjur nangis, gek kepriye kuwi??...katrangne ngene...wong matine ya tetep mati...nanging sing nangis iku wong sing nunggu.
  2. Wong mati dilumpati kucing urip.  Ing cangkriman iki, yen kowe mengko ora ngati-ati, mula banjur maido...mongsok wong mati dilumpati kucing urip....pranyata sing urip iku kucinge...la yen kucinge mati ya ora bisa mlumpat?
  3. Wong dodol tempe padha ditaleni
  4. Wong dodol kambil  padha dikpruki
    Ana ing cangkriman Wong dodol tempe padha ditaleni iku sing ditaleni tempene. tempe sing dibuntel godhong kae lho, dudu wong sing dodol tempe.
    Ana ing cangkriman Wong dodol kambil  padha dikpruki, sing dikepruki dudu wonge ...dudu sing dodol....nanging sing kepruke iku kambile.


c. Cangkriman Wancahan


    Tembung wancahan asale saka tembung wancah sing tegese bisa tugel, bisa cekak. Dadi Wancahan tegese tugelan utawa cekakan bahasa Indonesiane padha karo singkatan. Wancahan sing arep kanggo cangkriman iku kudu dijumbuhake karo unine tembung-tembunge. Dadi Cangkriman wancahan iki wujude mung tugelan utawa cekakaning tembung-tembung  sing arep kanggo cangkriman. La... Lumrahe tembung -tembung ing cangkriman iku anggone nugel utawa nyekak kanthi ngilangake wanda utawa suku kata sing ngarep.  Dadi sing dienggo lumrahe mung wanda sing mburi wae.


Tuladha:

  1. ling cik tu tu ling ling yu (kok kaya bahasa Mandarin) = maling mancik watu, watuné nggoling malingé mlayu 
  2. Pak boletus: Tapak kebo ana lelene satus 
  3. Pak bomba pak lawa pak piut: Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut 
  4. Wiwawite lesbadhonge: Uwi dawa wite tales amba godhonge
  5. Lut mahe ndhut yu mahe rong: welut omahe ngendhut, yuyu omahe ngerong.


d. Cangkriman kang Awujud Tembang


    Cangkriman kang awujud   tembang iku jan-jane mung cangkriman kang ditata kanthi wujud tembang. Lha, tembang sing dienggo iki lumrahe tembang macapat,  lan sing paling kerep dienggo yaiku tembang macapat pocung. Ananging tembang macapat liyane uga ana, kayata tembang Kinanthi, tembang Pangkur, Asmarandana, lsp.  Banjur, cangkriman kang wujude tembang iki, ana sing saben satembang mung ngemu cangkriman siji, dadi  bedhekan utawa batangane mengko  cacahe ya mung siji. Nanging ana uga sing satembangan iku  cangkrimane   luwih saka siji, lan batangan utawa bedhekane  mesthine ya luwih saka siji.

Tuladha:

1. Tembang Kinanthi

Wonten putri luwih ayu,                                             Ana putri kang ayu
Tan ana ingkang tumandhing,                                    ora ana sing nandhingi
Sariranira sang retna,                                                awake kaya emas
Owah-owah saben ari,                                                bisa owah saben dina
Yen rina kucem kang cahya,                                       yen awan sorote kucem/surem
mung ratri mancur nelahi                                           mung yen bengi sumunar sorote 

Batangane yaiku rembulan.

2. Tembang Pocung

Bapak Pocung gedhene saemper gunung
asale ing Plembang
dedegira ageng inggil
yen lumampah Si Pocung lembehan grana

Batangane yaiku kewan gajah

3. Tembang Pangkur

Badheken cangkriman ingwang                     Bedheke cangkrimanku          

tulung-tulung ana gedhang awoh gori            ana gedhan uwoh gori = ditegori

ana pitik ndhase telu                                       ana pitik ndhase telu   = dibuntel wulu

gandhanana endhasnya                                   gandhenana endhase   = sirahe nggandhen

kyai dhalang yen mati sapa sing mikul          dhalang yen mati sapa sing mikul= kadhal  lan walang

ana buta nunggang grobag                              ana buta nunggang grobag = tebu ditata

    selawe sunguting gangsir                         salawe sungute gangsir = sakler  lawe   
                                                                     (sehelai    benang)

Tuladha cangkriman kang sinawung ing tembang Pangkur kasebut, sacangkriman batangane luwih saka siji.


Saiki gatekna tuladha cangkriman kang sinawung tembang Pocung iki! Apa bedhekane utawa batangane cangkriman iki?

Bapak pocung, gawe geger gawe bingung

asale ing Wuhan

kabeh uwong miris wedi

wong sing nandhang kudu gelem karantina.... 




Sunday, March 14, 2021

Jinis Ukara Basa Jawa

 1. Ukara Carita/ andharan (Kalimat Berita)

Yaiku ukara kang isine nyritakake sawijining bab utawa prastawa marang wong liya supaya wong liya ngerti.

