Pages

Tuesday, October 6, 2020

RPP Bahasa Jawa 7 Gasal: Crita Rakyat

 RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 8)

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/ Semester     : VII/ ( Gasal )

Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok         : Teks Cerita Rakyat/ Sastra       

                                  babad

Sub Materi      : Teks cerita rakyat

Alokasi Waktu : 2 x 40 (1 pertemuan)

                           * Minggu ke 1 Oktober

           

A.        KOMPETENSI DASAR

3.3. Memahami isi teks cerita rakyat

      kejadi

B.        TUJUAN PEMBELAJARAN

1.      Mengidentifikasi teks cerita rakyat

2.      Mengartikan kata- kata yang dianggap sulit

3.      Mengidentifikasi jenis-jenis kata

4.      Menjawab dan mengajukan pertanyaan tentang isi bacaan dalam ragam krama  termasuk menganalisa unsur-unsur intrinsik yang terdapat didalam teks

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan presensi

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak mengingat-ingat cerita rakyat yang diketahui.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan)

 

Ø  Memberikan tayangan power point tentang materi (teks Jaka Tarub, jenis kata, unsur intrinsic cerita)

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi.

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

D.        PENILAIAN

1.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan dan kesantunan bahasa

2.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google form

3.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 19670408 200701 2 016

 

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 9)

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/ Semester     : VII/ ( Gasal )

Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok         : Teks Cerita Rakyat/ Sastra       

                                  babad

Sub Materi      : Teks cerita rakyat

Alokasi Waktu : 2 x 40 (1 pertemuan)

                           * Minggu ke 1 Oktober

           

A.        KOMPETENSI DASAR

4.3. Menceritakan kembali cerita-cerita rakyat

      kejadi

B.        TUJUAN PEMBELAJARAN

5.      Menuliskan pokok- pokok isi bacaan teks cerita rakyat

6.      Menyusun isi pokok-pokok cerita rakyat menjadi sebuah cerita utuh untuk dicerita kan secara lisan dalam ragam krama

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan presensi

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak mengingat-ingat cerita rakyat yang telah dipelajari.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan)

 

Ø  Memberikan tayangan power point tentang materi (teks Timun Emas)

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi.

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

D.        PENILAIAN

4.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan dan kesantunan bahasa

5.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google form

6.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 19670408 200701 2 016

 

 

LAMPIRAN MATERI PERTEMUAN KESATU

 

 

A.        TEKS

                        Jaka Tarub

 

            Wonten  satunggaling dhusun ing tengahing wana ing nama Dhusun Tarub. Ing dhusun kala wau gesang satunggaling kaluwarga mlarat/miskin asmanipun Mbok Randha. Mbok Randha namung gesang kaliyan anakipun ingkang sesilih  Jaka Tarub. Padamelan saben dintenipun inggih menika pados ron pisang tuwin  ron jatos  saperlu dipunsade dhateng peken. Ron menika dipunlintokaken kaliyan uwos saha kabetahan sanesipun.lampahipun dhateng peken ngantos pinten-pinten minggu amargi tebih saking kitha.Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedhag utawi pados kewan dhateng wana. Kewan kala wau dipuntedhaminangka  kanggelawuhpun nedha.

Wonten ing satunggaling dinten  ing kaluwarga menika boten gadhah ulam kangge nedha, lajeng Jaka Tarub pamit kaliyan biyungipun ajeng kesah dhateng wana kangge mbebedhag. Kados adatipun menawi mbebedhag bidhalipun bakda subuh supados wangsulipun boten serap. Ananging boten mangertos sababipun, anggenipunmbebedhag menika sampun dangu boten angsal punapa-punapa,  menika Jaka Tarub nembe apes menapa kados pundi. Wusana Jaka Tarub nerasaken lampah.

Jaka Tarub  boten kuciwa,  piyambakipun taksih nglajengaken lampahipun ingkang tebih sanget wonten ing lebetipun wana. Ananging ngantos dalu JakaTarub taksih boten angsal punapa-punapa.Saking sayahipun Jaka Tarub kepengin sumene ngantos tilem saestu, amargi lampahipun menika tebih sanget.Jaka Tarub tilem ing salebetipun wana. Piyambakipun kaget amargi kepireng swanten  tiyang-tiyang estri sami gegujengan. Amargi pengin mangertos swanten menika  lan saking pundi asalipun swanten kala wau,  pramila Jaka Tarub madosi sumbering swanten menika. Piyambakipun boten pitados. Salebeting manah gumun lannguda raos: “jan-jane aku ngimpi apa ora ya? Mosok aku krungu wong -wong wadon padha geguyonan, cekikikan. Iku swara wong wadon tenan apa memedi ya?” Makaten ing batosing Jaka Tarub.

