Pages

Monday, October 5, 2020

Naskah Siaran Bahasa Jawa "Ramayana"

 

NASKAH  SIARAN

“KARANGANYAR BELAJAR”

RADIO SWIBA KARANGANYAR

CERITA RAMAYANA

KIDANG KENCANA

SELASA, 5 MEI 2020

 

Mata Pelajara  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semt.    : VII/ Genap

Nama Guru     : Dra. Sulistyowati

NIP.                 : 19670408  200701 2 016

Unit Kerja       : SMP Negeri 2 Karanganyar

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


SCRIPT SIARAN PENIDIDIKAN DI RADIO SWIBA KARANGANYAR

 

Assalamualaikum warohmatullohiwabarakatu

Para pamiyarsa/ sutresna radio Swiba ingkang kula urmati/ lan mligine marang anak-anakku/ para siswa SMP/ ing saindhenging laladan Karanganyar lan sakiwa tengene sing taktresnani//

Wilujeng enjing/ ketemu maneh karo ibu Sulistyowati / ing acara  KARANGANYAR BELAJAR/ kaya padatan/ acara iki digiyarake dening Radio Swiba FM/ Radionya Karanganyar/

 

Ing wektu iki mengko/ suwene kurang luwih 30 menit/ Bu Sulis bakal ngajak bebarengan para siswa /nyinau piwulang  utawa MATA PELAJARAN Basa Jawa/ kanthi wosing pasinaon yaiku   Crita wayang Ramayana perangan Kidang Kencana.

Sadurunge  kawiwitan/ Ayo...// Anak-anakku siswa kabeh/ luwih dhisik padha ndedonga bebarengan/ nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa/ muga tansah pinaringan bagas waras/ tansah rahayu  lan tansah bagya mulya//  Panyuwunan kang mligi/ konjuk marang  ngarsane Gusti Kang Maha Asih/ muga-muga/ kahanan Indonesia/ kang lagi nadhang musibah/ kanthi anane lelara kang disebabake dening VIRUS COVID 19/ enggala bisa bali dadi ayem tentrem maneh//. AAMIIN

O....ya/ kaya padatan/ aja lali/ para siswa nyawisake buku lan piranti kanggo nulis/ mbok menawa/ ana perangan-perangan wigati / kang bakal koktulis/ kanggo nambah kawruhmu//

 

Para siswa/ sadurunge mirengake andharan babagan Crita wayang Ramayana Kidang Kencana / bu Sulis arep paring pitakon  marang para siswaku sing pinter-pinter//... Mesthine/ para siswa/ wis padha tau  krungu lan nonton pentas wayang.//  nggih .... ana sing ngrungokake giyaran wayang lumantar radio // ana sing nonton pentas wayang ing televisi/ malah/ mbok menawa ana sing nonton  pentas wayang  kanthi  langsung//

Pitakone : Sapa paraga wayang sing koksenengi lan apa sebabe kowe seneng marang paraga kasebut??  Para siswa sing daktresnani/  kowe kabeh / mengko bisa atur wangsulan/ kanthi ngirim wangsulan kasebut ing Radio Swiba Radionya Karanganyar // yaiku  lumantar aplikasi WA kanthi  nomer   089 692 161 405//

 

Para siswa... ing ngarep mau wis diandharake// manawa bu Sulis arep paring piwulang / kanthi wosing pasinaon yaiku/ Crita wayang Ramayana   Kidang Kencana// Kanggo mangerteni andharan kang luwih komplit/  mulane/ para siswa bakal dakajak /sinau bebarengan babagan kasebut ing antarane yaiku:

A. Paraga ing Crita wayang Ramayana   Kidang Kencana

B. Ringkesane crita wayang Ramayana   Kidang Kencana

C. Wosing budi pekerti utawa nilai karakter sing bisa kajupuk saka  Crita wayang Ramayana

     Kidang Kencana.

