Pages

Tuesday, October 6, 2020

RPP Bahasa Jawa 7 Gasal: Pengalaman

 

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 10)

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/ Semester     : VII/ ( Gasal )

Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok         : Teks Pengalaman

Sub Materi      : Teks Pengalaman Pribadi

Alokasi Waktu : 2 x 40 (1 pertemuan)

                           * Minggu ke 4 Oktober

           

A.        KOMPETENSI DASAR

3.4. Memahami isi teks cerita pengalaman

      kejadi

B.        TUJUAN PEMBELAJARAN

1.      Membaca pemahaman teks cerita pengalaman dengan tepat

2.      Mengidentifikasi teks pengalaman (pengertian, sumber, jenis dan unsur-unsur teks pengalaman)

3.      Mengidentifikasi parikan (pengertian, jenis dan contoh)

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan presensi

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak mengingat-ingat pengalaman yang telah dialami.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan)

 

Ø  Memberikan tayangan power point tentang materi (teks pengalaman, pengertian, sumber, jenis dan unsur-unsur teks serta pengertian, jenis dan contoh parikan)

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi.

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

D.        PENILAIAN

1.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan dan kesantunan bahasa

2.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google form

3.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 19670408 200701 2 016

 

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 11)

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/ Semester     : VII/ ( Gasal )

Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok         : Teks Pengalaman

Sub Materi      : Teks Pengalaman Pribadi

Alokasi Waktu : 2 x 40 (1 pertemuan)

                           * Minggu ke 4 Oktober

           

A.        KOMPETENSI DASAR

4.4. Menulis teks cerita pengalaman

      kejadi

B.        TUJUAN PEMBELAJARAN

4.      Mencatat pokok-pokok isi cerita pengalaman dalam ragam krama

5.      Menceritakan kembali isi teks  cerita   pengalaman yang didengarkan secara tertulis

6.      Menulis teks cerita pengalaman

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan presensi

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak mengingat-ingat pengertian, sumber, jenis dan unsur-unsur teks pengalaman.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan)

 

Ø  Memberikan tayangan power point tentang materi (teks pengalaman, unsur teks)

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi.

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

D.        PENILAIAN

4.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan dan kesantunan bahasa

5.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google form

6.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

 

            Sumarni, S.Pd., M.Pd.                                                Dra. Sulistyowati

NIP. 19601006 198112 2 003                                     NIP. 19670408 200701 2 016

           

 

LAMPIRAN PERTEMUAN PERTAMA

 

a.         Teks Pengalaman

 

Dikira Teh, Jebul …

            Esuk iku hawane seger. Esuk umun-umun aku wis tangi amarga sawengi anggonku turu ora bisa pules. Embuh apa sebabe, klisak-klisik wae ing mangka ora           akeh nyamuke. Embuh kagawa rasa seneng amarga bocah ndesa arep dijak out     bond gurune atine mesthine seneng banget. Sawengi ngeling-eling kok ora             padhang-padhang kesusu arep lunga out bond bareng karo kanca-kancane.

            Dina Minggu, bocah klas 7 A lan B out bond menyang Museum     Ronggawarsita Semarang saprelu nonton wayang lan gamelan,  Palagan Ambarawa     lan Museum Kereta.  Kabeh persiapan wis dakgawa. Bekal saka ibuku ora lali. Aku          digawani godhogan tela pohung lan ngombe sabotol gedhe. Kabeh dakgawe             nggendhiyot ngetoki yen aku bocah ndesa banget. Maklum wae, bocah ndesa ora tau lunga adoh, lunga sepisan nggembol pangan saka ngomah wedi yen ngelih.       Sangu mung sepuluh ewu. Iku wae wis dipeseni supaya ora dientekake. Aku manut wae. Sadina sadurunge  klambiku wis daklempiti lan daklebokake tas. Kaya-kaya            arep pindhahan wae. Kabeh sedulurku dakpamiti. Saka adhiku, kakangku, bapak             ibuku, pak lik bu lik, pak dhe budhe lan tangga-tanggaku. Kabeh ora ana sing keri.            Nanging cuwane, wong-wong sing dakpamiti mau babar pisan ora ana sing nyangoni dhuwit. Ing mangka batinku ngarep-arep, anggonku pamitan mau, mbok manawa ana rejeki nomplok alias nyangoni aku. Kabeh sing dakpamiti bisa             seragam nyangoni slamet. Kabeh wanti-wanti supaya aku ngati-ati.