Boten dangu saking raos gumunipun, Jaka Tarub lajeng mangertosi bilih wonten widadari-widadari ingkang samigegojegan tuwin siram ing sendhang ing tengahing wana. Sansaya dangu swanten kala wau sansaya cetha. Menika andadosaken manahipun Jaka Tarub sansaya badhe magertosi  wujud sajatosipun para widadari kala wau. Jaka Tarub sansaya nyelaki sendhang ingkang dipunginakaken siram dening para widadari punika. Sansaya dangu sansaya celak lan cetha trawaca wujuding widadari amargi dalu menika kaleres  wulan purnama. Sasampunipun Jaka Tarub ningalii para widadari ingkang nembe siram kala wau, sanalika Jaka Tarub gumregah tuwin tuwuh  pepenginan badhe ngepek semah  salah satunggaling widadari ingkang nembe siram kala wau.

Amargi raos tresna penginipun, pramila Jaka Tarub lajeng nggodhani para widadari kasebat, kanthi cara salah satunggaling rasukanipun widadari kapandung lan dipunsimpen.

 

Para widadari boten pirsai pokalipun Jaka Tarub kala wau. Sasampunipun mentas anggenipun siram, para widadari sami gantos busana. Kados menapa kagetipun amargi salah satunggaling widadari muwun amargi rasukanipun ical.

            Widadari sanesipun nyelaki saprelu paring pambiyantu madosi rasukan ingkang ical kala wau, nanging tetep kemawon boten pinanggih.Widadari ingkang kecalan rasukan sagedipun namung muwun kemawon ngantos netranipun bengeb.Kanthi kapeksa, widadari sanesipun nilaraken widadari ingkang nembe kecalan rasukan.Widadari ingkang kecalan rasukan taksih muwun amargi kajawi wuda blejet kadi dene bayi, sariranipun widadari kala wau sampun kraos asrep sanget.

Widadari ingkang nembe muwun kala wau kejot sanget tuwin lingsem, boten kanyana-nyana kedhatengan satunggaling nem-neman bagus praupanipun, dedeg pideksa.Widadari kala wau lingsem sanget amargi boten ngagem busana, pramila lajeng mundhut ron-ronan ing wana kasebat saprelu kangge nutupi auratipun.Widadari kasebat taksih muwun teras.Jaka tarub sansaya nyelaki tuwin ngarih-arih dhateng widadari kala wau.Panglipuripun supados widadari kala wau boten muwun sesenggukan.Anggenipun ngarih-arih dhateng widadari menika kasil, wusana widadari kala wau kendel boten muwun malih.

Jaka Tarub nyuwun pirsa dhateng widadari kala wau.

“Panjenengan sinten asmanipun.Kok dalu-dalu muwun ing madyaning wana, kenging menapa?”Makaten pitakenipun Jaka Tarub.Widadari kala wau lajeng paring wangsulan.

“Nama  kula Nawang Wulan. Kula kala wau rak adus wonten sendhang, boten mangertas, sasampunipun mentas, rasukan kula kok boten wonten. Menika ingkang njalari kula nangis.Menapa boten wirang kula samangke.Kados pundi samangke manawi ngantos kadenangan tiyang, ing mangka kula wuda kadi dene bayi makaten.”

“Boten usah muwun teras cah ayu, sakedhap malih rasukan panjenengan mesthi kapanggih.Manawi kapanggih, kula badhe dipunparingi bebana menapa?”Makaten pitakenanipun Jaka Tarub.”

“Bebana?Bebana menapa ingkang sampeyan betahaken?nama kemawon boten mangertos kok badhe nyukani bebana. Ateges mokal menika.”

“Saestu, kula badhe atur bebana.Sampun ta, bebananipun siip saestu.”

“Bebana boten wigatos, ingkang wigatos rasukan kula wonten pundi?”

“Sakedhap, prajanjenipun dipunsarujuki menapa boten?”Makaten pitakenan Jaka Tarub ngemu raos mesakaken.

“Inggih, kula sarujuk.”

“Sarujuk saestu?Matur nuwun.Nama kula Jaka Tarub.”

“Dados, ingkang ngumpetaken rasukan kula panjenengan ta?”Makaten pitakenan Nawang Wulan.”

“Inggih, ingkang ngumpetaken rasukan Nawang Wulan inggih kula amargi kula tresna sanget dhateng panjengan.”

Jumbuh kalayan prajanjen antawis Nawang Wulan kaliyan Jaka Tarub.Manawi saged manggihaken rasukan badhe kaparingan bebana. Bebana ingkang kajengaken  inggih menika Nawang Wulan dados semahipun Jaka Tarub. Wusana kekalihipun wangsul sesarengan.Kekalihipun sampun sarujuk anggenipun jejodhoan.

