Pages

Tuesday, October 6, 2020

Naskah Siaran Radio: Cangkriman

 

NASKAH  SIARAN

“KARANGANYAR BELAJAR”

RADIO SWIBA KARANGANYAR

SELASA, 2I APRIL 2020

 

Mata Pelajara  : Bahasa Jawa

Kelas/ Semt.    : VII/ Genap

Nama Guru     : Dra. Sulistyowati

NIP.                 : 19670408  200701 2 016

Unit Kerja       : SMP Negeri 2 Karanganyar

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


SCRIPT SIARAN PENIDIDIKAN DI RADIO SWIBA KARANGANYAR

 

Assalamualaikum warohmatullohiwabarakatu

Para pamiyarsa ingkang kula urmati/ lan mligine marang anak-anakku/ para siswa SMP/ ing saindhenging laladan Karanganyar lan sakiwa tengene sing taktresnani//

Wilujeng enjing/ ketemu maneh karo ibu Sulistyowati / ing acara  KARANGANYAR BELAJAR/ acara iki digiyarake dening Radio Swiba FM/ Radionya Karanganyar/

Ora lali/// ing tanggal 21 April iki bu Sulis kepengin ndherek mangayubagya// jalaran dina iki nuju ngepasi dina wiyosane Ibu Kartini.//

Ing wektu iki mengko/ suwene kurang luwih 30 menit/ Bu Sulis bakal ngajak bebarengan para siswa /nyinau piwulang  utawa MATA PELAJARAN Basa Jawa/ kanthi wosing pasinaon yaiku babagan Cangkriman.

Sadurunge  kawiwitan/ Ayo...// Anak-anakku siswa kabeh/ luwih dhisik padha ndedonga bebarengan/ nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa/ muga tansah pinaringan bagas waras/ tansah rahayu  lan tansah bagya mulya//  Panyuwunan kang mligi/ konjuk marang  ngarsane Gusti Kang Maha Asih/ muga-muga/ kahanan Indonesia/ kang lagi nadhang musibah/ kanthi anane lelara kang disebabake dening VIRUS COVID 19/ enggala bisa bali dadi ayem tentrem maneh//. AAMIIN

O...ya/ aja lali/ para siswa nyawisake buku lan piranti kanggo nulis/ mbok menawa /ana perangan-perangan wigati / kang bakal koktulis/ amarga ing pungkasane acara iki mengko/ bu Sulis bakal paring pitakon  utawa ayahan / sing kudu kok wangsuli utawa kokayahi//

 

Para siswa/ sadurunge mirengake andharan babagan cangkriman/ bu Sulis arep maringi tembang luwih dhisik/ Kabeh padha seneng nembang ta?.... Tembang sing arep daktembangake yaiku tembang macapat pocung.... Bapak pucung dudu watu dudu gunung/ Sangkamu ing sabrang/ dedegira ageng inggil/ Yen lumampah si pucung lembehan grana//

 

para siswa wis padha tau krungu tembang macapat pocung kasebut....? apa malah wis padha bisa  nembang ....?/

Tembang pocung sing wis ditembangake bu Sulis iku mau/ tetela ana batangane lho!! / ayo sapa sing bisa mbatang utawa mbedhek? apa batangan utawa bedhekan ing tembang pocung iku....? wo...ya...//pinter tenan para siswa kabeh ...batangane utawa bedhekane yaiku kewan Gajah.

Para siswa... ngerti apa ora/ yen tembang pocung kasebut uga kalebu tuladhane cangkriman/ sebab ing tembang iku ana batangane utawa bedhekake//

 

 

Kanggo mangerteni babagan cangkriman kang luwih komplit/  mulane/ para siswa bakal dakajak sinau bebarengan babagan cangkriman // Babagan sing bakal disinau iki mengko ing antarane:

A. Tegese cangkriman

B. Gunane cangkriman

C. Jinise cangkriman

D. Tuladhane cangkriman

 

Saiki Bu sulis arep wiwiti/ paring andharan   babagan cangkriman kasebut/

Perangan  A :  Tegese cangkriman.