Pikiranku pancen ngeres, jan-jane sangu keslametan iku luwih utama         tinimbang sangu dhuwit. Nanging embuh kuwi, aku ya gumun karo awakku dhewe,     wektu iku sing dakpikir kok mung dhuwit wae alias matre. Dhuwit iki jan-jane ya            penting, nanging isih penting keslametan.

            Kaya ngapa atiku senenge sawise bis sing daktunggu-tunggu teka, bis        zentrum arane. Atiku gumun, bis kok apik banget, mewah ngono jarene. Dhasar   bocah ndesa kulinane numpak dhipan gratis lan mandheg alias ora mlaku. Numpak    bis mewah kaya ngapa senenge atiku. Kahanan kaya mangkene jebul ora aku      dhewe sing ngalami. Kancaku saklas uga padha aku. Kancaku padha crita yen       sawengi ora bisa turu, pengin cepet-cepet padhang enggal bisa lunga bebarengan      oleh snack lan bisa mangan bareng kang sarwa enak.

            Kabeh bocah klas 7A lan B wis mlebu bis jumbuh karo dhaptar lungguh    sing diparingke guru. Sawise kabeh siswa lan guru pendamping mlebu bis, bis      zentrum mlaku alon-alon amarga dalane rame. Watara oleh telung kilo anggone bis zentrum mlaku, bocah-bocah wis padha pucet rupane karo nyekeli wetenge dhewe-          dhewe pratandha mabuk lan arep muntah, kalebu aku. Sirahku mumet banget lan             wetengku kruwel-kruwel. Ora let suwe saka lungguhan sisih mburi kaprungu swara          hok-hok hok hok hok hok”pratandha para siswa sing maune padha seneng sanalika cep klakep ora ana swarane. Bocah-bocah padha mabuk. Mung bocah pira thok   kang ora mabuk amarga dheweke wis kulina lunga adoh dijak wong tuwane.                          Nanging racake bocah klas 7 A lan B padha mutah-mutah alias mabuk ing             mangka nalika arep mangkat wis diparingi antimo karo bu guru. Mbok manawa    kagawa rasa seneng, bocah-bocah lali ora ngombe antimo. Bareng wis padha       mabuk, antimone lagi diombe dening bocah-bocah.

            Sawise bocah-bocah ngombe antimo ora let suwe, bocah  sing maune mabuk padha njenggelek lan katon seger maneh. Sinambi ngrungokake musik saka bis, bocah-bocah padha mangan snack lan bekal sing wis digawa dhewe-dhewe. Perjalanan udakara wis sajam, sedhela maneh tekan Museum Ronggawarsita. Ingkene para siswa bisa nonton jinise  wayang lan gamelan. Ora let suwe bis sing daktumpaki ngurupake reating mangiwa pratandha arep menggok ngiwa. Aku sakanca nuli medhun saka bis lan mlebu ing museum. Ing kene bisa ndeloki jinise wayang kang maneka werna. Kabeh iku daktulis saprelu kanggo laporan. Ana uga gamelan Jawa ganep. Wis apik tenan pokoke. Marem atiku ing Museum Ronggawarsita kene. Sawise sawetara ing museum kene, aku sakanca mlebu ing bis maneh saprelu nerusake perjalanan menyang Palagan Ambarawa. Saka Semarang watara jam sanga seprapat.