Anggenipun jejodhoan antawisipun nawang Wulan tuwin Jaka Tarub kapatutan putra ingkang ayu praupanipun ingkang dipunnamani Nawang Sih. Nawang Sih  boten nakal saha tansah nrimah dhateng kawontenanipun tiyang sepuh.

Satunggaling dinten, Nawang Wulan badhe dhateng lepen saprelu ngumbahi rasukan amargi rasukan ingkang reged kathah sanget.Kajawi ngumbahi ugi adang sekul ingkang dipuntutupi kekep.Saderengipun dhateng lepen, nawang Wulan pesen dhateng Joko Tarub supados nenggani Nawang Sih saha nenggani anggenipun adang sekul.Kanthi pesen supados kekep ingkang kangge ngedang sekul boten kabikak.Jaka Tarub sansaya kapengin mangertosi isinipun kekep kala wau. Amargi ing manahipun Tarub taken” kena apa ya kok kekep ora oleh dibukak.” 

Sasampunipun Nawang Wulan kesah dhateng lepen,  kekep kabikak Jaka Tarub. Kados menapa kagetipun manah Jaka Tarub sasampunipun mangertosi bilih ingkang dipun dang dening Nawang Wulan namung arupi pantun sawulen.Jaka Tarub boten ngugemi ing prajanjen saha pesenipun Nawang Wulan.Ing mangka kanthi mbikak kekep kala wau, ateges kasektenipun Nawang Wulan minangka widadari ical.

Sasampunipun Nawang Wulan mantuk saking ngumbahi saha mangertosi bilih Jaka Tarub mbikak kekep ingkang sampun dados awisanipun kala wau, pramila Nawang Wulan nesu sanget dhateng jaleripun, tuwin kadakwa manawi Jaka Tarub salah satunggaling tiyang ingkang boten saged ngugemi prajanjen. Pramila saking menika Nawang Wulan rumaos dipunece dening Jaka tarub lan kasekten minangka widadari saestu ical. Nawang Wulan boten gadhah kasekten, samenika manawi badhe adang sekul inggih kawiwitan nutu pantun dados uwos lajeng dipundang kados limrahipun manungsa ing alam donya.

Ing satunggaling dinten Nawang Wulan nglempit gelaran klasa.  Kados pundi kaget manahipun Nawang Wulan mirsani rasukan widodari wonten ing ngandapipun klasa kala wau, piyambakipun kaget lajeng duka dhumateng sisihanipun amargi rumaos sampun dipunapusi/dipunpaeka. Nawang Wulan lajeng kagungan niyat badhe minggah dhateng kahyangan malih kempal kaliyan widadari sanesipun kalayan ngagem rasukan menika. Saderengipun minggah ing kahyangan, Nawang Wulan pesen kaliyan Nawang Sih inggih putranipun, manawi piyambakipun kangen dhateng ingkang ibu inggih Nawang Wulan supados  ningali rembulan amargi ing tengahing rembulan kasebat wonten bayangipun Nawang Wulan.

Nawang Wulan saestu minggah dhateng kahyangan kalayan ngagem rasukan widadari kala wau. Nanging sasampunipun dumugi kahyangan,  Nawang Wulan boten dipuntampi malih dados widodari amargi sampun kecampuran kaliyan manungsa. Amargi boten dipuntampi malih kempal kaliyan widadari sanesipun, pramila manahipun sakit.Nawang Wulan rumaos lingsem sanget saha boten purun njelma malih dados manungsa, amargi manungsa menika remen ngapusi saha rekaos gesangipun.Menika bedasanget kaliyan widadari ingkang resik penggalihipun saha boten remen ngapusi sesamining gesang.

 

B.        UNSUR INTRINSIK

            1.         TemaYaiku sing dadi underane prakara crita.

                        Tuladhane: kamanungsan, kabudayan, kasusilan,                                                      sesrawungan, katresnan,lsp.

            2.         ParagaYaiku pelaku kang mbangun cerita.

                        Paraga kaperang dadi loro:

                        - Paraga pokok (tokoh utama)

                        - Paragakang sipate mbyantu (tokoh pembantu).

            3.         WatakYaiku tandha-tandha fisik (dhuwur, lemu, pesek, lsp)  lan tandha-                           tandha non-fisik kang diduweni paraga (galak, sumeh, grapyak, pinter,                               lsp).

            4.         Setting Yaiku papan , wektu lan swasana kadadeane crita.

                        - Papan: pasar, sawah, dalan, kantor.