 

Ayo digatekne/ saiki Bu sulis arep wiwiti/ paring andharan   babagan kasebut/

Perangan  A :  

Para paraga ing Crita wayang Ramayana   Kidang Kencana:

1.      Raden Ramawijaya                 : Raden Ramawijaya iku putrane Prabu Dasarata/ kang dadi raja ing kraton ayodya/ karo ibu Dewi Raghu utawa Dewi Kosalya.

2.      Dewi Sinta                              : Dewi Sinta garwane Raden Ramawijaya

3.      Raden Laksmana                     : Raden Laksmana iku adhine Raden Ramawijaya . dadi uga putrane Prabu Dasarata nanging saka ibu Dewi Sumitra

4.      Prabu Rahwana utawa Dasamuka       : Prabu Rahwana utawa Dasamuka iku/ raja  kang awujud raseksa utawa buta/ kang ngratoni nagara Alengka//

5.      Kala Marica                             : Kala Marica iku uga raseksa utawa buta/ abdine Prabu Rahwana kang memba-memba/ salin wujud dadi Kidang Kencana.

Kuwi mau/ para paraga ing Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana //

 

Bacute Perangan B: /

Perangan B yaiku reringkesane Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana//

Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana iku kawiwitan/ nalika Raden Ramawijaya  nindakake darma/ kudu ninggalake kraton Ayodya/ lan manggon ing satengahe alas Dhandhaka//

Para siswa isih kelingan ta....???/ apa sebabe / Raden Ramawijaya  ninggaleke kraton Ayodya / lan banjur manggon/ ing satengahe alas Dhandhaka.....?? Nggih... jalaran/ Raden Ramawijaya/ mung kepengin atur bekti/ marang keng ramane/ yaiku prabu Dasarata//

 

Prabu Dasarata/ kagungan putra cacah  4/ yaiku Raden Ramawijaya saka ibu Dewi Raghu utawa Dewi Kosalya/ Raden Lesmana lan Raden Satrugna/ saka ibu Dewi Sumitra/ sarta Raden Barata/ saka ibu Dewi Kekeyi. //

Nalika semana/ Prabu Dasarata  wis yuswa sepuh/  kepingin masrahake kraton Ayodya/ marang putra kakung sing lair dhisik dhewe/ saka ibu prameswari/ lan sing kudune/ nduweni hak dadi raja/ yaiku Raden Ramawijaya// Ananging/ nalika Raden Ramawijaya arep dijumenengake dadi raja/ Dewi Kekeyi ora trima//  Dewi Kekeyi nagih janji marang Prabu Dasarata / Jalaran/ pancen Prabu Dasarata nate kagungan janji/ marang Dewi Kekeyi// janjine yaiku/ Dewi Kekeyi dikeparengake nduwe panyuwunan cacah 2... lan apa wae panyuwunane/ bakal dikeparengake......Dewi Kekeyi/ ora enggal ngaturake panyuwunan cacah 2 kasebut.... nganti/ nalika Raden Ramawijaya bakal dijumenengake raja/ lagi ngaturake panyuwunane.

Ewadene panyuwunane Dewi Kekeyi yaiku:

1.      Nyuwun marang Prabu Dasarata/ supaya sing dadi raja ing Ayodya iku putrane/ sing asmane Barata

2.      Raden Ramawijaya kudu ninggalake kraton Ayodya  suwene 14 warsa utawa 14 taun.

 

Nah...gek kepriye iki????/ tumrap Raden Ramawijaya/ sing sejatine bakal ngganti dadi raja ing Ayodya/ nalika mireng panyuwune Dewi Kekeyi???... duka?...ora/ gela?...ora....//Raden Ramawijaya/ tetep sabar lan ikhlas nampa sakabehe.....

Ya amarga rasa bektine marang keng ramane/ lan supaya keng ramane/ ora cidra ing janji/ mulane Raden Ramawijaya/  kanthi rasa lila legawa/ minangkani pamundhute ibu kwalone/ yaiku Dewi Kekeyi// Banjur Raden Ramawijaya ninggaleke kraton Ayodya/ kanthi didherekake garwane/ yaiku Dewi Sinta/ lan adhine/ yaiku Raden Laksmana// Katelune banjur manggon ing satengahe alas Dhandhaka.

