Pages

Friday, April 30, 2021

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

 Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger:

  • Kedadeyan saka 2 ukara
  • Saben saukara dumadi saka 2 gatra
  • Ukara kaping 1 minangka purwaka
  • Ukara kaping 2 minangka wos/ tegese
  • Nggunakake purwakanthi guru swara

Parikan manut isine dumadi saka:

  • Parikan Pitutur: Parika kang isine pitutur utawa piwulang.
  • Parikan Pasemon: Parikan kang isine mung adhapur kanggo geguyon lan pasemon (sindiran)

Parikan manut wujude dumadi saka:

1.    Parikan Baku

    • Parikan kang dumadi saka 4 wanda + 4 wanda x 2

Tuladha:
  1. Penekan wit, ngnaggo andha    =    4 wanda + 4 wanda
  2. Virus Covid, enggal sirna         =    4 wanda + 4 wanda

    • Parikan kang dumadi saka 4 wanda + 8 wanda x 2

Tuladha:

  1. Mangan tomat, campur karo kolang kaling  =  4 wanda + 8 wanda
  2. Sing semangat, nadyan sekolahe daring       =  4 wanda + 8 wanda

    • Parikan kang dumadi saka 8 wanda + 8 wanda x 2

Tuladha:

  1. Nggelar klasa lungguh njaba, nyawang rembulan purnama  = 8 wanda + 8 wanda
  2. Para mudha yo makarya, mbangun nagara lan bangsa  = 8 wanda + 8 wanda
Cathetan: Mligi parikan 8 wanda + 8 wanda x 2, bisa katulis dadi 4 wanda + 4 wanda x 4.

1    Nggelar klasa lungguh njaba    = 8 wanda
2    Nyawang rembulan purnawa    = 8 wanda
3    Para mudha yo makarya            = 8 wanda
4    Mbangun nagara lan bangsa      = 8 wanda

2.    Parikan Padinan (Mana suka, Bebas)

Parikan Padinan iku saliyane parikan baku yaiku saliyane parikan (4 wanda + 4 wanda x 2, 4 wanda + 8 wanda x 2 lan 8 wanda + 8 wanda x 2 utawa 4 wanda + 4 wanda x 4). Dadi parikanpadinan iku jumlah wandane bebas utawa ora kaya parikan baku, mung wae purwakanthi swarane kudu padha.

 Tuladha:    

1    Gethuk, asale saka tela                    = 2 wanda + 7 wanda
2    Yen ra kepethuk, atimu aja gela      = 5 wanda + 7 wanda
        

















































Sunday, April 18, 2021

TULADHA CRITA CEKAK BASA JAWA

 

LEMAH  TELES....

            Wis nyicil ayem. Gunggunge ana enem atus seket ewu rupiyah. Dhuwit kang dumadi saka lembaran rong puluhan ewon, puluhan ewon lan sing paling akeh lembaran limang ewon rupiyah uga ana lembaran rong ewu rupiyah  iku kanthi ngati-ati dilebokake dhompet banjur disimpen ing lemari kayu cedhak dhipan paturone.

            “Bismillah.... Muga berkah.” Ngono pandongane. Sarminah rumangsa marem lan seneng amarga pepenginan arep nukokake sepedha anake wadon bakal kaleksanan, ya senajan dhuwit sakmono iku mengkone ora bisa entuk barang anyar, ora apa-apa sing baku bisa oleh sepedha  kanggo anake wadon ontang-antinge iku. Mumpuni anake wadon Sarminah  wis sekolah ing SMP. Sekolahane rada adoh saka omahe, manawa mlaku mesakake bocah, numpak angkudes kok ya krasa abot,  awit sedina kudu nyepakake dhuwit wolung ewu rupiyah. Patang ewu kanggo mbayar angkudese, patang ewu minangka kanggo sangune iku wae manawa ana pelajaran olah raga Mumpuni ngaba tambah rong ewu maneh. Wiwit iku Sarminah duwe angen-angen nukokake sepedha anake supaya anake numpak sepedha wae manawa sekolah dadi bisa luwih ngirit pametu saben dinane. Nanging ya kuwi... dhuwit sing kanggo tuku sepedha sing durung ana, mula Sarminah nyoba nyisihake dhuwit saka anggone buruh srabutan. Sarminah pancen dadi wong tuwa ijen tumrap anake wadon jalaran Margita ya bapake Mumpuni wis sawetara wektu katimbalan Gustine. Tilar donya. Wiwitane Sarminah ambruk. Ambruk kapercayane amarga ditinggal bojo, ya ambruk ekonomine jalaran sasuwene tembayatan karo Margita ya mung Margita sing golek lan ngasilake dhuwit kanggo keluwargane kanthi dadi tukang batu.

            “ Sing sabar ya Nah...” Panglipure bapak lan emboke Sarminah nalika Margita tilar                        donya.