                        -Wektu: esuk, awan, sore, bengi

                        -Swasana: susah, bungah, nrenyuhake, sumelang,lsp

            5.         Sudut pandang / point of view Yaiku ing ngendi pengarang mapanake                             dheweke  ing cerita.

                        Sudut pandhang iku kaperang ana 2:

                         - Pengarang ing sanjeroning crita ( ana paraga aku)

                        -Pengarang ing sanjabaning crita (nggunakakejeneng wong/ ora

                          nggunakake paraga  aku

            6.         Amanat Yaiku piweling kang arep diwenehake pengarang   marang wong                         kang macacrita.

                        Amanat bisa asifat pakon lan bisa uga menggak/ menging

            7.         Alur/plot Yaiku lakune cerita saka wiwitan nganti pungkasane crita.         

                        Alur bisa kabedakake:

                        - Alur maju

                        - Alur mundur

                        - Alur campuran

 

C.        JENISE TEMBUNG

Jinise tembung iku akeh, kayata:

1. Tembung aran (kata benda)

Yaiku jenenge sekabehing apa bae  kang dianggep barang.

Tuladha: wit, tuk, pari, Solo, sapi, srengenge, prakara, lsp.

 

2. Tembung kriya (kata kerja)

     Yaiku sakabehing tembung sing mratelakake solah bawa utawa tandang gawe.

     Tuladha: nangis, mlaku, turu, lunga, ditulis, ngguyu, mulih, lsp.

 

3. Tembung kaanan (kata sifat)

Yaiku sakabehing tembung kang mratelakake kaanane utawa watake (sifat) barang.

Tuladha: abang, cilik, kuru, lemu, panas, adhem, lega, sesak, resik, reged, lsp.

 

4  Tembung sesulih (kata ganti)

Yaiku sakabehing tembung kang kanggo nyulihi utawa ngganti jeneng barang utawa wong supaya ora bola-bali nyebut jenenge barang utawa wong mau.

Tembung sesulih bisa kaperang dadi telung werna:

a. Tembung sesulih wong kapisan (aku, ingsun, kula, abdi dalem, lsp.)

b.Tembung sesulih wong kapindho (dheweke, kowe, sampeyan, sliramu, lsp.)

c. Tembung sesulih wong katelu (dheweke, panjenengane lsp.)

5. Tembung ancer-ancer (kata depan)

Yaiku sakabehing tembung kang dianggo nggandheng tembung ing sajroning ukara.

Tuladha: menyang, ing, saka, marang, karo, lsp

 

 

6.  Tembung wilangan (kata bilangan)

Tuladha: siji, loro, seprapat, kapisan, kapindho, sepira, lsp.

 

7. Tembung panggandheng (kata penghubung/ kata sambung)

Yaiku sakabehing tembung kang nyambung ukara siji lan sijine ing ukara rangkep ukara camboran  (kalimat majemuk)

Tuladha: dene, nanging, banjur, mulane, sarta, lan, kajaba, jalaran, sabab, marga, awit, lsp

 

8. Tembung Panyeru(kata seru)

Yaiku tembung kang nggambarake wedharing rasa seneng, rasa kaget, rasa kuciwa, rasa gumun, lsp.

Tuladha: adhuh, ah, eh, lho, nah, wah, lha, kok, hus, lsp.

 

9. Tembung Panyilah(kata sandang)

Yaiku tembung sing dianggo nyilahake patrap, barang, bab,utawa liyane.

Tuladha:

a. Ingkang rama ngasta wonten pundi Mbak?

b. Para tamu katuran jumeneng sawetawis.

c. Si Suta lan si Soma mlaku bebarengan.

d. Sri Sultan misuwur kabecikane.

e.  Sang Prabu nembe semedi.

 

D.        LEMBAR KERJA SISWA PERTEMUAN KESATU

1.         Ayo nggoleki unsur intrinsik kang ana ing crita “ Jaka Tarub “

2.         Ayo ngringkes isi poko crita “ Jaka Tarub “

3.         Ayo nggoleki tuladha tembung manut jenise kang ana ing crita “ Jaka Tarub “

 

 

LAMPIRAN MATERI PERTEMUAN KEDUA

 

A.        TEKS

TIMUN MAS

                Kacarita  ing desa Tuwung  ana Mbok Tumi sing kijenan tanpa bojo lan anak. Mbok Tumi wis tuwa apa maneh wadon, mula ora bisa ndandani omahe sing wis rusak kepangan rayap.

        Pagaweane Mbok Tumi nggarap tegal. Saben esuk budhal lan sorene lagi mulih. Nalika ngiyup ana ing sangisore wit amarga kepanasen, dheweke kelingan kedadeyan sing dialami  bojone, yaiku Pak Toso ilang. Mung ditemokake sandhangane sing wis suwek-suwek gubras getih. Manut  critane masyarakat desa Tuwung, Pak Toso dipangan Buta Ijo. Buta ijo iku sing mbaureksa alas Gungliwangliwung.