Bacuting crita / Tetelune / yaiku Raden Ramawijaya, Dewi Sinta, lan Lesmana/ banjur manggon ing satengahe alas Dhandhaka/ kanthi nggawe wangunan omah prasaja/ kang kabeh bebakalane wangunan/ ya mung kajupuk saka alasa kono/ jalaran pancen Raden Ramawijaya/ Raden Laksmana lan Dewi Sinta/ nalika ninggalake kraton Ayodya/.... ora nggawa apa-apa//

 

Nah.....ing sawijining dina/ pinuju  Raden Ramawijaya, Dewi Sinta, lan Lesmana/ lagi padha jejagongan/ ana sawijining kewan kidang/ kang mara nyaketi//  Kidang kasebut mujudake salah sawijining kewan alas/ nanging beda karo kidang-kidang liyane// ulese kulite mrusuh/ kuning nemu giring/ malah bisa diarani/ kuning kaya emas//  polahe trengginas/ kaya nduwe prabawa kang gedhe// Kidang kasebut arane kidang kencana//

 

Kidang mlayu mrana-mrene/ mlumpat-mlumpat/ sajak nggodha ati // Priksa ana kidang/ kang beda karo kidang-kidang liyane/ Dewi Sinta kesengsem// kepencut// pingin kagungan kidang kang endah iku// Mula kanthi ngati-ati / Dewi Sinta ngrekadaya/ nyekel kidang kasebut// Nalika ngerti manawa arep dicekel/ si kidang tansaya mlumpat/ mlayu mrana mrene sajak ngece// Gandheng Dewi Sinta kangelan/ anggone arep nyekel kidang/ mula banjur ngaturi Raden Ramawijaya/ supaya nyekelake kidang// Amarga rasa tresnane marang garwa/ Raden Ramawijaya/ saguh nyekelake kidang/ kang wis mlayu anggendring ninggalake papan kono//

 

Sadurunge tindak  ngoyak  kidang / Raden Ramawijaya pamit marang garwane/ lan paring weling marang Raden Laksamana/ supaya ngreksa utawa njaga/ keslametane Dewi Sinta// Raden Laksmana uga diweling/ ora kena ninggalake Dewi Sinta/ manawa Raden Ramawijaya durung kondur ing papan panggonane // Raden Laksmana matur sendika//

 

Raden Ramawijaya/ enggal-enggal nututi/ lan nggoleki kidang kencana kang mlayu// teruuuus ditutake/ nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung// Kanthi ngati-ati/  Raden Ramawijaya ndingkik saka mburine kidang// Kidang sajak ngerti/ manawa ana sing ndingkik/ mula banjur mlayu ngendhani// Raden Ramawijaya/ rumangsa diece dening si kidang// mula banjur nglepasake jemparing (panah)/ kaenenrake prenahe kidang// Kidang kencana kena panahe Raden Ramawijaya/ Kidang kencana ambruk/ jemparing nembus awake kidang//

 

Nanging ana kedadean kang aneh/  kidang kencana kang nandhang tatu/ jalaran kena jemparing mau muksa//...  bebarengan karo muksane kidang/ gumanti karo  metune raseksa/ abdine Prabu Rahwana/ yaiku/ Kala Marica//.... tetela ya Kala Marica iku/ kang memba-memba dadi kidang kencana// dene acas tujuane/ kanggo misahake/ antarae Raden Ramawijaya lan Dewi Sinta// Raden Rama duka/ rumangsa dipaeka/ utawa diapusi/ dening kidang kencana Kalamarica// mula Kala Marica banjur kaperjaya / utawa dipateni dening Raden Ramawijaya// Mbarengi karo patine Kala Marica/ Kala Marica mbengok seruuuu banget/  kanthi ngemperi swarane Raden Ramawijaya// Pambengoke Kalamarica/ kaprungu nganti tekan papan dununge Dewi Sinta//

 

Dewi Sinta/ midhanget swara pambengok sing memper swarane Rama// Dewi Sinta ngira/ iku swara pambengoke Raden Ramawijaya temenan// Tuwuh rasa kuwatir marang keslametane Raden Ramawijaya/ mula banjur dhawuh marang Raden Laksamana/  supaya enggal nusul Raden Ramawijaya// Raden Leksmana ora kersa nusul/ jalaran mau wis diweling karo Raden Ramawijaya/ ora kena ninggalake Dewi Sinta / manawa Raden Ramawijaya durung kondur/  saka anggone ngoyak kidang.