Manut Bausastra Jawa / bausastra iku bahasa indonesiane padha karo kamus//

Cangkriman asale saka tembung cangkrim/ sing tegese bedhek utawa batang // dadi cangkriman bisa ditegesi/ bedhekan utawa batangan // Ana maneh sing negesi manawa cangkriman iku tetembungan/ ditata kanthi runtut/ kang teges utawa isine ngemu karep supaya diwangsuli// Saka katrangan iku  bisa dijupuk dudutane utawa kesimpulane/ manawa cangkriman iku / padha karo unen-unen/ utawa tetembungan sing kudu dibedhek utawa dibatang utawa diwangsuli/ Wis cetha ta saiki bab tegese cangkriman iku..??/ /

 

Bacute Perangan B: / Perangan B yaiku gunane cangkriman//  Cangkriman iku /lumrahe mung digunakake kanggo sarana dedolanan utawa gegojekan/  yen pinuju jejagongan karo kanca ing kalane nganggur// dadi cangkriman iku mung kanggo ngisi wektu pinuju lodhang utawa longgar wae// Nanging ana uga sing nggunakake/ manawa cangkriman iku bisa kanggo ing wektu kang wis ditemtokake/ lan ana ing kahanan kang mirunggan// ing kene gunane cangkriman wis ora kanggo sarana dedolanan meneh/ nanging wis kanggo sarana ngasah pikir supaya luwih lantip utawa pinter// wis ya ...iku mau gunane cangkriman//

 

Para siswa saiki Perangan C// Perangan C yaiku jinise cangkriman//

Cangkriman iku bisa diperang dadi 4 jinis yaiku:

1.         Cangkriman pepindhan/

2.         cangkriman blenderan/

3.         cangkriman wancahan // lan

4.         cangkriman kang awujud tembang//

 

Ing kene bu Sulis arep ngandharake jinise cangkriman kasebut siji mbaka siji//

1. Cangkriman pepindhan

Sing diarani cangkriman  pepindhan yaiku: cangkriman kang awujud ukara/ kang mèmper kaya barang sing dikarepake/ utawa barang saknyatane // dadi cangkriman pepindhan iku pancen cangkriman sing dijumbuhake karo irib-iribane (kemiripan) barang sing dikarepake // Gandheng cangkriman pepindhan iku mau dijumbuhake karo irib-iribene barang sing dikarepake/ mula cangkriman pepindhan uga bisa diarani cangkriman irib-iriban//

 

2. Cangkriman blenderan

Manawa  cangkriman blenderan yaiku/ cangkriman kang mengku surasa utawa karep nyrekal/ amarga pancen tujuwane/ kanggo nyrekal sing diajak cecangkriman supaya keblender utawa keplesed mbedheke// dadi manawa arep mbedhek cangkriman blenderan iki mbutuhake sikap kang ngati-ati/ sebab yen ora ngati-ati bakal keblender utawa keplesed temenan// iki ora keplesed amarga dalane lunyu ngono kae lho ya...nanging sing dikarepake keplesed tetembungane//

 

Bacute/  angka  3 yaiku cangkriman wancahan// Tembung wancahan asale saka tembung wancah sing tegese bisa tugel, bisa cekak// dadi Wancahan tegese tugelan utawa cekakan bahasa Indonesiane padha karo singkatan/Wancahan sing arep kanggo cangkriman iku/ kudu dijumbuhake karo unine tembung-tembunge// Dadi Cangkriman wancahan iki/ wujude mung tugelan/ utawa cekakaning tembung-tembung / sing arep kanggo cangkriman//La... Lumrahe/ tembung -tembung ing cangkriman iku/ anggone nugel utawa nyekak/ kanthi ngilangake wanda utawa suku kata sing ngarep //  dadi sing dienggo lumrahe mung wanda sing mburi wae//

Iku mau sing dikarepake cangkriman wancahan.

 

Dene jinise cangkriman  sing angka 4  / yaiku cangkriman kang awujud  tembang//

Cangkriman kang awujud   tembang iku jan-jane mung cangkriman kang ditata kanthi wujud tembang// Lha/ tembang sing dienggo iki lumrahe tembang macapat//  Lan sing paling kerep dienggo yaiku tembang macapat pocung// kaya sing wis ditembangake ing ngarep mau// Ananging tembang macapat liyane uga ana, kayata tembang Kinanthi..... tembang Pangkur....Asmarandana // Lsp // Banjur..... cangkriman kang wujude tembang iki...ana sing saben satembang mung ngemu cangkriman siji/ dadi  bedhekan utawa batangane mengko  cacahe ya mung 1...nanging ana uga/ sing satembangan iku   cangkrimane   luwih saka siji...lan batangan utawa bedhekane  mesthine ya luwih saka 1.//