        Dumadakan  Mbok Tumi njenggirat kaget. Lemah sing dilungguhi obah. Saya suwe kaya bumine lindhu.“Haee…Mbok tuwek elek.Aku luwe.”Suwarane gumleger.Jebul iku omongane Buta Ijo. Sing diajak omongan ngewel wedi. Mbok Tumi takon, “Sam….sam….sampeyan sinten?”  Wangsulane sing ditakoni, “Buta Ijo…aku njaluk pangan daging wong!”  Buta Ijo emoh daginge Mbok Tumi amarga kuru lan wis tuwa.

        Sadurunge lunga, Buta Ijo ngelungi wiji timun siji marang Mbok Tumi. Omonge,  “Iki tanduren ana ing sacedhake omahmu. 17 taun maneh aku mrene.” Amarga Mbok Tumi durung mudheng karepe, mula  takon, “17 taun malih mriki ajeng napa?” “Arep njaluk timun.”Wangsulane cekak banjur lunga.Jangkahe Buta Ijo ndadekake lemahe gonjing.

        Wiji timun ditandur ana ing kebon mburi omah. Saben dina disirami nganti kaping 7 manut prentahe Buta Ijo. Wiji mau wis dadi tanduran timun sing subur. Wohe akeh tur gedhe-gedhe. Nanging ana timun siji sing paling gedhe. Gedhene ngluwihi semangka. Dening pak Kasiyo timun sing gedhe banget iku diarani timun ajaib. Pak kasiyo lan tangga-tanggane diwenehi wiji timun dening Mbok Tumi. Nanging eloke nalika ditandur ora gelem thukul.

        Timun ajaib wis katon tuwa, mula arep diundhuh. Mbok Tumi nyedhaki timun ajaib.Ana kaelokan, timun ajaibe bisa obah-obah dhewe, glundhang-glundhung.Amarga gumun, timun iku dibopong menyang pawon arep disigar Mbok Tumi.Mbok randha iku nyigare ngati-ati.Nah….jebul timune isi bayi wadon. “oeek…oeek.” Bayine nangis.

        Mbok Tumi bungah banget.Saiki dheweke duwe anak wadon.Anak iku dijenengi TIMUN MAS. Mbok Tumi ngundang tangga teparone diajak nekseni lan bungah-bungah. Timun Mas dianggep anake dhewe.Tambah gedhe tambah katon ayune.Menyang ngendi bae Timun Mas mesthi diajak.Timun Mas sregep mbantu ibune.

        Timun Mas saiki wis umur 17 taun.  Wektune Buta Ijo nemoni Mbok Tumi. Nalika wong wadon loro iku lagi turon  nyritakake jaman biyen nganti Timun Mas Keturon. Dumadakan ditekani Pak Kawit. Mbok Tumi lan Timun Mas dikon lunga adoh amarga Buta Ijo wis cedhak. Mbok Tumi bingung amarga anake arep dijaluk. Tenan, Buta Ijo wis teka, omonge, “Endi timune ?” Buta Ijo bungah weruh Timun Mas sing lagi turu. Mung kari ngangkat digawa menyang alas Gungliwangliwung. Mbok Tumi kandha, “ampun sakniki.Larene nembe sakit.Yen sakit daginge boten eca.Daginge pait.”“Wah, trus kapan?”Buta Ijo takon. Mbok Tumi nerangake yen 3 dina maneh Timun Mas mesthi mari. Buta Ijo bali mulih maneh kanggo ngenteni  3 dina.

        Wis ora bisa alesan maneh.Buta Ijo njaluk Timun Mas.Timun Mas dikon mlayu lunga.Mbok Tumi nyangoni kanthong putih cacah 5 kanggo sarana uwal saka Buta Ijo. Kanthong siji isine wiji timun, kanthong loro isine uyah, kanthong 3 isine mrica, kanthong papat isine dom, la kanthong lima isine trasi. Ora let suwe Buta Ijo teka. Dikandhani Mbok Tumi yen Timun Mas ora ana  omah. Mbuh lunga menyang ngendi.