Mireng ature Raden Laksmana/ sing ora kersa nusul Raden Ramawijaya/ Dewi Sinta sajak duka// banjur ngundhamana/ lan ndakwa menawa Raden Laksmana/ kepengin ngajap/ sedane Raden Ramawijaya/ jalaran Raden Laksmana kagungan rasa tresna/ marang Dewi Sinta//

 

Mireng pangandikane Dewi Sinta/ Raden Laksmana cuwa penggalihe/ dene Dewi Sinta/ kagungan pandakwa kang kaya mangkono//  Banjur Raden Laksmana/ saguh nututi lan nggoleki/ Raden Ramawijaya// Sadurunge ninggalake Dewi Sinta/ Dewi Sinta kapapanake ana ing panggonan / kang wis diwenehi rajah/ kanthi piweling/ supaya Dewi Sinta/ ora kena ninggalake papan kang wis karajah mau/ manawa Dewi Sinta/ metu saka panggonan kang wis dirajah/ bakal nemahi bebaya// sewalike / wong liya kang nduwe niyat ala/ uga bakal nemahi bebaya/ samangsa mlebu menyang panggonan kang karajah kasebut//

 

Raden Laksmana banjur ninggalake Dewi Sinta/ nanging sepisan maneh/ Raden Laksmana atur weling marang  Dewi Sinta/ supaya ora  ninggalake papan sing wis karajah/ Sarta matur/ manawa pandakwane Dewi Sinta iku ora bener// Raden Laksmana ora nduwe niyat nresnani Dewi Sinta/  kanggo ngyakinake Dewi Sinta/ manawa Raden Laksmana ora kagungan niyat tresna/ mula Raden Laksmana prasapa utawa sumpa// Prasapane yaiku/ Raden Laksmana bakal nglakoni wadat/ sing tegese/ ora bakal kagungan garwa salawase urip.

 

Raden Laksmana/ kasil ketemu karo Raden Ramawijaya/ banjur didangu/ kenengapa ninggalake Dewi Sinta// Raden Laksmana matur apa anane// Raden Ramawijaya/ bisa nampa ature Raden Laksmana/ lan Raden Ramawijaya uga maringi ngerti/ manawa sejatine kidang kencana iku/ malihane Kala Marica/ abdi kinasihe Prabu Rahwana //

Kalorone/ banjur padha bali ninggalake papan kasebut/ kondur tumuju papane Dewi Sinta.

 

Ing Papane Dewi Sinta/  Dewi Sinta sajak ora nglegewa (nggagas)/ manawa ana sing nggatekake/ yaiku Raja Alengka Prabu Rahwana/ kang niyate/ kepengin nggarwa Dewi Sinta// Prabu Rahwana/ nyedhaki papane Dewi Sinta niyate arep ndhustha / nyolong Dewi Sinta//  nanging ora bisa/ jalaran Rahwana ora bisa mlebu papane dewi Sinta/ sing wis karajah dening Raden Laksmana// Prabu Rahwana ninggalake Dewi Sinta/ banjur malih dadi wong tuwa njejaluk/ kang kahanane memelas banget// Wong tuwa kasebut/ banjur nyedhaki papane Dewi sinta/... matur nyuwun diparingi sedekah// Dewi sinta dhawuh/ supaya wong tuwa njejeluk kuwi mara nyedhak//  nanging wong tuwa kasebut matur ora bisa/ awake lemes lan lara// Mireng ature wong tuwa njejaluk kasebut//... banjur tuwuh rasa welas asihe Dewi Sinta/ nganti lali piwelinge Raden Laksmana / supaya ora metu saka papan kang dirajah//  Dewi Sinta / metu saka papan kang dirajah/ niyate bakal maringi pangan/ marang wong tuwa kang njejaluk// Nanging durung nganti pangan diulungake / wong tuwa njejaluk iku banjur nyaut astane Dewi Sinta/... Dewi Sinta kaglandhang .... digawa mabur // Lan tetela wong tuwa njejaluk iku   malih rupa dadi Raja Ngalengka Prabu Rahwana utawa Dasamuka.