            Bis zentrum sing daktumpaki wis mlaku mangidul arahe ngliwati dalan tol Manyaran. Kurang luwih sajam setengah bis zentrum wis tekan Ambarawa. Aku takon pak sopir,  ngendikane pak sopir kurang luwih setengah jam maneh wis tekan Palagan Ambarawa. Bocah-bocah katon enjoy wae anggone lungguh lan ngrungokake musik bis. Kurang luwih jam sewelas, bis sing daktumpaki ngriting nengen pratandha arep menggok nengen. Tenan, sisih tengen dalan Palagan Ambarawa kaya gambar sing ning buku IPS kae. Aku lan kancaku atine seneng amarga wis tekan ing papan panggonan kang wis dakantu-antu wiwit dhek wingi.

            Awan iku hawane ing Palagan Ambarawa panas banget, mula banyu ngombe sing dakgawa durung cukup ngadhemke gorokanku sing wiwit mau krasa garing. Aku lan kancaku nuju warung kang dodol werna-werna. Ana gorengan, jajanan, sega, teh, es teh, juice, lan liya-liyane. Bocah-bocah padha dhisik-dhisikan anggone arep ngombe teh  lan es teh saka warung mau. Gorokanku krasa garing banget. Kancaku wis didoli es teh nanging aku durung. Nuju giliranku digawekake teh, ndilalah dhuwitku keri ing tas ing njero bis. Aku njupuk dhuwit mau lan pesen karo sing dodol supaya  tehku dideleh  meja. Ora let suwe aku wis tekan ing warung mau. Amarga saking ngelake, aku banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batinku iki mesthi teh sing dakpesen. Ora nganggo basa-basi gelas iku mau dakcekel banjur dakombel. Mak jabrus rasane dudu teh, nanging ora enak babar pisan. Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas mau dudu teh, nanging lenga jlantah/lenga  bekas kanggo nggoreng. Kanca-kancaku padha pingkel-pingkel ngingeti tingkah polahku kang ngombe lenga jlantah. Sing dodol mung kamitenggengen kaya-kaya ora percaya ndeloki adegan iki.

            Ora let suwe aku lan kancaku mlebu maneh ing area Palagan Ambarawa. Aku sakanca mlebu ing museum, numpak kereta, numpak pesawat jaman Landa, lan dolanan liyane. Kabeh samubarang ing museum palagan dakcathet. Malah ana uga bocah-bocah kang foto bareng. Aku uga katut foto ing museum lan ing ngisor tugu Palagan Ambarawa. Sawise sawetara, bocah-bocah munggah bis saprelu nerusake marang museum kereta kang mapan ora adoh saka Palagan Ambarawa.

            Sawise tekan museum kereta bocah-bocah padha mudhun saka bis nuju museum mau. Ing kene bocah-bocah padha ndeloki kereta wiwit jaman Landa nganti jaman merdheka. Wiwit kereta sing paling kuna nganti kereta sing rada modern. Kabeh dakdeloki siji-siji nganti tuntas karo dakcathet jenenge kereta mau. Watara jam loro awan, bocah-bocah padha ngibadah Dzuhur-Ashar dijamak lan  mangan awan bebarengan.

            Kurang luwih jam telu bocah-bocah mlebu bis saprelu nerusake perjalanan bali menyang sekolahan. Sajroning bis, bocah-bocah gayeng nyritakake pengalamane dhewe-dhewe nganti ora krasa yen bis wis meh tekan sekolahan.  Watara jam nem sore bis zentrum wis tekan sekolahku kanthi slamet.  Atiku lan atine bocah-bocah liyane padha seneng. Wong tuwaku lan wong tuwane  kanca-kanca wis padha nunggu.

 

b.         Tegese Teks Pengalaman

            Teks Pengalaman yaiku teks kang nyritakake kedadeyan sing wis kelakon utawa wis tau dialami.

 

c.         Sumber Teks Pengalaman

                        - Saka awake dhewe

                        - Saka wong liya

 

d.         Jenis Teks Pengalaman

                        - Pengalaman kang nyenengake

                        - Pengalaman kang ngisin-isinake

                        - Pengalaman kang mangkelake

                        - Pengalaman kang nrenyuhakae

LEMBAR KEGIATAN SISWA

 

NO

ISI POKOK CRITA PENGALAMAN

PIWULANG/ NILAI KARAKTER

 

 

 

 

 

LAMPIRAN PERTEMUAN KEDUA

a.         Teks Pengalaman

 

MACANE KUWALIK

            Sasuwene iki Amir (jeneng singlon) ngaji ing pondhoke Pak Kyai Zamroni. Lumrahe santri sinau kitab kuning lan kitab-kitab liyane. Sing jeneng kitab iku olehe maca saka tengen mangiwa kaya dene maca Al Quran. Amir kalebu santri senior, mula dening Kyai Zamroni asring dipatah nggenteni mulang santri-santri anyar.