        Buta Ijo mburu playune Timun Mas. Sadurunge kecandhak, karo mlayu Timun Mas  nyebar wiji timun.  Wiji timun dadi sawah timun.Buta Ijo dadi mandheg.Dheweke mangani timun nganti kewaregen.Buta Ijo mlayu maneh nututi Timun Mas. Jarake wis cedhak, banjur Timun Mas nyebar uyah dadi kali sing banjir. Buta Ijo ndadak nyabrang.Timun Mas nyebar mrica dadi geni mulat-mulat.Buta Ijo kapeksa mateni geni dhisik.Buta Ijo terus mburu Timun Mas. Timun Mas nyebar dom dadi wit-witan gedhe kang ana erine.  Buta Ijo kepentok  wit-wit mau. Buta Ijo ndadak  ngangkati wit-witan supaya ambruk. Timun Mas krasa kesel banget.Ambegane ngos-ngosan. Kanthonge sing digawa  mung kari siji. Timun Mas mlayu maneh amarga wis krungu swarane Buta Ijo, “Timun…Timun Mas ..” Pungkasane Timun Mas nyebar trasi.Trasi dadi sawah lendhut.Buta Ijo mandheg.Saka kadohan Timun Mas nantang, “Ayo, yen wani mrenea.Cekelen aku!”Buta Ijo tambah nesu.Dheweke nglumpati sawah lendhut. Amarga Buta Ijo wis kesel mula lumpatane ora bisa adoh. Buta Ijo kejegur sawah lendhut. Suwe-suwe Buta Ijo ambles ana ing sawah lendhut Buta Ijo mati, Timun Mas menang.

            Pungkasaning dongeng,  Timun Mas bisa kumpul karo ibune yaiku Mbok Tumi. Uripe tentrem uwal saka panguwasane Buta Ijo.

 

B.    UNGGAH-UNGGUH BASA/ RAGAM BASA JAWA:

1.    Ngoko lugu
       Titikan/ wujude:       - Kabeh tembunge  ngoko
                                           - Ater-ater lan panambang ngoko

       Sing nganggo:
       1. Bocah marang bocah
       2. Wong tuwa marang bocah

       3. Bapak Ibu marang putrane
       4.Pimpinan marang andhahan

       5. Bendara marang abdi

       6. Guru marang murid

       7. Wong ngudarasa
2.    Ngoko alus
       Titikane :       - Tembung ngoko dicampur tembung krama inggil& andhap
                               - Ater-ater lan panambang ngoko
       Sing Nganggo:
       1. Wong tuwa marang mong tuwa sing wis kulina
       2. Wong tuwa marang wong nom kang drajade luwih dhuwur
3.    Krama alus
       Titikane :
       - Ngunakake tembung krama lan krama inggil & andhap

                               - Ater-ater lan panambang krama


       Sing nganggo

       1. Wong tuwa marang wang tuwa kang durung kulina
       2. Murid marang guru
       3.Anak marang bapak ibune
       4.Bocah/ wong nom marang wong tuwa
       5. Andhahan marang pimpinan

            6. Abdi marang bendara

 

C.        LEMBAR KERJA SISWA PERTEMUAN KEDUA

1.         Ayo ngringkes crita “Timun Mas” kanthi nggunakake basa Krama.

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN SOAL ASPEK PENGETAHUAN

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAKYAT)

KELAS VII SEMESTER GASAL

ASPEK PENGETAHUAN

 

Jodhokna perangan A karo perangan B kang jumbuh!

 

No

Perangan A

Wangsulan

Pilihan

Perangan B

1

Sing kandha manawa bisa menehi anak marang mbak randha yaiku... .

 

A

Segara lendhut

2

Dening Sang pertapa mbok randha diwenehi buntelan kang isine .... werna

 

B

Sabar lan ora gampang nglokro

3

Buntelan kang isi dom bareng diuncalake malih dadi...

 

C

Nawangsih

4

Buntelan kang isi uyah bareng diuncalake malih dadi...

 

D

Pari sawuli

5

Buta Ijo tiwas nalika ngliwati trasi kang diuncalake dening Timun Emas kang owah dadi....

 

E

Alas pring

6

Abdi ingkang kadhawuhan ngreksa keris pusaka

 

F

Golek kewan ing alas

7

Widodari ingkang dados garwanipun Jaka Tarub

 

G

Buta Ijo

8

Putranipun Jaka Tarub

 

H

Nawang Wulan

9

Sing didang dening  garwane Jaka tarub

 

I

Alas pring

10

Pedamelan sanesipun Jaka Tarub menika mbebedhag. Tegese mbebedhak yaiku...

 

J

Papat

11

Udheng kajereng dening Dewata Cengkar tansah mulur tansaya wiyar lan panjang ngantos dumugi ing gisiking seganten. Tegese udheng yaiku...

 

K

Segara amba lan jero

12

Watake Timun Emas yaiku....

 

L

Iket

13

Wit, banyu, lendhut kalebu jinise tembung....

 

M

Kriya

14

Nutu, adang, mbeburu kalebu jinise tembung...