Nah...anak-anakku...iku mau ringkesane crita Ramayana Kidang Kencana//

 

 

 

Prangan C

Wondene perangan C yaiku/ Wosing budi pekerti/ utawa nilai karakter/ sing bisa kajupuk saka  Crita wayang Ramayana Kidang Kencana// Ing crita kasebutakeh tinemu/ nilai-nilai karakter/ utawa wosing budi pekerti/ sing bisa kojupuk/ lan bisa kokanggo/ dadi gegondhelan ana ing uripmu// antarane:

1.      Raden Ramawijaya kanthi  lila legawa ninggalake kraton Ayodya jalaran keng ramane wis kadhung duwe janji marang Dewi Kekeyi.

= Anak kudu tansah bekti lan mituhu marang dhawuh pangandikane wong tuwa

2.      Dewi Sinta tetep ndherek Raden Ramawijaya ninggalake kraton Ayodya sanajan kudu urip prasaja ing satengahe alas Dhandhaka.

= Kudu tansah setya tuhu ngampingi garwa ing kahanan apa wae

3.       Raden Laksmana tetep ndherek Raden Ramawijaya ninggalake kraton Ayodya sanajan kudu urip prasaja ing satengahe alas Dhandhaka

= Kudu tansah asih tresna marang sedulure, tansah tetulung lan tansah ngayomi.

4.      Dewi Sinta priksa kidang banjur kepengin nyekel lan nduweni

= Ora kena gampang kengguh marang barang sing dudu duweke

5.      Raden Ramawijaya saguh lan kersa nyekelake kidang kanggo Desi Sinta

= tansah nyembadani lan mbyantu marang garwa samangsa garwa kagungan panyuwunan

6.      Raden Laksmana ora kersa nusul Raden Ramawijaya sing ngoyak kidang, jalaran wis diweling manawa kudu njaga Dewi Sinta

= Tansah nyekel amanah sing wis ditampa

7.      Dewi Sinta ndakwa marang Raden Laksmana manawa nduwe rasa tresna.

= Ora kena nibakake pandakwa manawa durung ana buktine dadi kudu ngati-ati omongan

8.      Dewi Sinta maringi pangan marang wong tuwa njejaluk

= Tansah nduwe rasa welas asih lan seneg tetulung  marang wong kang mbutuhake

9.      Prabu Rahwana ndhustha utawa nyolong Dewi Sinta sing wis nyata-nyata kagungan garwa.

= Ora kena nduwe tumindak angkara, srakah lan ngrusak angger-anggere bebrayan utawa aturan masyarakat

10.  Kala Marica gelem ngapusi uatawa maeka marang Raden Ramawijaya kanthi malih rupa dadi kidang kencana.

= Tetulung kuwi kudu kanggo kabecikan

 

 

Para siswa... iki mau andharan ngenani Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana //

Crita kasebut/  isine ngandharake/ manawa Prabu Rahwana anggone kepingin nggarwa Dewi/ Sinta kanthi maneka cara kang julik/ antarane// kanthi ndhawuhi abdine/ kang aran Kala Marica/ supaya malih dadi kidang kencana /perlune supaya misahake Dewi Sinta lan Raden Ramawijaya//.

 

Anak-anakku para siswa sing taktresnani/ sadurunge takpungkasi// bu Sulis arep mriksani apa ana sing wis kirim wangsulan saka pitakon kang takparingake ing ngarep mau....

