Pages

Thursday, November 7, 2019

Geguritan

 WONG MLARAT

           Wong mlarat kesrakat
            iya wae
            wong sugih ya kesrakat
            ora wae
            iya wae
            sing kesrakat budine
            sing kesrakat welas asihe
            sing kesrakat jiwane
            sing kesrakat kamanungsane

            Kesrakat
            wong sugih padha adu rosa
            rebut panguwasa numpuk bandha
            wong mlarat padha adu rasa
            rebut pangimpen numpuk pangentha-entha
            iya wae
            datan kendhat 
            nganti sekarat



PENGET 1
Dina wingi wus lungse
sabarang gawe
daksigeg daktali lawe
datan dakrungu
panjerite ati wanodyayu
ngumbar panantang
ngesok panandhang
nganti kedharang-dharang
marang ati lanang
sing wis tinggal glanggang
medhot kapang

Iki dina, gagat raina
srengenge kang prapta nggawa crita papa cintraka ing wingi dina
gumanti sih tresna kang nyajiwa
nyawiji mecaki garising wadi
wewadining Gusti kang wis kinodrat kudu diugemi

Gagat raina, dudu panalangsa
nalika, jenthik manis wus rinengga kalpika
nalika, kekarone angregem asta
nalika, kekarone angucap setya
dumeling swara-swara donga
njalari sirna sakabehing pangudarasa

Iki dina, dadiya penget utama
“Sihing priya nedya manunggal ing jiwa”
nyawiji, bakal kekanthen lumaku ing bebrayan suci
kan linambaran bekti sejati                                                  










































Monday, March 12, 2018

TEMBANG ASMARANDANA

MANGUN BEBRAYAN ANYAR

1.     Asmara wus nunggal kapti
        trus arsa mangun bebrayan
        nuhoni patrap darmane
        becik ngesti tri prakara
        paugeran kang rinancang
        dahat kedah amituhu
        karya sarananing gesang

2.     Paugeran imgkang dhihin
        tansah manembah Pangeran
        kang dwi ngaturken sungkeme
        mring kang ibu tuwin rama
        kinarya lantaran kita
        wuntat samya asih asuh
        mring garwa tuwin sasama



                                                          Anggara Kasih, 26 Januari 1993

TATA CARA UPACARA PENGETAN AMBAL WARSA

TATA CARA UPACARA  PENGETAN AMBAL WARSA KABUPATEN KARANGANYAR INGKANG KAPING 100, DINTEN SETU PAING SURYA KAPING 18 WULAN NOPEMBR WARSA 2017 KAPURWAKAN

1.             Para manggalaning  bregada nyiagakaken  bregadanipun piyambak-piyambak
2.             Manggalaning upacara samekta ing papan upacara
3.             Pakurmatan dhumateng manggalaning upacara dipunpandhegani dening manggalaning  bregada ing kanan piyambak
4.             Palapuran para manggalaning  bregada dhumateng manggalaning upacara
5.             Sesepuh upacara rawuh ing sasana upacara,  bregada kasiyagakaken
6.             Atur pakurmatan dhumateng sesepuh upacara kapimpin manggalaning upacara
7.             Atur palapuran manggalaning upacara dhumateng sesepuh upacara
Pangereking Bendera Merah Putih kalajengaken pakurmatan dhumateng Bendera Merah Putih kapimpin dening manggalaning upacara kairingi kumandhanging  lagu Kebangsaan Indonesia Raya
8.             Ngeningaken cipta kapimpin dening sesepuh upacara
9.             Pamaosing teks Pancasila dening sesepuh upacara katirokaken dening sedaya pandherek upacara
10.         Pamaosing Pembukaan Undang-Undang Dasar Negara Republik Indonesia tahun 1945
11.         Tanggap wacana dening  sesepuh upacara
12.         Ngumandhangaken sesarengan  lagu wajib nasional :
a.            Tanah Air
13.         Pamaosing donga
14.         Atur palapuran manggalaning upacara dhumateng sesepuh upacara bilih upacara sampun purna
15.         Atur pakurmatan dhumateng sesepuh upacara kapimpin dening manggalaning upacara
16.         Sesepuh upacara kepareng jengkar saking sasana upacara.
17.         Atur pakurmatan dhumateng manggalaning upacara kapimpin manggalaning barisan ing kanan piyambak
18.          Manggalaning upacara kepareng nilaraken papan upacara tumuju papan sakawit
Upacara purna, manggalaning barisan ambibaraken  pandherek upacara.