 

N

Aran

15

Siji, salosin, selawe kalebu jinise tembung....

 

O

Wilangan

 

 

 

 

1.      Kacarita  ing desa Tuwung  ana Mbok Tumi sing kijenan tanpa bojo lan anak. Mbok Tumi wis tuwa apa maneh wadon, mula ora bisa ndandani omahe sing wis rusak kepangan rayap. Mbok Tumi ora bisa ndandani omahe amarga sebab iki kajaba... .

a.       Wong wadon lan wis tuwa

b.      Wong sing mung urip ijen

c.       Wong wadon sing ora nduwe anak

d.      Wong sing sugih raja brana

 

2.       

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN SOAL ASPEK KETERAMPILAN

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAKYAT)

KELAS VII SEMESTER GASAL

ASPEK KETERAMPILAN

 

 

 

Critakna crita rakyat “Jaka Tarub” / “ Timun Mas “ nganggo basa krama!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN SOAL REMIDI

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

 

SOAL REMIDI BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAKYAT)

KELAS VII SEMESTER GASAL

 

Nama                           : ......................................................... Kelas/No. Absen         : .............

 

Siswa diberi tugas untuk membaca salah satu contoh cerita rakyat kemudian diberi soal remidi.

Isenana ceceg-cecek ing ngisor iki kanthi trep!

1.      Irah-irahan cerita rakyat kasebut yaiku….

2.      Sapa paraga utama cerita rakyat kasebut….

3.      Sapa wae arane paraga ing sajroning cerita rakyat kasebut….

4.      Jinise alur cerita rakyat kasebut yaiku… .

5.      Jinise latar cerita rakyat kasebut  yaiku ... .

6.      Apa piwulang becik saka crita rakyat kasebut?

7.      Sapa arane paraga kang duwe watak becik manut crita kasebut?

8.      Sebutna latar wektu kang ana ing crita kasebut!

9.      Tegese tembung misuwur ing crita kasebut yaiku…

10.  Sebutna wujude latar swasana kang ana ing crita rakyat kasebut!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

            LAMPIRAN SOAL PENGAYAAN

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

SOAL PENGAYAAN BAHASA JAWA (TEKS CERITA RAKYAT)

KELAS VII SEMESTER GASAL

 

Nama                           : ......................................................... Kelas/No. Absen         : .............

 

A.        MATERI PENGAYAAN

AJISAKA

            Kacariyos ing jaman rumiyin wonten tiyang enem saking Tanah Hinduhustan asmanipun Aji Saka. Piyambakipun putra ratu, ananging kepengin dados pandhita ingkang wasis.Remenipun paring piwucal babagan kawruh warni-warni. Piyambakipun lajeng tindak saperlu mencaraken ngelmu lan kawruh ing Tanah Jawa.

            Anuju satunggaling dinten, Aji Saka saestu tindak dhateng Tanah Jawi kadherekaken abdi cacah kalih inggih menika Dora lan Sembada. Nalika dugi ing Pulo Majeti sami leren. Aji Saka nilar abdi pun Dora ing Pulo Kasebat, dene selajengipun nerasake tindak kadherekaken pun Sembada. Saderengipun tindak Dora dipunweling supados mboten kesah saking pulo Majeti sarta kapasrahan nengga keris pusakanipun Aji Saka. Dora kadhawuhan ngreksa pusaka lan mboten dipunkeparengaken ngaturaken pusaka kasebat dhaten sinten kemawon menawi mboten Aji saka piyambak ingkang mundhut.

            Aji Saka kadherekaken Sembada nuli tindak tumuju dhateng Tanah Jawi njujug ing negari Medhang Kamolan, ingkang ratunipun jejuluk Prabu Dewata cengkar dene patihipun Kyai Tengger. Prabu Dewata Cengkar mujudaken ratu ingkang kawentar remen dhahar daging manungsa, pramila sedaya kawula sami ajrih lan kathah ingkang sami nilaraken kraton Medhang Kamolan.

            Kacariyos Aji Saka ing Medhang Kamolan jumeneng dados guru, kathah tiyang ingkang sumadya dados siswanipun. Para siswanipun sami sumuyud lan tresna jalaran Aji Saka kagungan sifat ingkang asih lan remen tetulung.

            Nalika semanten Aji Saka mondhok ing griyanipun nyai randha Sengkeran lan dipunpundhut putra dening nyai randha. Kyai Patih lan nyai randha ugi dados siswanipun Aji Saka.