 

Para siswa / iki mau / kowe kabeh wis nyinau babagan apa...?//  nggih ... babagan tegese cangkriman.... gunane cangkriman..... jinise cangkriman....Yen ngono isih kurang siji ya??...Ayo  apa??? ...iya ...bener// kari sing perangan D...yaiku...tuladhane cangkriman.//

*  Tuladhane cangkriman pepindhan  //...O...iya ... cangkriman pepindhan   mau cangkriman sing  dijumbuhake karo irib-iribene  (kemiripan ) barang sing dikarepake// dene tuladhane mangkene:

a.              Pitik walik saba kêbon (pitik walik....pitik walik iku pitik sing wulune malik utawa ngener munggah tur saba kebon)// kira-kira apa ya?/ saweneh barang kang memper karo kahanan pitik walik tur kok saba kebon iku??....ya ... batangane utawa bedhekane  = nanas 

b.             Wujude kaya kebo, ulese kaya kebo, lakune kaya kebo, nanging dudu kebo = (wo...la kok iki kabeh kahanane kaya kebo/ nanging kok dudu kebo.../ gek apa ya?....ayo sapa sing ngerti?....nggih batangane gudel gudel kuwi apa?...gudel kuwi anak kebo.

c.              Tibane ngisor digoleki ndhuwur (iki ana sing aneh meneh...nanging pancen kahanane bener mangkono...tibane ngisor digoleki ndhuwur/ iku jawabane ...banyu sing trocoh//....coba ....yen ana omah trocoh amarga gendhenge bocor kae/ banyune tiba mengisor/ nanging sing ngerti banjur ndhangak nggoleki gendheng sing manggone ing ndhuwur)

 

*  Tuladhane cangkriman blenderan . cangkriman blenderan mau cangkriman kang mengku surasa utawa karep nyrekal/ amarga pancen tujuwane kanggo nyrekal sing diajak cecangkriman/ supaya keblender utawa keplesed mbatange// dene tuladhane kaya ta...:

a.       Wong mati ditunggoni  wong nangis// Lo..lo..piye iki mosok ana wong wis mati ditunggoni wong banjur nangis// gek kepriye kuwi??...katrangne ngene...wong matine ya tetep mati...nanging sing nangis iku wong sing nunggu!!!

b.      Wong mati dilumpati kucing urip//  Ing cangkriman iki/ Yen kowe mengko ora ngati-ati / mula banjur maido...mongsok wong mati dilumpati kucing urip....pranyata sing urip iku kucinge...la yen kucinge mati ya ora bisa mlumpat

c.       Wong dodol tempe padha ditaleni

d.      Wong dodol kambil  padha dikpruki

Ana ing cangkriman Wong dodol tempe padha ditaleni iku sing ditaleni tempene..tempe sing dibuntel godhong kae lho!!

Ana ing cangkriman Wong dodol kambil  padha dikpruki // sing dikepruki dudu wonge ...dudu sing dodol//....nanging sing kepruke iku kambile.

*  Tuladhane cangkriman wancahan// Para siswa isih kelingan marang andharan  cangkriman wancahan mau ta???    Cangkriman wancahan iku wujude mung tugelan utawa cekakaning   tembung-tembung ing ukara sing arep kanggo cangkriman.

dene tuladhane yaiku:

a.       ling cik tu tu ling ling yu (kok kaya bahasa Mandarin) = maling mancik watu, watuné nggoling malingé mlayu 

b.      Pak boletus: Tapak kebo ana lelene satus 

c.       Pak bomba pak lawa pak piut: Tapak kebo amba, tapak ula dawa, tapak sapi ciut 

d.      Wiwawite lesbadhonge: Uwi dawa wite tales amba godhonge 

e.       Lut mahe ndhut yu mahe rong: welut omahe ngendhut, yuyu omahe ngerong

 

*  Tuladhane cangkriman kang wujude tembang// Mau uga wis diandharake/ manawa cangkriman kang awujud tembang iku cangkriman kang ditata kanthi wujud tembang //

Para siswa//  sing bakal dakparingake iki mengko mung sperangan tembang wae nggih??//.