            “ Diiklasne ya Nah....ben Margita entuk dalan kang padhang disandhing ing Gustine...”                   Iku swarane Partinah ya mbakyune  Sarminah.

            “ Kowe kelangan bojo, Puni kelangan bapak.. aku kelangan anak, Nah...Kabeh getun,                      kaben susah... nanging aja nganti kedlarung-dlarung anggone nggegetun... elinga                Puni... Puni mbutuhake pangrengkuhmu, mbutuhake katresnanmu... mung kari kowe  wong tuwane Puni...Percayaa Gusti mesthi kagungan kersa sing becik lan endah ing  sanjerone kedadeyan iki. Yakina, Nah Gusti ora bakal tega karo umate.” Iku kandhane bapake Margita ya mara tuwane Sarminah kanthi swara sing katon ditatag-tatagake. Ya ukara saka mara tuwane iku sing bisa nglelipur lan ngyakinake Sarminah supaya tetep tabah, sabar, kuwat lan iklas. Pancen bener, Sarminah ora kena nglokro, ora kena nggresula, ora kena nutuh kahanan. Kabeh wis tinulis dadi takdire kudu pepisahan karo bojo sing wis ngancani mecaki dalaning urip kurang luwih limo las taun. Sarminah kaya antuk daya kanggo nerusake dalaning uripe, amarga ana anake wadon ya si Mumpuni sing kudu diopeni, ditresnani lan digala-gala supaya dadi bocah kang sholikhah lan tansah sinandhing ing kabejan. Sarminah uga gumregah... Kanggo nyambung uriepe lan anake wadon. Dheweke golek gaweyan buruh-buruh ngrewangi tangga teparo sing kerepotan, pagaweyan apa wae senajan  pagaweyan kasar ora nate nampik, sing baku isih ana dalane Gusti. Lan nyatane saben dina ana wae sing nggunakake tenagane. Rejeki minangka Opah saka anggone nyambut gawe digemeni, diati-ati nganggone, mulane sanajan opahe ya mung sakpawehe sing padha nggunakake tenagane, Sarminah ya isa nyisihake saperangan dhuwite. Enem atus seket ewu rupiyah. Iku saka anggone nyisihake ing wektu kurang luwih pitung sasi.

             “Alhamdulillah...” Sarminah ngucap syukur marang Gusti kang akarya jagad. Dhuwit semono bakal kanggo nukokake sepedha anake wadon. Wingenane wis madik-madik nonton sepedha sakregane pisan ing toko Sahabat duweke Pak Han. Sing disir sepedha mini bekas nanging barange ya isih apik lan regane ya murwat lan sing paling baku dhuwit anggone keklumpuk wis nyukupi kanggo ndhuwiti sepedha kasebut.

            “ Lik Nah....Lik Nah....” Sarminah kaget. Ana kang ngundang jenenge. Keprungu sajak kesusu. Sarminah menyat saka papane ngener saka asale swara. Lawang dibukak. Ing ngarepe katon Sawaldi anake mbakyune kang sajak gupuh ora sranta.

            “ Kosik ta Di...Iki ana apa?” Pitakone Sarminah sajak bingung marang ponakakne.

            “ Anu Lik Nah... Kae...kae...” Wangsulane Sawaldi groyok. Sarminah ngleremake                           ponakane kanthi nuntun diajak lungguh.

            “ Bapak tiba neng tritisan, Lik... Iki digawa nyang Rumah Sakit kae mau durung eling...” Kandhane Sawaldi. Sarminah kaget lan gemeter.

            “ Mboke mau ngakon... yen Lik Nah nduwe dhuwit kon nyilihne dhuwit kanggo jagan nebus obate bapak  neng Rumah Sakit. Sakanane wae. Amarga Mboke lagi ora nduwe dhuwit Lik Nah.” Bacute Sawaldi. Sarminah durung mangsuli, isih meneng, katon bingung.

            “ Yen ora ana ya ora apa-apa kok Lik.”