......................................................................................................................................

Para siswa... jane isih akeh/ wangsulan-wangsulan sing wis kokkirim// ananging/ amarga winates wektune // mula ya kudu dipungkas//

 

Kanggo mbuktekake/ yen para siswa mau/ tansah mirengake andharan kanthi temenan// Iiki bakal takparingi pitakon // Wangsulan saka pitakon  iki  mengko/ supaya ditulis ing bukumu / manawa wis rampung/ banjur diaturake/ marang bapak utawa ibu guru Basa Jawa/ ing sekolahmu dhewe-dhewe// mesthine lumantar WA utawa aplikasi liyane// Jalaran ing wektu iki/ kowe kabeh durung dikeparengake lelungan/ kanthi ninggalake omah//

Pitakone yaiku:

1. Sapa wae paraga sing bisa kokconto ing crita Ramayana Kidang Kencana, Apa sebabe?

2. Nilai karakter utawa wosing budi pekerti apa sing bisa kokjupuk saka crita Ramayana Kidang   

    Kencana??

Lan marang anak-anakku/ sing isih kepengin gladhen// lan nggarap soal ing crita Ramayana Kidang Kencana/ bisa mbuka link kanthi alamat https://bit.ly/2SruNrE

 

Nah/ Para siswa SMP saindhenging laladan Karanganyar/ lan sakiwa tengene sing daktresnani//

Iki mau/ andharan saka bu Sulis/ ing acara Karanganyar Belajar/ kang kagiyarkae dening Radio Swaba Radionya Karanganyar// Muga-muga ana gunane lan bisa nambah kawruhmu // ing wasana/ Tetep waspada/  khusuk ndedonga lan sengkud makarya/ matur nuwun,/ wilujeng enjing/ Wassalamualaikum warohmatullohiwabarakatuh/

                                                                                   