            Prabu Dewata Cengkar duka sanget nalika sampun mboten wonten tiyang ingkang saguh dados tedhanipun. Aji Saka sumadya purun dados tedhanipun Dewata Cengkar.  Nyai randha lan kyai patih kejot penggalihipun mireng kesaguhanipun Aji saka, nanging Aji Saka matur bilih mboten badhe wonten kedadosan ingkang awon. Aji Saka ngersakaken dhumateng  nyai randha lan kyai patih supados nyowanaken dhateng Prabu Dewata Cengkar.

            Prabu Dewata Cengkar rumaos marem dene sampun pikantuk dhaharan, pramila saderengipun kadhahar Aji Saka dipunkeparengaken ngaturaken panyuwunan. Aji Saka namung ngersakaken siti ingkang wiyaripun sami kaliyan udheng ingkang dipunagem, lan pangukuripun kedah Prabu Dewata Cengkar piyambak.

            Prabu Dewata Cengkar nglilani, nuli wiwit ngukur siti. Aji Saka nyepeng udheng saking kraton,  Dewata Cengkar njereng udheng kasebat. Udheng kajereng dening Dewata Cengkar tansah mulur tansaya wiyar lan panjang ngantos dumugi ing gisiking seganten Kidul. Sareng sampun mepet ing seganten udheng dipunkipataken dening Aji Saka, Dewata Cengkar mencelat lajeng kecemplung seganten lan malih dados baya pethak ingkang ngratoni seganten Kidul.

            Aji Saka lajeng kajumenengaken dados ratu ing Medhang Kamolan. Aji Saka kemutan dhumateng abdinipun pun Dora  ingkang kadhawuhan nengga saha ngreksa pusaka ing Pulo Majeti, lajeng dhawuh dhumateng Sembada kinen murugi lan nyuwun pusaka ingkang tinilar ing Pulo Majeti kasebat. Saduginipun ing Pulo Majeti Sembada nyariyosaken menapa ingkang dados wigatosipun inggih menika kadhawuhan Aji Saka supados nyuwun keris pusaka lan ngajak pun Dora sowan dhateng Medhang Kamolan. Dora mboten masrahaken keris pusaka amargi mundhi dhawuh saking Aji Saka bilih mboten dipunkeparengaken nyukakaen keris pusaka dhumateng sinten kemawon menawi mboten Aji Saka piyambak ingkang  ngersakaken. Wusana Dora lan Sembada tukar paben, dangu-dangu dados perang tandhing . Kekalihipun sami sektinipun, kekalihipun sami setya dhumateng dhawuh satemah kekalihipun ugi tewas sampyuh.

            Sampun sawatawis wekdal Aji Saka paring dhawuh dhumateng Sembada ananging dereng wonten pawartos. Aji Saka lajeng tindak piyambak dhateng Pulo Majeti, nanging saeba kejot penggalihipun Aji Saka dupi priksa abdi kekalih sampun tewas dados wangke. Piyambakipun rumaos keduwung  awit saking dhawuhipun anjalari abdi kekalih tewas. Kangge ngurmati abdi kekalih ingkang setya dhateng dhawuh pramila Aji Saka lajeng nyerat seratan ingkang ungelipun ha na ca ra ka, da ta sa wa la, pa dha ja ya nya, ma ga ba tha nga. Seratan menika ingkang kawentar dados aksara jawi.

 

B.        TUGAS SISWA

            1.         Tulisen ringkesane crita “Aji Saka” nggunakake basa Krama!

            2.         Wangsulana kanthi cara milih wangsulan ing sisih tengen!

 

No

Perangan A

Wangsulan

Pilihan

Perangan B

1

Abdi ingkang kadhawuhan ngreksa keris pusaka

 

A

Aji Saka

2

Tiyang enem saking Hindhustan

 

B

Dewata Cengkar

3

Abdi ingkang ndherekaken tindakipun Aji Saka dhateng Tanah Jawi

 

C

Kyai Tengger

4

Pepatih ing Medhang Kamolan

 

D

Dora

5

Ratu ing kraton Medhang Kamolan  kang mangane daging manungsa

 

E

Sembada

6

Ha na ca ra ka

 

F

Mung kari bangke

7

Da ta sa wa la

 

G

Ana utusan

8

Pa dha ja ya nya

 

H

Padha ngestokake dhawuh

9

Ma ga ba tha nga

 

I

Padha ngestokake dhawuh

 

LAMPIRAN LEMBAR PENILAIAN SIKAP

Penilaian perkembangan sikap Spiritual dan Sosial dalam bentuk jurnal

 

JURNAL PERKEMBANGAN SIKAP SPIRITUAL DAN SOSIAL

Nama Sekolah               : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/Semester             : VII / Semester Gasal

Tahun Pelajaran            : 2020/2021

 

No

Hari/Tgl.

Nama

Kelas/No

Catatan Perilaku

Butir Sikap

Sikap

1

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...