TULADHA SESORAH BASA JAWA

PIDHATO
NGURI-URI KABUDAYAN JAWI INGKANG ADI LUHUNG

Assalamu’alaikum, Wr.Wb.
Bapak, Ibu ingkang kinabekten.
Para tamu sinedhahan ingkang kinurmatan

Sumangga kula lan panjenengan tansah ngaturaken raos syukur, mugi konjuk dhumateng Gusti ingkang Maha Kuwaos, awit ing titi wanci menika kula lan panjenengan taksih pinaringan  rahmat lan hidayahipun.
Satemah saged makempal wonten ing papan ngriki kanthi suka bagya nir ing sambekala.

Bapak, ibu lan tamu sinedhahan ingkang  tansah bagya mulya.
Ing ngriki keparenga kula badhe matur babagan kabudayan jawi ingkang nyata adi luhung, inggih menika kados pundi caranipun nguri-uri kabudayan ingkang adi luhung menika supados tansah lestari ing bumi Indonesia mliginipun ing  tanah Jawi.

Kabudayan Jawi menika kawentar budaya ingkang alus lan anggadhahi piwucal-piwucal luhur.
ingkang  saged dipunangge sedaya tiyang ing salebetipun  lelumban ing madyaning bebrayan agung.
Saged dipunangge mbetengi tiyang saking tumindak lan pakarti ingkang nistha.
Ananging, samenika kabudayan ingkang nyata adi luhung kala wau kados-kados radi ical saking bebrayan agung ing tanah Jawi,  
amargi sampun kaesuk dening budaya manca ingkang dereng mesthi jumbuh  kaliyan kapribaden tiyang Jawi.
Malah,  saperangan  wonten ingkang nganggep bilih kabudayan Jawi sampun mboten trep kaliyan kawontenan jaman.

Awit saking menika wigatos sanget anggadhahi cara kangge nguri-uri kabudayan jawi supados saged tetep lestari ing bumi pertiwi, inggih menika;
1.     Tiyang Jawi kedah anggadhahi raos remen lan mongkog dhumateng       budaya jawi
2.     Tiyang Jawi mboten lingsem menawi tansah ngginakaken budaya   Jawi
3.     Tiyang Jawi tansah purun milah lan milih budaya manca ingkang    nyata-nyata jumbuh kaliyan kapribaden Jawi kemawon. Ingkang      mboten jumbuh mugi mboten dipunangge.

Bapak, ibu lan tamu sinedhahan ingkang  tansah bagya mulya.
Saking andharan kula kala wau saged kapendhet dudutanipun inggih menika:
Tiyang Jawi kedah remen lan mongkog anggadhahi kabudyan jawi.
sarta saged milah lan milih dhumateng budaya manca ingkang mlebet dhateng bumi pertiwi.
Kanthi pangajab mugi kabudyan jawi tetep lestari nyawiji ing bumi pertiwi ingkang kita tresnani.