      Titikane:         - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca titik /. /


2. Ukara Pakon (Kalimat Perintah)

Yaiku ukara kang isine prentah marang wong liya supaya nindakake bab utawa pakaryan kaya kang dikarepake sing kongkon.

      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /!/

                              - Ana kang nggunakake tembung-tembung kang oleh   

                                panambang  -en, -a, -ana, -na


3. Ukara Pamenging (Kalimat Larangan)

yaiku ukara kang isini menging marang wong liya supaya ora nindakake pakaryan kang dikarepake

      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /!/

                              - Nggunakake tembung-tembung ; aja, ora kena.

4. Ukara Pangajak (Kalimat Ajakan)

yaiku ukara kang isini ngajak marang wong liya supaya bebarengan  nindakake pakaryan kang dikarepake

      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pakon /!/

                              - Nggunakake tembung-tembung ; ayo, mangga, sumangga.


5. Ukara Pitakon (Kalimat Tanya)

Yaiku ukara kang isine awujud pitakon marang wong liya supaya wong liya menehi ngerti/ mangsuli.

      Titikane:          - Kawiwitan aksara gedhe (huruf kapital)

                              - Dipungkasi kanthi tandha waca pitakon/?/

                        - Nggunakake tembung-tembung pitakon; apa, sapa, kapan,  

                            ing ngendi,  kepriye, pira, lsp.




Sunday, March 7, 2021

TATA CARA UPACARA WIYOSIPUN R.A. KARTINI

TATA CARA UPACARA MENGETI DINTEN WIYOSIPUN RADEN AJENG KARTINI, SURYA KAPING SELIKUR (21) WULAN APRIL WARSA KALIH EWU SANGALAS (2019), KAPURWAKAN

1.     Para manggalaning barisan nyiagakaken barisanipun piyambak-piyambak

2.     Manggalaning upacara samekta ing papan upacara

3.     Atur pakurmatan dhumateng manggalaning upacara kapimpin manggalaning barisan ing kanan piyambak

4.     Atur palapuran para manggalaning barisan dhumateng manggalaning upacara

5.     Sesepuh upacara rawuh ing papan upacara, barisan kasiyagakaken

6.     Atur pakurmatan dhumateng sesepuh upacara kapimpin manggalaning upacara

7.     Atur palapuran manggalaning upacara dhumateng sesepuh upacara

8.     Ngibaraken Bendera Merah Putih kalajengaken pakurmatan dhumateng Bendera Merah Putih kapimpin dening manggalaning upacara dipuniringi  lagu Kebangsaan Indonesia Raya

9.     Ngeningaken cipta kapimpin dening sesepuh upacara

10. Waosan teks Pancasila dening sesepuh upacara katirokaken dening sedaya pandherek upacara

11. Waosan Pembukaan Undang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia tahun 1945

12. Tanggap wacana sesepuh upacara

13. Anyekaraken lagu wajib nasional :

a.      IBU KITA KARTINI

14. Waosan pandonga

15. Atur palapuran manggalaning upacara dhumateng sesepuh upacara bilih upacara sampun purna

16. Atur pakurmatan dhumateng sesepuh upacara kapimpin dening manggalaning upacara

17. Sesepuh upacara kepareng jengkar saking papan upacara.

18. Atur pakurmatan dhumateng manggalaning upacara kapimpin manggalaning barisan ing kanan piyambak

19.  Manggalaning upacara kepareng nilaraken papan upacara tumuju papan sakawit

20. Upacara purna, manggalaning barisan ambibaraken  pandherek upacara.

TEMBUNG CAMBORAN KAWRUH BASA RINGKES

KAREPE TEMBUNG CAMBORAN

Yaiku: tembung loro (2) sing didadekake siji lan dianggo bebarengan.

Tembung Camboran Manut Wujude

Tembung camboran manut wujude kaperang dadi loro:

1    Tembung Camboran Wutuh

      Tembung-tembung kang didadekake siji katulis wutuh, kabeh lan ganep
      Tuladha: rumah sakit, pager bata, sepatu sandhal, semar mendem, buntut urang, lsp

2.   Tembung Camboran Tugel.

        Tembung-tembung kang didadekake siji katulis saperangan. Karpe katulis sarana diwancah utawa dicekak.
             
      Tuladha: bangjo (abang ijo), Ndhekmu (cendhek lemu), lunglit (balung kulit), ndelpis (kandel tipis) lsp.