            “ Mengko dhisik Di, Entenana sedhela!” Pakone Sarminah karo ninggalake Sawaldi sing isih lungguh ing kursi kayu lawas kang prasaja iku. Sarminah mlebu kamar. Sing diener lemari kayu cedhak paturone. Alon-alon lemari dibukak. Dhompet sing durung suwe disimpen ing lemari iku dijupuk. Kanthi ngati-ati dibukak ditokake isine. Isih genep enem atus seket ewu rupiyah. Sarminah ngunjal ambegan landhung. Ing atine dumadi peperangan kudu ngalahake kepentingan sing endi. Dhuwit iku anggone lumpuk-lumpuk kanggo nukokake sepedha anake wadon. pitung sasi anggone nglumpukake. Nanging ing wektu iki mbakyune lagi butuh dhuwit amarga bojone lara ing rumah sakit. Manawa diwenehake mbakyune ateges wektu iki ora bisa nukokake sepedha anake, anake kudu numpak angkudes sing saben dina kudu cucul dhuwit patang ewu rupiyah. Manawa ora diwenehake mbakyune??? jane ya ora apa-apa, Sawaldi mau kandha nyilih yen Sarminah nduwe dhuwit, bisa wae Sarminah kandha manawa lagi ora nduwe dhuwit utawa nduwe dhuwit nanging arep kanggo keperluane dhewe....Sepisan maneh Sarminah ngunjal ambegan landhung. Wewayangan rong taun kepungkur ngosik pikirane, wewayangan nalika katemben ditinggal bojone... kaya ngapa rekasane dadi randha, kaya ngapa rekasane dadi wong tuwa ijen, kaya ngapa rekasane kudu golek lan ngubetake butuh ijen??? Sarminah menyat saka lungguhe. Niyate wis gilig. Dhuwit simpenen sing didama-dama kanggo nukokake sepedha anakke bakal diwenenhake mbakyune.

            “ Dhuh Gusti...mugi pakdhene Puni Panjenengan paringi saras.” Pandongane Sarminah. Sarminah agahan marani Sawaldi karo nggegem dhuwit enem atus ewu rupiyah Nanging Sawaldi ora ana ing panggonane.

             “ Gek menyang endi bocah iki?” Grenenge Sarminah.

             “ Di....Di...” Pangundange Sarminah, Sawaldi ora wangsulan. Sarminah jumangkah menyang njaba mbok menawa Sawaldi  ana ing ngarep, nanging ora ana. Ing ngarepan Sarminah clingukan nggoleki Sawaldi.

            “ Di...Di...” Sepisan maneh Sarminah nyeluki jenenge Sawaldi. Tetep ora ana

            “ Apa Mak... ana apa? Mak...Mak....” Pangundange Puni.

            “ Mak....tangi, Mak...” Sepisan maneh Puni ngundang Make karo nggoyog-hoyog awake emake. Sarminah melek...ing sisihe Puni lungguh karo isih nyekeli tangane emake. Sawaldi ora ana ing cedhake.

            “ Ngimpi apa ta Mak...kok nganti nglindur nyeluki Mas Di, Mas Di wis mulih.”

            “ Sawaldi wis mulih? Dadi mau mrene?” Pitakone Sarminah, Puni mung manthuk ngiyani.

            “ Mas Di mrene ngeteri sepedha diwenehake aku. Jare kon nggo sekolah aku Mak.” Swarane Puni njlentrehake, Sarminah isih meneng durung pati mudheng.

            “ Mas Di nukokake sepedha kanggo aku Mak.” Puni ngyakinake make. Sarminah kami tenggengen, Kaya ora percaya karo apa sing dumadi. Nanging kabeh pancen dumadi, nyata ora ngimpi. Bola-bali Sarminah ndremimil ngucap syukur marang ngarsane Gustine. Mumpuni bisa nduwe sepedha jalaran sih welase Sawaldi ya anake mbakyune, lan kakang ipene tetep seger waras. Saya wuwuh kapercayan lan yakine Sarminah marang Sing Maha Kuwasa.

 

Sunday, April 11, 2021

UNSUR INTRINSIK CRITA BASA JAWA

 Tema

Yaiku sing dadi underane prakara crita utawa perkara kang dadi punjere crita.

Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan, sesrawungan, katresnan, lsp.

Paraga

Yaiku pelaku kang mbangun cerita.

Paraga bisa dimangerteni karakter utawa watake saka:

a.    Tumindake/ tinkah lakune

b.    Pangrengkuhe utawa tanggapane marang saka paraga liya

c.    Lingkungan

d.    Pacelathon antarane paraga

Watak bisa kaperang dadi:

  1. Protagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak becik (seneng tetulung, wicaksana, loma, disiplin, sabar, andhap asor, lsp)
  2. Antagonis, paraga kang duweni sifat/ tumindak ala (angkara murka, drengki, srei, getapan/ gampang nesu, galak, lsp)
  3. Tritagonis, paraga kang duweni peran pembantu (figuran)

Setting

Yaiku papan , wektu lan swasana kadadeane crita.

-    Papan: pasar, sawah, dalan, kantor.

-    Wektu: esuk, awan, sore, bengi

-    Swasana: susah, bungah, nrenyuhake, sumelang, lsp

Alur/ Plot

Yaiku lakune cerita saka wiwitan nganti pungkasane crita.