Ing wasana cekap  semanten atur kula.
Kutha Karanganyar kawentar kutha Intan pari. Mugiya tansah sabar, menawi wonten atur ingkang mboten mranani nyuwun agunging pangaksami.
Nuwun, Matur nuwun
Wassalamualaikum wr wb

NASKAH PIDATO TINGKAT SMP
NGURI-URI BASA JAWI MINANGKA SEMPALANING KABUDAYAN JAWI

Assalamualaikum, wr. wb
Dewan juri ingkang kinurmatan
Bapak ibu ingkang kinabekten
Kanca-kanca ingkang kula tresnani

Hamurwakani atur, sumangga, kula lan panjenengan tansah ngaturaken puji syukur Alhamdulillah wonten ing ngarsanipun Gusti Allah SWT, awit ing wekdal menika sampun paring kanugrahan, rahmat saha hidayah, satemah ing titi wanci menika kula lan panjenengan saged makempal manunggal wonten ing papan ngriki kanthi rahayu tanpa reridhu.

Dewan juri lan para tamu ingkang winantu ing karahayon.
Ing wekdal menika, kula badhe ngaturaken andharan babagan : NGURI-URI BASA JAWI MINANGKA SEMPALANING KABUDAYAN JAWI
Sampun dipunmangertosi, bilih basa Jawi menika mujudaken salah satunggaling basa daerah ingkang wonten ing negari Indonesia. Pramila, sumangga, kula lan panjenengan tansah mbudidaya supados basa Jawi menika mboten sirna awit  kagerus dening kemajengan jaman.
Basa Jawi saged kalebetaken wonten ing kabudayan Jawi, ingkang sejajar kaliyan beksan Jawi, gamelan, tembang macapat, geguritan lan sanes-sanesipun.
Ingkang baken, kados pundi pambudidaya kula lan panjenengan anggenipun badhe njagi lan nguri-uri basa Jawi menika.
Mboten klentu, menawi kula lan panjenengan purun nyinau saha purun ngginanaken basa Jawi kanthi laras lan leres.

Dewan juri lan para tamu ingkang kula kurmati
Ing wekdal menika, tasih kathah para siswa ing sekolah, ingkang mboten remen ngginakaken basa Jawi. menawi purun, tasih kathah ingkang karaos mboten jumbuh kaliyan unggah-ungguh.
Pramila, kanthi wontenipun andon trampil pidhato basa Jawi menika kula ngajak, mliginipun dhumateng kanca-kanca para siswa, supados:
1.       Para siswa kedah anggadhahi raos remen lan mongkog dhumateng basa Jawi
2.       Para siswa  mboten lingsem, menawi tansah ngginakaken basa Jawi
3.       Para siswa kedah saged milah lan milih dhumateng basa ingkang jumbuh kaliyan unggah-ungguh.
Kanthi andharan kula menika saged kapendhet dudutanipun, inggih menika:
Para siswa gadhah tanggel jawab dhumateng lestarining basa Jawi .
Satemah anggadhahi tekad saiyeg saeka kapti, nguru-uri basa Jawi .
Ing pangajab, basa Jawi saged tetep lestari, nyawiji ing pribadi saha ngrembaka ing bumi pertiwi.
Andharan kula kasebat trep kaliyan sekar macapat gambuh ingkang  badhe kula sekaraken;                Para Kadang sedulur
                             ngrengkuh budaya kang adi luhung
                             kabudayan Jawi ingkang wus nyawiji
                             dadi suh pandoming laku
                             urip bisa tatag tanggon
Ing wasana sekap semanten atur kula.
Kutha Karanganyar, kawentar kutha Intanpari
Mugya tansah sabar, menawi atur kirang mranani, nyuwun agunging pangaksami,
Nuwun,
Matur nuwun
Wassalamualaikum Wr. Wb.



Friday, July 5, 2013

PURWAKA

Wilujeng Pepanggihan. Ing Blog prasaja menika.
Mugi sami suka lan kersa paring panyaruwe menggah isining blog menika mangke. 

Ing Pangangkah , lumantar Blog menika ing mangkenipun  kula badhe ngaturaken kawruh-kawruh ingkang wonten sesambetanipun kaliyan donyaning Budaya lan Basa Jawi, sinaosa inggih namung prasaja.

Matur Nuwun


PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...