 

            Sawijining dina Amir krasa mriyang, awake pating greges lan panas. Kanca-kanca santri liyane matur marang Pak Kyai supaya Amir diundangake Pak Mantri. Sawise dipriksa Pak Mantri, Amir pancen dinyatakake lara flu amarga kekeselen lan owah-owahan mangsa.

 

            Amir diparingi obat dening Pak Mantri supaya diombe manut tulisan kang ana ing bungkuse obat. Pak Mantri ora kober njlentrehake carane ngombe obat amarga selak arep tindak mriksa pasien maneh. Pak Mantri uga nganggep yen masyarakat saiki wis padha ngerti carane/ aturane ngombe obat. Ing bungkus obat kasebut ana tulisan 3 x 1. Mesthine ngemu teges diombe kaping telu sedina, olehe ngombe siji-siji. Cacahe obat ana telung bungkus. Dadi saben ngombe obat ana telung pil.

 

            Nanging beda kang dumadi ing pikirane Amir. Amir anggone negesi yaiku olehe ngombe obate sedina pisan, saemplokan telung pil saka saben bungkus. Dadi sepisan ngombe obat cacahe sangan pil. Sawise ngombe obat Amir ora ngrasakake mriyange suda, nanging jantunge malah nitir cepet banget. Klambine teles kebes amarga sakawak metu kringet adhem kaya dene mentas nyambut gawe abot.

 

            Pak Kyai kang nampa lapuran dadi bingung. Arep sujana marang Pak Mantri kok ora apik, bareng ditakokake marang para santri jebul Amir pancen salah maca aturan ngombe obat. Dadine over dosis. Enggal-enggal Amir digawa menyang rumah sakit. Tujune isih ketulungan.

 

            Aku njupuk dudutan mbok menawa kesalahane Amir iku akibat pakulinane maca kitab. Dadi sakabehing wacan embuh abasa Arab utawa abasa liyne tetep wae diwaca saka tengan mengiwa. Ana-ana wae. 

(Jaya Baya No. 39, minggu IV Mei 2014. Kanthi kabesut sawetara)

 

b.         Pengertian Parikan

            Kang diarani parikanyaiku: Unen-unen mawa paugeran telung warna,Dene titikane:

            1. Kadadean saka rong ukara kang dapukane nganggo purwakanti guru-swara.

            2. Saben saukara kadadean saka 2 gatra.

            3. Ukara kapisan mung minangka purwaka ; dene ,,ngese” utawa ,,,wose”                          dumunung ing ukara kapindo.

            Tuladha :

            Tawon madu, ngisep sekar. (Ukara kapisan, 2 gatra).

            Calon Guru, kudu sabar.(Ukara kapindo, 2 gatra).

            4. Gunanepurwaka (ukara kapisan) mung dianggo narikkawigatene wong kang   nedya dikandani utawa dipituturi. Prelune, supaya ing sadurunge ukara kang isi,       ngese” utawa ”wose” dikandakake, wong sing nedya dikandani wis ketarik atine,          satemah banjur nggatekake  marang, ” wose kang baku” (ukara kapindho) kang           satemene lagi arep diucapake .Marga  nggatekake, bisa ngreti temenan marang             maksude ukara kang isi, ”ngese” (ukara kapindho).

 

            Manut cacahing wanda, parikan iku kena diperang dadi telu, yaiku :

            a.         Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 4 wanda ) X 2.

                        Tuladha :

                        Iwak bandeng, durung waju. (4 wanda + 4 wanda).