Alur bisa kabedakake:

- Alur maju (progresif) Dicritakake kanthi runtut saka wiwitan tekan pungkasane

    Alur maju umume dumadi saka tataran:

    a.    Pitepungan: nepungake peprincene paraga

    b.    Konflik: Wiwit ana prekara

    c.    Klimaks: Prakara wiwit ndeder

    d.    Anti Klimaks: Prakawa wis wiwit mendha

    c.    Karampungane crita: Pungkasane crita. Bisa kapungkasan seneng (happy ending) lan susah.

- Alur mundur (flashback) Dicritakake akibat dumadine kedadeyan lagi dicritakake sebab-sebabe.

- Alur campuran  

Cara Pamawas (Sudut Pandang)

Yaiku kalungguhane pengarang ing sajroning crita. Saben pengarang nduwe cara pamawas kang beda-beda.

a.    Wong Kapisan (orang pertama)

        Pengarang mapanake awake ing crita kanthi dadi paraga "aku" (pengarang ana ing sanjerone crita

b.    Wong Katelu (orang ketiga)

        Pengarang mapanake awake ing sanjabane crita. Anggone nyritakake bisa kanthi nganggo tembung "dheweke" lan langsung nggunakake jenenge paraga.

Amanat

Yaiku: Pesen kang bakal diwenehake marang sing padha maca/ ngrungoake crita.

Sunday, April 4, 2021

RPP BAHASA JAWA KELAS 8 GENAP LEGENDA


RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 3)


Satuan Pendidikan : SMP Negeri                                                         Karanganyar
Kelas/ Semester     : VIII/ ( Genap )
Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )
Materi Pokok         : Teks Narasi Asal    Usul Tempat
Alokasi Waktu : 4 x 40 (2 pertemuan)
                           * Minggu ke 3 Februari                             * Minggu ke 3 Maret

A.        KOMPETENSI DASAR

3.3. Memahami isi teks cerita Legenda

 

B.        TUJUAN PEMBELAJARAN

            Pertemuan Pertama

1.         Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit dalam konteks kalimat.

2.         Mengidentifikasi kata majemuk (tembung camboran)

3.         Menjawab pertanyaan dengan ragam krama

4.         Mengungkapkan nilai-nilai luhur yang terdapat dalam cerita legenda secara tertulis

            Pertemuan Kedua

1.         Meringkas isi teks legenda asal usul tempat

2.         Menuliskan unsur intrinsik  teks legenda

  

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

            Pertemuan Pertama

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 




 Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 



Penutup (10 menit)

  • Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa
  • Apersepsi: Menanyakan kepada peserta didik tentang cerita legenda beserta contohnya
  • Menyampaikan tujuan pembelajaran.
  • Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas) 

  • Memberikan tayangan power point tentang materi teks Dumadosipun Rawa Pening”  termasuk kata-kata sulit, tembung camboran, dan nilai-nilai luhur yang ada didalam teks
  • Mengadakan tanya jawab tentang materi
  • Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)
  • Mengumpulkan hasil tugas LK

  • Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan
  • Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)
  • Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas
  • Informasi kegiatan yang akan datang
  • Penguatan yang berhubungan dengan sikap



Pertemuan Kedua

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 


 


Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 


 Penutup (10 menit)

  • Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa
  • Apersepsi: Membangun ingatan siswa tentang isi teks legenda  dan kosa kata yang terdapat didalamnya
  • Menyampaikan tujuan pembelajaran.
  • Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas)

 

  • Memberikan tayangan power point tentang materi teks legenda dengan judul Dumadine Kutha Salatiga lan Boyolali termasuk unsur-unsur intrinsik yang ada didalam teks.
  • Mengadakan tanya jawab tentang materi
  • Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)
  • Mengumpulkan hasil tugas LK

 

  • Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan
  • Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)
  • Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas
  • Informasi kegiatan yang akan datang
  • Penguatan yang berhubungan dengan sikap



 

D.        PENILAIAN

1.         Penilaian Sikap
            Keaktifan siswa dalam bertanya dan  menanggapi kegiatan 
            pembelajaran lewat grop Wa  dan kesantunan bahasa yang digunakan             
                                                                                                                     
2.        Penilaian Pengetahuan     
            Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google  form                  
                                                        
3.         Penilaian Keterampilan      
            Hasil mengerjakan LK
.
                                                                                  Karanganyar,   Juli 2020
            Mengetahui
            Kepala SMP N 2 Karanganyar                              Guru Bahasa Jawa
 
            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                           Dra. Sulistyowati

            NIP. 19601006 198112 2 003                               NIP. 19670408 200701 2 016


Lampiran 1

            Legenda yaiku crita rakyat jaman biyen kang ana gegayutane karo kedadeyan lan mula buka dumadine papan panggonan. Mulane legendha kerep dianggep minangka “sejarah kolektif” . Sananjan mangkono, amarga akeh kang ora tinulis mula wis akeh ngalami owah-owahan satemah terkadhang beda karo crita asline. Bab iki ora bisa diselaki jalaran sumebare crita iki akeh-akehe mung sarana gethok tular.