 

            Tuladha Cangkriman kang wujude tembang  Kinanthi

Wonten putri luwih ayu,                                             Ana putri kang ayu
Tan ana ingkang tumandhing,                                    ora ana sing nandhingi
Sariranira sang retna,                                                awake kaya emas
Owah-owah saben ari,                                                bisa owah saben dina
Yen rina kucem kang cahya,                                       yen awan sorote kucem/surem
mung ratri mancur nelahi                                           mung yen bengi sumunar sorote (mbulan)


            Manawa Tuladha cangkriman kang wujude tembang pocung //kaya sing wis ditembangake ing ngarep mau.// yaiku tembang pocung sing batangane utawa bedhekakne kewan gajah mau.//

        Saiki Tuladha cangkriman awujud tembang pangkur//  Digatekne ya...amarga ing tuladha tembang Pangkur iki mengko satembangan ngemot cangkriman kang luwih saka 1.
Badhénên cangkriman ingwang /                           Bedheke cangkrimanku          

tulung-tulung ana gêdhang awoh gori /                 ana gedhan uwoh gori = ditegori

ana pitik ndhasé têlu /                                             ana pitik ndhase telu   = dibuntel wulu

gandhènana êndhasnya /                                        gandhenana endhase  = sirahe nggandhen

kyai dhalang yèn mati sapa sing mikul /                dhalang yen mati sapa sing mikul= kaldhal                                                                      lan walang

ana buta nunggang grobag  /                                 ana buta nunggang grobag = tebu ditata

sêlawé sunguting gangsir //                                    salawe sungute gangsir           = sakler                                                                               lawe (sehelai benang)                                                            

Para siswa... iki mau andharan ngenani babagan cangkriman// Saka andharan iki mau....Ayo padha kajupuk bebarengan dudutan utawa kesimpulane.//  yaiku:

1.             Cangkriman iku padha karo unen-unen utawa tetembungan sing kudu dibedhek utawa dibatang utawa diwangsuli.

2.             Cangkriman iku lumrahe mung digunakake kanggo sarana dedolanan/gegojekan   yen pinuju jejagongan karo kanca ing kalane nganggur.

3.             Cangkriman iku bisa diperang dadi 4 jinis yaiku: Cangkriman pepindhan, cangkriman blenderan, cangkriman wancahan, lan cangkriman kang awujud tembang.

Nah....Iki mau dudutan sing bisa kajupuk saka andharan babagan cangkriman.

Kanggo mbuktekake yen para siswa mau tansah mirengake andharan kanthi temenan, iki bakal takparingi pitakon // Wangsulan saka pitakon  iki  mengko/ supaya ditulis ing bukumu / manawa wis rampung/ banjur diaturake marang bapak utawa ibu guru Basa Jawa ing sekolahmu dhewe-dhewe// mesthine lumantar telpon utawa aplikasi WA// Jalaran ing wektu iki kowe kabeh durung dikeparengake lelungan kanthi ninggalake omah//

Pitakone yaiku:

1. Apa tegese cangkriman iku?

2. Cangkriman iki batangane utawa bedhekane apa lan kalebu jinise cangkriman apa?

a.         Pitik walik saba kêbon...

b.         Wong mati dilumpati kucing urip...

c.         Lut mahe ndhut, yu mahe rong....

d.         Cangkriman aksara d bakal daktembangake//

                        Bapak pocung, gawe geger gawe bingung

                        asale ing Wuhan

                        kabeh uwong miris wedi

                        wong sing nandhang kudu gelem karantina....

 

Nah/ Para siswa SMP saindhenging laladan Karanganyar/ lan sakiwa tengene sing daktresnani//

Sadurunge dakpungkasi/  mbok menawa ana para siswa sing kepengin nyuwun priksa babagan cangkriman?.....

.........................................................................

Para siswa //Iki mau andharan saka bu Sulis ing acara Karanganyar Belajar/ kang kagiyarkae dening Radio Swaba Radionya Karanganyar// Muga-muga ana gunane lan bisa nambah kawruhmu // ing wasana/Tetep waspada/ khusuk ndedonga lan sengkud makarya/ matur nuwun,/ wilujeng enjing/Wassalamualaikum warohmatullohiwabarakatuh/

 

                                                                                   

Karanganyar, 18 April 2020

            Mengetahui                                                      

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

            NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 1

No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...