Tembung Camboran Manut Tegese

Tembung camboran manut tegese kaperang dadi loro:

1.    Tembung Camboran Tunggal

       Tembung-tembung kang didadekake siji wis ora bisa ditlesih maneh manut tegese tembung-tembunge, Dadi nduwe teges kang anyar, kang beda banget karo teges tembung sadurunge didadekake siji..
        Tuladha: 
        a.    Semar mendem (dudu semar sing mendem, nanging arane panganan)
        b.    Buntut urang (dudu buntute urang sing urip ing kali, nanging arane rambut sing thukul sirah perangan ngisor)
        c.    Parang rusak (dudu parang kang wis rusak, nanging arane motif bathik)

2.    Tembung Camboran Wudhar.

       Tembung-tembung kang didadekake siji isih bisa ditlesih maneh tegese manut tegese tembung- tembung sadurunge.
       Tuladha:
        a.    rumah sakit (rumah kanggo ngusadani wong-wong sing  lar/sakit)
        b.    sepatu sandhal (sandhal kang ana tutupane memper kaya sepatu)
        c.    pager bata (pager sing kagawe sakan bata)
        d.    buku tulis (buku kanggo ditulisi)
    
        
        
        


                        
                          

Saturday, March 6, 2021

Ukara Lamba lan Ukara Camboran : katrangan ringkes


1.         Ukara Lamba (Kalimat Tunggal)

            Yaiku ukara kang dumadi saora-orane saka jejere mung siji lan wasesane mung siji (1 pola                     ukara)

Tuladha :                

     Aku maca buku.

                        Adhiku mangan kacang

2.         Ukara Camboran (Kalimat Majemuk)

            Yaiku ukara kang dumadi saka rong (2) ukara lamba utawa luwih  (kadadean saka 2 pola ukara             utawa luwih ).

            Tuladha:

             a.    Aku maca buku (ukara lamba)

             b.    Adhiku mangan kacang (ukara lamba)

            Ukara a lan ukara b didadekake siji, dadine:

             Aku maca buku, dene adhiku mangan kacang.

            Ukara a lan ukara b kang didadekake siji iku banjur diarani ukara camboran

    Panulise/ pandhapuke ukara camboran iku ana 2, yaiku:

-          Katulis kanthi tandha waca koma /, /

        Tuladha:

        a.    Arimbi mangan bakso.

        b.    Suryani mangan soto.

        Ukara a lan ukara b didadekake siji nganggo tandha waca  koma /,/: 

        Arimbi mangan bakso, Suryani mangan soto.

-         Katulis kanthi nggunakake tembung pangiket/ tembung panggandheng (kata sambung/kata hubung)

      Tembung pangiket/ tembung panggandheng iku kayata; lan, dene,   mula, amarga, nanging, manawa, sarta, nalika, jalaran, ewadene, suprandene, lan maneh, kaliyan malih, lsp.

        Tuladha: 

        a.    Burhan ora mlebu sekolah.

        b.    Burhan lara panas.

        Ukara a lan ukara b didadekake siji nganggo tembung pangiket:

        Burhan ora mlebu sekolah amarga lagi lara panas

    Ukara Camboran kaperang ana 2 yaiku:

         Ukara Camboran Wudhar (Kalimat Majemuk Setara)

Yaiku ukara loro utawa luwih kang didadekake siji kanthi kalungguhan kang sejajar (ora ana ukara kang kalungguhane minangka katrangan)

 Tuladha:

a. Aku gawe layangan.

b. Adhiku gawe montor-montoran.

Ukara a lan ukara b banjur didadekake siji. Antarane ukara a lan ukara b kalungguhane sejajar, karepe salah siji ukarane ora dadi katrangan ukara liuane.

      Aku       gawe         layangan,       adhiku       gawe          montor-montoran.

      Jejer     wasesa       lesan              jejer         wasesa       lesan

          Ukara Camboran Sungsun/ Tundha (Kalimat Majemuk Bertingkat)

Yaiku ukara loro utawa luwih kang didadekake siji kanthi kalungguhan kang ora sejajar (dadi ana salah sawijining ukara kang kalungguhane minangka katrangan ukara liyane)

Tuladha:

a.    Maria sregep sinau. 

b.    Maria entuk biji apik.

      Maria     sregep        sianu,     mulane bijine apik.

      Jejer      wasesa       lesan       katrangan

Ukara a lan ukara b didadekake siji, lan ukara b dadi katrangan ukara a (kadhapuk kanthi ngilangake jejer ing ukara b). 

 

Ukara Camboran kang Nunggal Jejer

            Tuladha:
            a.    Maria tuku sepatu.
            b.    Maria tuku tas.
            Ukara a lan ukara b didadekake siji: Maria tuku sepatu lan tuku tas.

        Ukara Camboran kang Nunggal Wasesa

            Tuladha:
            a.    Savira njoged Gambyong.
            b.    Nurani njoged Bondhan.
            Ukara a lan ukara b didadekake siji: Savira njoged Gambyong, Nurani Bondhan.

        Ukara Camboran kang Nunggal Lesan

            Tuladha:
            a.    Burhan nonton bal-balan.
            b.    Sumadi ya nonton bal-balan.
            Ukara a lan ukara b didadekake siji: Burhan nonton bal-balan, Sumadi ya nonton.







PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...