 

ASAL-USULIPUN RAWA PENING

Ngasem menika nami dhusun ingkang kalebet wewengkon Kecamatan Ambarawa, Kabupaten Semarang. Kacariyos ing Ngasem wonten padhepokan kondhang. Sedaya puthut lan endhang sebatan kangge murid jaler lan estri sami mongkog manahipun pikantuk tuladha saking guru ingkang asma Ki Hajar Salokantara. Ki Hajar kagungan budi wicaksana. Dene muridipun nama Ni Endhang Ariwulan ingkang elok lan ayu.

Satunggaling dinten Ni Endhang bingung pados peso ingkang biyasanipun kangge nyigar pinang ingkang badhe dipuncawisake kangge sesajen wayah dalu. Kanthi ati kapeksa, piyambakipun matur dhateng Ki Hajar supados kersa ngampili peso. Ki Hajar kaget, nanging amargi sampun mepet wekdalipun, peso wau dipunparingaken kanthi wanti-wanti supados ngatos-atos lan sampun ngantos peso kaselehaken ing pangkon.

Nanging Ni Endhang kesupen. Peso kaselehaken wonten pangkonipun. Sanalika peso ical. Ni Endhang ngadhep Ki Hajar rumaos lepat, nanging ingkang dipunlapuri boten duka.

Sawetawis dinten, Ngasem geger amargi Ni Endhang Ariwulan nggarbeni. Ki Hajar Salokantara banjur dhawuh Ni Endhang ngadhep. Ki Hajar badhe tapa brata ing Redi Telamaya lan maringi pirantiawujud gentha utawa klinthingan ingkang badhe migunani kangge jabang bayi.

Boten dangu jabang bayi lair awujud naga. Nanging polahipun kados jabang bayi sanes, saged nangis lan ngucap. Wingka katon kencana, jabang bayi wau tetep dipunopeni kanthi asih tresna ngantos dewasa. Warga ingkang sumerep naga menika boten telas-telas anggenipun ngawon-awon.

Naga ingkang sampun dewasa kalawau ing satunggaling dinten nyuwun priksa dhumateng Ni Endhang, sinten sejatosipun bapakipun, Ni Endhang maringi priksa menawi Ki Hajar menika bapakipun ingkang saweg tapa brata ing Redi Telamaya.

Naga lajeng mbekta klinthingan, nusul ing Telamaya. Ni Endhang saking katebihan ngetutaken. Naga wau medal lepen ingkang dawa, leren ing ngandhap selo, ingkang samenika dipunwastani selo sisik lan nerasaken lampah ngambah rawa, salajengipun liwat Kaligung, lerem malih ing satunggaling selo ingkang nama Sela Gombak.

Boten kesupen naga wau ngginakaken klinthinganipun.Ingkang sami sumerep lan mireng klinthinganipun naga ingkang ngangge sumping menika lajeng marabi Baru Klinthingan utawi Baru Klinthing.

Saking dinten, wulan lan taun sampun dipunlangkungi, Baru Klinthing dereng saged manggihaken panggenanipun Ki hajar Salokantara. Malah samenika kendha boten gadhah daya. Nanging saking katebihan mireng kidung lamat-lamat kados kidungipun Ni Endhang Ariwulan.

Saking ketebihan Ni Endhang ngetutaken Baru Klinthing ingkang sampun manggihaken papanipun Ki Hajar Salokantara, lajeng manggen ing Sepakung. Ni Endhang mapan ing celak sendhang. Sendhang menika lajeng kasebat Sendhang Ari Wulana.

Ing pertapaan Telamaya, Ki hajar kaget mriksani naga ingkang dumugi lajeng manthuk-manthuk ngormati ing sangajengipun. Ki hajar pirsa menawi naga kalawau sanes naga ingkang ala, nanging naga ingkang gadhah manah becik. Naga wau lajeng matur dhumateng Ki hajar Salokantara. Saya kaget Ki Hajar, amargi boten nginten menawi naga wau saged wicanten.

Naga lajeng nyuwun pirsa, menapa leres menika dhusun Telamaya, pertapanipun Ki Hajar Salokantara. Ki hajar ngleresaken. Baru Klinthing bingah, lajeng matur menawi Ki hajar menika tiyang sepuhipun ingkang sampun dangu dipunpadosi ing paran. Boten kesupen Baru Klinthing lajeng sujud. Ki Hajar dereng pitados saestu, mila lajeng maringi pitakenan dhumateng Baru Klinthing sinten ibunipunlan saking pundi papan dunungipun. Baru Klinthing caos wangsulan  menawi ibunipun asma Ni Endhang Ariwulan saking Ngasem. Ugi boten kesupen Baru Klinthing nedahaken klinthingan tilaranipun Ki hajar Salokantara.