                                                                                    Karanganyar, 5 Mei 2020

            Mengetahui                                                      

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

            NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 19670408 200701 2 016

Thursday, April 2, 2020

TULADHA TEKS PACELATHON

          Materi Pembelajaran
Nyuwun Warah Bapak Haris

Bagas              : “Kula nuwun”.
Ridwan           : ”Mangga. O, kowe ta Gas. Kok njanur gunung gelem dolan                                                   mrene.Ayo mlebu lan lungguh dhisik kene”.
Bagas              : “Ya, matur nuwun Wan, iki mau bubar sholad Isya ing masjid  terus                             mampir mrene, arep sowan lan ketemu Pak Haris. Ana ta ?”
Ridwan           : “Ana. Sajake kok wigati banget arep ana perlu apa ta?”
Bagas              : “Kepengin nyuwun priksa babagan cangkriman.”
Ridwan           : “Cangkriman kuwi rak bedhekan ta. Gek cangkriman apa   Gas”
Bagas              : “Bapak pucung renteng-renteng kaya kalung/ dawa kaya  ula/ pencokanmu                           wesi miring/ sing disaba si pocung mung turut kutha. ”
Ridwan           : “Wah.... gek apa ya batangane. Lha kok angel temen.                                                 Rumangsaku aku bisa. Yen mung pitik walik saba meja wae aku ngerti                                                   yaiku sulak. Nanging yen kuwi aku ora ngerti. Yen ngono tak ngaturi                                                        bapak wae ya?”
Pak Haris         : “O, ana Nak Bagas ta.”
Bagas              : “Inggih Pak, kula sowan. Nyuwun pangapunten dalu-dalu.”
Pak Haris         : “Ora dadi apa. Iki ngepasi longgar.Ana apa kok kadingaren mrene?”
Bagas              : “Menika Pak. Badhe nyuwun priksa.”
Pak Haris         : “Nyuwun priksa bab apa?”
Bagas              : ” Bab cangkriman. Menika wonten tugas saking sekolah babagan cangkriman.”
Pak Haris         : “O... Ngono ta, la sing dikarepane cangkriman apa?”
Bagas              : “Menika lho Pak. Cangkriman ingkang ungelipun: Bapak pucung renteng- renteng kaya                             kalung/ dawa kaya ula/ pencokanmu wesi miring/ sing disaba si pocung mung turut                                 kutha?”
Pak Haris         : “Yen cangkriman kuwi tegese sepur.”
Bagas              : “O...sepur ta Pak... Cangkriman menika menapa kemawon?”
Pak Haris         : “Iya, La Cangkriman iku kaperang ana papat. Nomer siji cangkriman wancahan.                                         Cangkriman sarana mancah/ nyekak tembung-tembunge. tuladhane Wiwa wit                                         lesmbadhonge sing batangane wi dawa wite, tales amba godhonge. ”
Bagas              : “Tuladha sanes lut maendhut yu maerong, welut omahe ngendhut, yuyu                                omahe ngerong.”
Pak Haris         :“Ya....ya bener. Terus ana cangkriman irib-iriban/ pepindhan. Cangkriman                 iki batangane meh padha karo kahanan bedhekane. Tuladhane Pitik walik                             saba meja.”
Bagas              : “Batanganipun sulak?”
Pak Haris         : “Bener. Bacute cangkriman blenderan. Cangkriman iki ancase mung                                     kanggo mlesedke karep. Tuladha Aja tuku dhawet ideran lho,sing nyaring                   santen nganggo kathok. Manawa sing diwenehi cangkriman ora mudheng                    karepe mesthi ora bakal tuku dhawet ideran tenan amarga panampane                                         sing nyaring nganggo kathok. Kamangka sing dikarepake iku sin nyaring,                           ateges wonge. La ya mesthi sing nyaring nganggo kathok...yen ora                              nganggo kathok la   apa wuda....”
Bagas              : “O... Inggih Pak. Lajeng sanesipun menapa?”
Pak Haris         : “Sing pungkasan tuladhane kaya cangkrimanmu kuwi. Cangkriman iku                                  awujud tembang, mula diarani cangkriman sinawung ing tembang.”
Bagas              : “Wo alaaah... dados mekaten nggih Pak. Cangkriman menika werni-                                     werni.”                                   
Pak Haris         : “Iyaa....Piye? wis paham apa durung?”
Bagas              : “Inggih, sampun Pak, sampun mangertos. Matur nuwun sanget Bapak                                  kersa paring piwucal. Samenika kula bandhe  nyuwun pamit. Sepisan                                  malih matur nuwun.”

Thursday, November 7, 2019

Geguritan

 WONG MLARAT

           Wong mlarat kesrakat
            iya wae
            wong sugih ya kesrakat
            ora wae
            iya wae
            sing kesrakat budine
            sing kesrakat welas asihe
            sing kesrakat jiwane
            sing kesrakat kamanungsane

            Kesrakat
            wong sugih padha adu rosa
            rebut panguwasa numpuk bandha
            wong mlarat padha adu rasa
            rebut pangimpen numpuk pangentha-entha
            iya wae
            datan kendhat 
            nganti sekarat



PENGET 1
Dina wingi wus lungse
sabarang gawe
daksigeg daktali lawe
datan dakrungu
panjerite ati wanodyayu
ngumbar panantang
ngesok panandhang
nganti kedharang-dharang
marang ati lanang
sing wis tinggal glanggang
medhot kapang

Iki dina, gagat raina
srengenge kang prapta nggawa crita papa cintraka ing wingi dina
gumanti sih tresna kang nyajiwa
nyawiji mecaki garising wadi
wewadining Gusti kang wis kinodrat kudu diugemi

Gagat raina, dudu panalangsa
nalika, jenthik manis wus rinengga kalpika
nalika, kekarone angregem asta
nalika, kekarone angucap setya
dumeling swara-swara donga
njalari sirna sakabehing pangudarasa

Iki dina, dadiya penget utama
“Sihing priya nedya manunggal ing jiwa”
nyawiji, bakal kekanthen lumaku ing bebrayan suci
kan linambaran bekti sejati                                                  










































PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...