`                       Priya ngganteng, sugih ngelmu. (4 wanda + 4 wanda).

            b.         Parikan kang kadadean saka (4 wanda + 8 wanda) X 2

                        Tuladha :

                        Kembang adas, sumebar tengahing alas. (4 wanda + 8 wanda)

                        Tuwas Tiwas, nglabuhi wong ora waras. (4 wanda + 8 wanda).

            c.         Parikan kang kadadean saka ( 8 wanda + 8 wanda ) X 2

                        Tuladha :

                        Enting-enting gula jawa, sabungkus isine sanga.

                        Ingatase para siswa, wajib seneng nggubah basa.

 

                        Parikan sing kadadean saka (8 wanda +8 wanda) X 2, sawaneh ana sing     ngarani parikan patang pada. Iku kliru, sebab tembung, ”pada”¸ iku tumrap reriptan            kanggone mung ana ing tembang. Dene yen tembung, ”pada” iku sing dikarepake        kudu ditegesi ”ukara” uga kliru, sebab parikan iku ora ana sing kadadean saka     patang ukara. Parikan iku kudu mung rong ukara, siji-sijining ukara kadadean saka             2 gatra; dadi kabeh ana 4 gatra. Wondene carane nulis 4 gatra iku, kena bae           didadekake 4 larik.

            Tuladha ing aksara c,  kang kasebut ing dhuwur iku kena katulis mangkene:

                                    Enting-enting gula jawa

                                    Sabungkus isine sanga

                                    Ingatase para siswa

                                    Wajib seneng nggubah basa

            Wong-wong utawa bocah-bocah kang ora kepetung ing golongane wong pasinaon             (kayata: tukang becak,bocah angon.lsp) terkadang ngucapake parikan sing ora         nglungguhi paugeran.

            Tuladha :

            Ngetan, bali ngulon. (2 wanda + 4 wanda).

            Tuwas edan, nora klakon. (4 wanda + 4 wanda).

 

            5. Carane ngarang parikan

                        Sing dikarang luwih dhisik ukara kapindho, yaiku ukara sing isi, ”ngese”   utawa, ”wose”. Ukarane kadadean saka 4 wanda + 4 wanda, utawa 4 wanda + 8      wanda, utawa 8 wanda + 8 wanda.

                        Sawise rampung pangarange ukara kapindho, banjur ngarang ukara            kapisan , yaiku ukara kang mung dianggo purwaka. Kehing wandane pada karo    ukara kapindho, lan dhapukane kudu mujudake purwakanti guru-swara karo      ukara sing kapindho.

 

Perangan sing ana ing crita pengalaman:

1.         Apa sing bakal dicritakake

2.         Sapa wae paraga ing crita

3.         Kapan kedadeyane

4.         Ing ngendi wae panggonan kedadeyane

5.         Kena apa/ apa sebabe bisa dumadi pengalaman kasebut

6.         Kepriye dumadine pengalaman kasebut

 

 

LEMBAR KERJA SISWA

Tulisen salah siji pengalamanmu sing nabet ing atimu!

 

 

 

 

KISI-KISI PENILAIAN HARIAN

 

NO

NO. KI

KD

MATERI POKOK

INDIKATOR SOAL

BENTUK SOAL

NO. SOAL

 

3

 

3

 

3.4  Memahami isi teks cerita  

pengalaman

 

 

 

 

 

 

 

 

Teks cerita pengalaman dengan judul “Dikira Teh Jebu...”

 

Ø  Menjelaskan pengertian teks pengalaman

 

Ø  Menjawab pertanyaan tentang isi teks  cerita pengalaman

 

Ø  Menyebutkan jenis-jenis teks  pengalaman

 

 

 

 

P G

 

 

 

P G

 

 

 

 

P G

 

 

 

 

1

 

 

 

2 - 9

 

 

 

 

10

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN SOAL ASPEK PENGETAHUAN

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA ( CERITA PENGALAMAN )

KELAS VII SEMESTER GASAL TH. 2020/2021

ASPEK PENGETAHUAN

 

Wangsulana pitakon iki kanthi cara milih pratelan ing aksara a, b,c utawa d sing kokanggep paling bener!