Ki Hajar ngendika menawi klinthingan menika dereng cekap, amarga ing donya menika boten wonten ingkang gampil, nanging kedah wonten lelabetan lan kedah wonten panebusanipu. Supados saged dipunanggep putranipun Ki hajar, Baru Klinthing kedah nglampahi laku tarak brata. Laku tarak brata menika mlungkeri Redi Kendhil ngantos tepung galang.Tanpa dipunmangertosi Baru Klinthing, Ki hajar ngetutaken saking wingking.Baru klinthing lajeng mlungkeri Gunung Kendhil ingkang dipundhawuhaken Ki Hajar, nanging sirah lan buntutipun boten tempuk, kirang sakilan. Pungkasanipun Baru Klinthing nyambung ngangge ilatipun. Ki Hajar lajeng medal mlumpat mungkes ilat menika.

Baru Klinthing kelaran nanging lajeng lerem manahipun. Ki Hajar maringi priksa menawi kekiranganipun boten saged dipuntutupi ngangge ilat, amargi ilat menika pusaka ingkang ampuh boten wonten tandhingipun. Ilat, jembare mung sawelat, nanging darbe khasiyat. Yen pinuju nuju prana, bisa amemikat, yen tan pener, bisa gawe getering jagad, “pratelane Ki hajar.

Baru Klinthing lajeng nerasaken tarak brata lan ilatipun kedamel pusaka ingkang awujud tombak Kyai Baru Klinthing

Dinten, wulan, lan taun sampun kawuri, badanipun Baru Klinthing ingkang mlukeri redi sampun boten ketingal. Ingkang ketingal namung suket lan wit-witan ingkang ageng ing wana. Ki Hajar lajeng manggihi Ni Endhang, maringi priksa supados Ni Endhang mapakaken putranipun Baru Klinthing ing Dhusun Pathok menika kanthi laku ngrame.Pathok dhusun ingkang gemah ripah loh jinawi, nanging warganipun boten gadhah raos syukur.

                        Wekdal menika warga Pathok nembe ngawontenaken pista panen raya. Salah satunggalipun warga ingkang badhe mecah woh pinang kangge campuran susur, anggenipun mecah dipuntataki wit ingkang sepuh lan cemeng sanget. Jebul kajeng wau badanipun naga ingkang nama Baru Klinthing.

 

Naga lajeng dipunkethok-kethok kangge pista. Boten kanyana-nyana sukma Baru Klinthing ngetutaken warga ingkang mantuk sarana njilma dados pemudha bagus, gagah nanging reged. Namanipun Jaka bandung. Nalika pista pemudha wau nyuwun pangan nanging dipunsingkang-singkang. Pungkasanipun pemudha wau malah dipunsukani piwulang dening mbok randha ingkang asma Ni Endhang Ariwulana. Sasampunipun nedha lan criyos, jaka kalawau nilar pesen menawi mangke wonten swanten gumuruh simbok kedah mlebet lesung mbekta enthong lan sangu saprelunipun

Jaka Bandung lajeng wangsul malih ing salebeting pistanipun para warga lan nyobi nyuwun tedhan malih.Nanging malah dipuntampik lan dipunisin-isin. Mila jaka nantang sinten ingkang saged njabut sada wau badhe dipunsembah ping pitu. Nanging boten wonten setunggal-setunggala ingkang saged.

Jaka bandung ingkang lajeng njabut sada wau. Sakala toya nyembur saking siti sakathah-kathahipun, njalari banjir bandhang ngelebaken dhusun saisinipun.

            Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit ingkang aran Gunung Kendhalisada. Semanten ugi dhusun ingkang keleb amargi lumebering toya tilas sada, lajeng dados tlaga ingkang bening toyanipun, ingkang katelah Rawa bening ingkan samenika kasebat Rawa Pening.

 

Tembung Camboran (Kata Majemuk)

            Tembung jamboran, tembung loro utawa  sing digandheng dadi siji banjur dianggo bebarengan.

            Manut wujude,  tembung camboran kaperang dadi 2:

            a. Tembung  camboran wutuh. Kabeh tembunge katulis wutuh.

                Tuladha: rumah sakit, sepatu sandhal, pager wesi, lan liya-liyane.

            b. Tembung camboran  tugel. Tembunge ana sing ditugel utawa di wancah.

                Tuladha: bangjo, ndhekwur, dhelik, lan liya-liyane.

            Manut tegese,  tembung camboran kaperang dadi 2:

            a. Tembung camboran wudhar.

                Tuladha: rumah sakit, sepatu sandhal, pager wesi, lan liya-liyane

            b. Tembung camboran tunggal

                Tuladha: semar mendem (arane panganan)

                               buntut urang ( rambut njlenthir ing ndhuwur githok)

                               parang rusak (arane motif bathik)

 

Dumadine Kutha Salatiga lan Boyolali

Ing desa Tembayat, kaprenah ing kidul wetan kutha Klaten wetan dohe udakara  8 km, ana pasarean gedhe, dadi papan pasujarahane wong saka manca desa lan kutha, dene sing sumare ana ing kono kasebut Sunan  Tembayat.

