Pages

Saturday, March 20, 2021

CANGKRIMAN BEDHEKAN BASA JAWA

 1. Tegese Cangkriman

    Manut Bausastra Jawa  bausastra iku bahasa indonesiane padha karo kamus.

Cangkriman asale saka tembung cangkrim sing tegese bedhek utawa batang, dadi cangkriman bisa ditegesi bedhekan utawa batangan. Ana maneh sing negesi manawa cangkriman iku tetembungan, ditata kanthi runtut kang teges utawa isine ngemu karep supaya diwangsuli. Saka katrangan iku  bisa dijupuk dudutane utawa kesimpulane, manawa cangkriman iku  padha karo unen-unen utawa tetembungan sing kudu dibedhek utawa dibatang utawa diwangsuli

2. Gunane Cangkriman

    Cangkriman iku lumrahe mung digunakake kanggo sarana dedolanan utawa gegojekan yen pinuju jejagongan karo kanca ing kalane nganggur. dadi cangkriman iku mung kanggo ngisi wektu pinuju lodhang utawa longgar wae. Nanging ana uga sing nggunakake, manawa cangkriman iku bisa kanggo ing wektu kang wis ditemtokake lan ana ing kahanan kang mirunggan. Ing kene gunane cangkriman wis ora kanggo sarana dedolanan meneh, nanging wis kanggo sarana ngasah pikir supaya luwih lantip utawa pinter.

3. Perangane Cangkriman

    a. Cangkriman pepindhan

    Sing diarani cangkriman  pepindhan yaiku: cangkriman kang awujud ukara kang memper kaya    barang sing dikarepake utawa barang saknyatane.  Dadi cangkriman pepindhan iku pancen cangkriman sing dijumbuhake karo irib-iribane (kemiripan) barang sing dikarepake. Gandheng cangkriman pepindhan iku mau dijumbuhake karo irib-iribene barang sing dikarepake mula cangkriman pepindhan uga bisa diarani cangkriman irib-iriban.

Tuladha:

1.    Pitik walik saba kebon (pitik walik....pitik walik iku pitik sing wulune malik utawa ngener munggah tur saba kebon) kira-kira apa ya? Saweneh barang kang memper karo kahanan pitik walik tur kok saba kebon iku??....ya ... batangane utawa bedhekane  = nanas 


2.    Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo = (wo...la kok iki kabeh kahanane kaya kebo, nanging kok dudu kebo..., gek apa ya?.... nggih batangane gudel, gudel kuwi apa?...gudel kuwi anak kebo


3.    Tibane ngisor digoleki ndhuwur (iki ana sing aneh meneh...nanging pancen kahanane bener mangkono...tibane ngisor digoleki ndhuwur, iku jawabane ...banyu sing trocoh...coba ....yen ana omah trocoh amarga gendhenge bocor kae, banyune tiba mengisor, nanging sing ngerti banjur ndhangak nggoleki gendheng sing manggone ing ndhuwur)


    b. Cangkriman Blenderan


    Manawa  cangkriman blenderan yaiku cangkriman kang mengku surasa utawa karep nyrekal, amarga pancen tujuwane kanggo nyrekal sing diajak cecangkriman supaya keblender utawa keplesed mbedheke.  Dadi manawa arep mbedhek cangkriman blenderan iki mbutuhake sikap kang ngati-ati, sebab yen ora ngati-ati bakal keblender utawa keplesed temenan.  Iki ora keplesed amarga dalane lunyu ngono kae lho ya...nanging sing dikarepake keplesed tetembungane.

Tuladha:

  1. Wong mati ditunggoni  wong nangis. Lo..lo..piye iki mosok ana wong wis mati ditunggoni wong banjur nangis, gek kepriye kuwi??...katrangne ngene...wong matine ya tetep mati...nanging sing nangis iku wong sing nunggu.
  2. Wong mati dilumpati kucing urip.  Ing cangkriman iki, yen kowe mengko ora ngati-ati, mula banjur maido...mongsok wong mati dilumpati kucing urip....pranyata sing urip iku kucinge...la yen kucinge mati ya ora bisa mlumpat?
  3. Wong dodol tempe padha ditaleni
  4. Wong dodol kambil  padha dikpruki
    Ana ing cangkriman Wong dodol tempe padha ditaleni iku sing ditaleni tempene. tempe sing dibuntel godhong kae lho, dudu wong sing dodol tempe.
    Ana ing cangkriman Wong dodol kambil  padha dikpruki, sing dikepruki dudu wonge ...dudu sing dodol....nanging sing kepruke iku kambile.