 

1.             Teks pengalaman iku nyritakake kedadeyan kang ... .

A.       durung dilakoni

B.       arep dilakoni

C.       wis dilakoni

D.       meh dilakoni

 

2.              Esuk iku hawane seger. Esuk umun-umun aku wis tangi amarga sawengi anggonku turu ora bisa pules. Embuh apa sebabe, klisak-klisik wae ing mangka ora akeh nyamuke. Embuh kagawa rasa seneng amarga bocah ndesa arep dijak out        bond gurune atine mesthine seneng banget. Sawengi ngeling-eling kok ora padhang-padhang kesusu arep lunga out bond bareng karo kanca-kancane.

Manut andharan ing ndhuwur, paraga aku anggone tangi ing wanci esuk banget, jalaran... .

A.       akeh nyamuke

B.       seneng amarga arep piknik

C.       sewengi mung kepengin enggal parak esuk

D.       anggone turu ora bisa pule

 

3.             Dina Minggu, bocah klas 7 A lan B out bond menyang Museum        Ronggawarsita Semarang saprelu nonton wayang lan gamelan,  Palagan Ambarawa       lan Museum Kereta.  Kabeh persiapan wis dakgawa. Bekal saka ibuku ora lali. Aku digawani godhogan tela pohung lan ngombe sabotol gedhe.

Ing ngisor iki tujuane kegiatan out bond bocah klas 7 A lan B, kajaba... .

A.       Museum wayang Semarang

B.       Museum   Ronggawarsita

C.       Palagan Ambarawa

D.       Museum Kereta

 

4.             Kaya ngapa atiku senenge sawise bis sing daktunggu-tunggu teka, bis           zentrum arane. Atiku gumun, bis kok apik banget, mewah ngono jarene. Dhasar      bocah ndesa kulinane numpak dhipan gratis lan mandheg alias ora mlaku. Numpak bis mewah kaya ngapa senenge atiku.

Sawise bis teka paraga aku atine dadi gumun, amarga... .

A.       bis Zentrum bis kang paling apik

B.       ngerti bis kang apik lan mewah

C.       bisa numpak bis gratis

D.       dheweke mung wong ndesa

 

5.             Nuju giliranku digawekake teh, ndilalah dhuwitku keri ing tas ing njero bis. Aku njupuk dhuwit mau lan pesen karo sing dodol supaya  tehku dideleh  meja. Ora let suwe aku wis tekan ing warung mau. Amarga saking ngelake, aku banjur nyekel gelas sing ana ing meja cedhake sing dodol. Batinku iki mesthi teh sing dakpesen. Ora nganggo basa-basi gelas iku mau dakcekel banjur dakombe. Mak jabrus rasane dudu teh, nanging ora enak babar pisan. Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas mau dudu teh, nanging lenga jlantah/lenga  bekas kanggo nggoreng. Kanca-kancaku padha pingkel-pingkel ngingeti tingkah polahku kang ngombe lenga jlantah.

Sebabe kanca-kancane paraga aku padha ngguyu kepingkel-pingkel yaiku... .

A.       ngerti dhuwite paraga aku keri ing bis

B.       ngerti polah tingkahe paraga aku ngombe es teh.

C.       ngerti polah tingkahe paraga aku ngombe es teh kleru jlantah.

D.       ngerti polah tingkahe paraga aku mlayu-mlayu pesen es teh.

 

6.             Sawise rada suwe daksawang, jebule ing gelas mau dudu teh, nanging lenga jlantah. Sing diarani jlantah yaiku... .

A.       lenga kang isih anyar

B.       lenga kang durung kanggo nggoreng

C.       lenga kang arep dinggo nggoreng

D.       lenga bekas kang dinggo nggoreng

 

7.             Ora let suwe aku lan kancaku mlebu maneh ing area Palagan Ambarawa. Aku sakanca mlebu ing museum, numpak kereta, numpak pesawat jaman Landa, lan dolanan liyane. Kabeh samubarang ing museum palagan dakcathet. Malah ana uga bocah-bocah kang foto bareng. Aku uga katut foto ing museum lan ing ngisor tugu Palagan Ambarawa.