Sunan Tembayat mono uga sawijining wali, kalebu golongane Wali Sanga. Nalika  durung dadi wali, Sunan Tembayat iku sejatine dadi Bupati ana ing Semarang. Kacarita bupati kuwi asmane Ki Ageng Pandhanarang, kang kondhang sugihe, jalaran saka gemi lan ngati-atine, nanging emane duwe watak kang ora  cethil.

Kocapa Kanjeng Sunan Kalijaga wis pirsa yen Kyai Pandhanarang kuwi besuk bakal bisa dadi wali, mula banjur arep dicoba. Sunan Kalijaga  teka nyang Semarang memba-memba  dadi wong ngemis, banjur papariman nyang nggone Kyai Pandhanarang. Tekan  kono ora diwenehi dhuwit utawa pangan, ning malah dikuya-kuya. Kanjeng Sunan Kalijaga banjur ngelingake mangkene : “Kyai, panjenengan menika sugih, nanging boten purun dedana jakat dhateng pakir miskin, apa bandha sampeyan ajeng mang beta teng akherat ? Nek bandha mawon jane boten marakake beja, malah kula dhewe boten kekurangan bandha. Coba samang tingali.” Kanjeng  Sunan Kalijaga banjur njupuk pacul, macul ana plataran kono. Ora nyana jebul gacrok oleh emas telung prongkol, njur diuncalake nyang Kyai Pandhanarang.

Kyai  Pandhanarang gumun banget, wis ngira yen wong  ngemis kuwi mau dudu sabaene uwong. Mula njur mundhuk-mundhuk nyedhaki karo mertobat, arep nggeguru marang wong ngemis mau. Kanjeng Sunan Kalijaga banjur ngendhika : “ Nek kowe wis mertobat, kowe tak coba, kowe tekaa nyang nggonku, yakuwi ing Jabalkat, ing sacedhake desa Tembayat. Ning tekamu mrana  ora kena sesangu bandha. “ sawise mengkono Kanjeng Sunan Kalijaga banjur ngilang tanpa lari.

      Kocapa sapungkure Kanjeng Sunan Kalijaga, Kyai Pandhanarang kandha marang bojone, nek arep meguru neng  Jabalkat. Nyai Pandharanang kepengin melu, iya dililani, ning ora kena sesangu. Nyai Pandhanarang mau nggawa teken wuluh gadhing, njerone diiseni mas inten. Bareng  lakune tekan salah sawijining nggon gawat, kepethuk begal cacahe telu. Begal mau nyegat  Kyai Pandhanarang  kang mlaku dhisik, ning njur dikandhani yen dheweke ora nggawa apa-apa, banjur dituduhake dikon njaluk tekene wong wadon  kang mlaku keri, mengko mesthi isi bandha akeh. Gagasane begal, sing wadon wae bandhane semono, apamaneh sing lanang. Begal nututi Kyai Pandhanarang ngoyak-oyak njaluk bandha luwih akeh. Kyai Pandhanarang rada muring atine, njur kawetu sabdane mangkene : “Wong dikandhani kok ora nggugu, kaya wedhus.” Sanalika panggedhene begal mau njur malih dadi wedhus, embek-embek ora bisa ngomong kaya manungsa. Kyai Pandhanarang rada getun njur gawe pengetan, ing panggonan mau dipengeti nganggo jeneng Salah-tiga, yakuwi anane wong salah cacahe telu. Saprene papan iku katelah jeneng Salatiga.

Kyai Pandhanarang nerusake lakune, wedhus tansah kekinthil, batine uga arep suwita, njur diwenehi jeneng Seh Domba. Nalika iku Nyai Pandhanarang lakune tansah keri ana mburi, gandheng rumangsa ditinggal mula Nyai Pandhanarang kandha marang Ki Pandhanarang, “Wah, Ki Pandhanarang kuwi kok ninggali aku, to ? Baya lali karo aku apa, Yo,?” Krungu swarane bojone kuwi Ki Pandhanarang mandheg karo mangsuli. “Nyai,… aku mboya lali,…  mula ayo dakenteni.” Kanthi anane tembang “bayalali” sing tegese “apa wis lali” lan uga tembung “mboya lali” kang duwe teges “ora lali”, Mula papan ing kono kuwi nganti saiki katelah utawa diarani “Boyolali”. Katelah seprene papan kang kanggo leren Nyai Pandharang kuwi dadi jeneng Boyolali.