c. Cangkriman Wancahan


    Tembung wancahan asale saka tembung wancah sing tegese bisa tugel, bisa cekak. Dadi Wancahan tegese tugelan utawa cekakan bahasa Indonesiane padha karo singkatan. Wancahan sing arep kanggo cangkriman iku kudu dijumbuhake karo unine tembung-tembunge. Dadi Cangkriman wancahan iki wujude mung tugelan utawa cekakaning tembung-tembung  sing arep kanggo cangkriman. La... Lumrahe tembung -tembung ing cangkriman iku anggone nugel utawa nyekak kanthi ngilangake wanda utawa suku kata sing ngarep.  Dadi sing dienggo lumrahe mung wanda sing mburi wae.


Tuladha:

  1. ling cik tu tu ling ling yu (kok kaya bahasa Mandarin) = maling mancik watu, watuné nggoling malingé mlayu 
  2. Pak boletus: Tapak kebo ana lelene satus 
  3. Pak bomba pak lawa pak piut: Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut 
  4. Wiwawite lesbadhonge: Uwi dawa wite tales amba godhonge
  5. Lut mahe ndhut yu mahe rong: welut omahe ngendhut, yuyu omahe ngerong.


d. Cangkriman kang Awujud Tembang


    Cangkriman kang awujud   tembang iku jan-jane mung cangkriman kang ditata kanthi wujud tembang. Lha, tembang sing dienggo iki lumrahe tembang macapat,  lan sing paling kerep dienggo yaiku tembang macapat pocung. Ananging tembang macapat liyane uga ana, kayata tembang Kinanthi, tembang Pangkur, Asmarandana, lsp.  Banjur, cangkriman kang wujude tembang iki, ana sing saben satembang mung ngemu cangkriman siji, dadi  bedhekan utawa batangane mengko  cacahe ya mung siji. Nanging ana uga sing satembangan iku  cangkrimane   luwih saka siji, lan batangan utawa bedhekane  mesthine ya luwih saka siji.

Tuladha:

1. Tembang Kinanthi

Wonten putri luwih ayu,                                             Ana putri kang ayu
Tan ana ingkang tumandhing,                                    ora ana sing nandhingi
Sariranira sang retna,                                                awake kaya emas
Owah-owah saben ari,                                                bisa owah saben dina
Yen rina kucem kang cahya,                                       yen awan sorote kucem/surem
mung ratri mancur nelahi                                           mung yen bengi sumunar sorote 

Batangane yaiku rembulan.

2. Tembang Pocung

Bapak Pocung gedhene saemper gunung
asale ing Plembang
dedegira ageng inggil
yen lumampah Si Pocung lembehan grana

Batangane yaiku kewan gajah

3. Tembang Pangkur

Badheken cangkriman ingwang                     Bedheke cangkrimanku          

tulung-tulung ana gedhang awoh gori            ana gedhan uwoh gori = ditegori

ana pitik ndhase telu                                       ana pitik ndhase telu   = dibuntel wulu

gandhanana endhasnya                                   gandhenana endhase   = sirahe nggandhen

kyai dhalang yen mati sapa sing mikul          dhalang yen mati sapa sing mikul= kadhal  lan walang

ana buta nunggang grobag                              ana buta nunggang grobag = tebu ditata

    selawe sunguting gangsir                         salawe sungute gangsir = sakler  lawe   
                                                                     (sehelai    benang)

Tuladha cangkriman kang sinawung ing tembang Pangkur kasebut, sacangkriman batangane luwih saka siji.


Saiki gatekna tuladha cangkriman kang sinawung tembang Pocung iki! Apa bedhekane utawa batangane cangkriman iki?

Bapak pocung, gawe geger gawe bingung

asale ing Wuhan

kabeh uwong miris wedi

wong sing nandhang kudu gelem karantina.... 




No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...