Kocapa sawise ngalami lelakon werna-werna, Kyai Pandhanarang sapendhereke kelakon tekan Bayat, ana kono yasa mesjid, lan mulangake agama Islam. Wusana katrima banjur ditetepake wali, jejuluk Sunan Tembayat.

 

Unsur Intrinsik Crita

            Manawa arep ngringkes crita iku becike kudu ngerti bab Unsur intrinsik yaiku unsur-unsur utawa perangan-perangan kang ana ing sajerone karya sastra kalebu (crita/ dongeng) upamane:

1)   Tema, yaiku sawijining amanat baku sing dilairake panganggit ana ing sajroning karangane (skenario).

2)   Topik uga diarani bakuning pirembugan yaiku apa ta apa kang narik kawigaten sing bakal dijlentrehake ing tulisan.

3)   Irah-irahan (lakon) iku tulisan kang magepokan karo bakuning pirembugan (topik) kanggo njenengi sawijining karangan

4)   Paraga, yaiku wong-wong kang padha srawung ana ing lakon sandiwara. Paraga,  manut  Drs. Teguh Supriyanto, M.Hum. bisa dipilah dadi papat, yaiku:

a.    Protagonis, paraga sing dadi lakone (paraga utama),

b.    Antagonis, paraga kang  dadi mungsuhe protagonis

c.    Panyengkuyung, paraga kang aweh pambiyantu paraga utama murih kelakon gegayuhane.

d.    Pamurung, paraga kang  saliyane paraga antagonis kang uga kepengin gegayuhane paraga utama wurung.

5)   Alur crita iku lakuning crita wiwitan nganti pungkasaning crita kang sambung sinambung.

     Alur ana 2, yaiku:

a.    Alur Maju, nyritakake lelakon kang lagi dumadi utawa kang bakal dumadi

b.    Alur Mundur (sotor balik), nyritakake utawa ngeling-eling  lelakon kang wis dumadi

6)   Watak iku sipating paraga kang katon saka guneman, wohing gagasan, lan solah bawane

7)   Amanat iku pesen utawa piwulang kang ana ing crita

8)   Latar/Setting, yaiku papan, wayah, kaanan sosial, lan piranti kang dianggo ing sawijining adegan. Mula latar manut Drs. Teguh Supriyanto, M.Hum. ana 4:

                        a) Latar Panggonan,

                        b) Latar Wektu,

                        c) Latar Sosial,

                        d) Latar Piranti.

 

Lampiran 2

 

Penilaian perkembangan sikap Spiritual dan Sosial dalam bentuk jurnal

 

JURNAL PERKEMBANGAN SIKAP SPIRITUAL DAN SOSIAL

Nama Sekolah                : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/Semester              : VIII / Genap

Tahun Pelajaran             : 2020/2021

No

Hari/Tgl.

Jam Ke

Kelas/No

Nama Siswa

Catatan Perilaku

Butir Sikap

Tindak Lanjut

Hasil

1

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

 

 


Lampiran 3

 


PEMERINTAH KABUPATEN KARANG

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

=================================================================

SOAL BAHASA JAWA (TEKS CERITA LEGENDA)

KELAS VIII SEMESTER GENAP

ASPEK PENGETAHUAN

            * Golekana jodhone antarane perangan A karo perangan B.


No

Perangan A

Wangsulan

Pilihan

Perangan B

1

Naga ingkang kangge tatakan ngethok woh pinang

 

A

Sunan Kalijaga

2

Jejaka panjilmanipun Baru Klinthing

 

B

Baru Klinthing

3

Tiyang sepuh ingkang paring tedhan dhateng Jaka Bandung

 

C

Kyai Pandhanarang

4

Siti ingkang katut amargi sada dipunjabut dipununcalaken mengaler lan malih rupi dados redi alit

 

D

Jaka Bandung

5

Ingkang nembe ngawontenaken pista

 

E

Sakidul wetane kutha Klaten

6

Prenahe desa Tembayat

 

F

Nyai Pandhanarang

7

Asmane bupati Semarang kang banjur kawentar kanthi sebutan Sunan Tembayat

 

G

Ni Endang Ariwulan

8

Sing teka banjur memba-memba  dadi wong ngemis

 

H

Seh domba

9

Sing nggawa teken wuluh gadhing, njerone diiseni mas inten

 

I

Warga Pathok

10

Begal kang banjur kepengin suwita marang Sunan Tembayat

 

J

Setting panggonan

11

Semar mendem, parang rusak, buntut urang

 

K

Amanat

12

Sepatu sandha, rumah sakit, pager bata

 

L

Tembung camboran tunggal

13

Begal, Sunan Tembayat, Nyai Pandhanarang, Baru Klinthing

 

M

Amanat

14

Kudu nggugu lan manut piwulang becik saka wong tuwa

 

N

Tembung camboran wudhar

15

Desa Pathok, alas

 

O

Kendhalisada











PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...