Ing ngisor iki sing ditindakake ing area Palagan Ambarawa, kajaba... .

A.       foto-foto bareng ing ngisor tugu Palagan Ambarawa

B.       nyathet samubarang ing museum

C.       numpak jaran ing cedhak museum

D.       numpak pesawat jaman Landa

 

8.             Sawise tekan museum kereta bocah-bocah padha mudhun saka bis nuju museum mau. Ing kene bocah-bocah padha ndeloki kereta wiwit jaman Landa nganti jaman merdheka. Wiwit kereta sing paling kuna nganti kereta sing rada modern. Kabeh dakdeloki siji-siji nganti tuntas karo dakcathet jenenge kereta mau. Watara jam loro awan, bocah-bocah padha ngibadah Dzuhur-Ashar dijamak lan  mangan awan bebarengan.

Ing ngisor iki sing ditindakake bocah-bocah nalika ing Museum Kereta, kajaba... .

A.       sholad Dzuhur - Azar tanpa dijamak

B.       padha ndeloki kereta wiwit jaman Landa nganti jaman merdheka.

C.       padha ndeloki kereta wiwit kereta sing paling kuna nganti kereta sing rada modern.

D.       nyathet jenenge kereta-kreta ing museum mau.

 

9.             Bocah-bocah tekan sekolahan wanci tabuh... .

A.       telu sore

B.       papat sore

C.       lima sore

D.       enem sore

 

10.         Watara jam nem sore bis zentrum wis tekan sekolahku kanthi slamet.  Atiku lan atine bocah-bocah liyane padha seneng. Wong tuwaku lan wong tuwane  kanca-kanca wis padha nunggu.

Manut pratelan kasebut, pengalaman kang dialami bocah-bocah iku kalebu jinise pengalaman kang... .

A.       nrenyuhake

B.       nyenengake

C.       mangkelake

D.       ngisin-isinake

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN LEMBAR JAWAB

 

LEMBAR JAWAB PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA

MATERI TEKS PENGALAMAN

SEMESTER GASAL TAHUN 2020/2021

 

            Nama  :......................................................................             Kelas/ No: ................

 

NO

JAWABAN

NO

JAWABAN

NILAI

1

A

B

C

D

6

A

B

C

D

 

2

A

B

C

D

7

A

B

C

D

3

A

B

C

D

8

A

B

C

D

4

A

B

C

D

9

A

B

C

D

5

A

B

C

D

10

A

B

C

D

 

 

Saya mengerjakan dengan jujur, tanpa menyontek dari sumber apapun, tanpa bekerjasama dengan siapapun.

 

Tanda Tangan Siswa

Komentar Orang tua

Tanda tangan Ortu

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN  KUNCI JAWAB DAN NORMA PENILAIAN

 

 

KUNCI  JAWABAN  DAN NORMA NILAI

PENILAIAN HARIAN (MATERI TEKS PENGALAMAN)

MATA PELAJARAN BAHASA JAWA KELAS VII

SEMESTER GASAL

TAHUN 2020/2021

           

NO

JAWAB

1

C

2

D

3

A

 4

B

5

C

6

D

7

C

8

A

9

D

10

B

 

 

Setiap soal yang jawabannya benar diberi scor 1

 

NILAI = Jumlah Benar x 10

 

 

 

 

 

 

 

 

                       

                                   

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN KETERAMPILAN

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA ( CERITA PENGALAMAN )

KELAS VII SEMESTER GASAL TH. 2019/2020

ASPEK KETERAMPILAN

 

Nama               : ................................................          Kelas / No. Absen       : .............

 

            Critakna pengalaman “Dikira Teh Jebul...” nganggo basa ragam krama!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN 7

 

KISI-KISI REMIDI

 

            Jenis Sekolah              :           SMP Negeri 2 Karanganyar   

            Kelas / Semester         :           VII (Tujuh)/ Gasal

            Mata Pelajaran            :           Bahasa Jawa   

            Bentuk / Jumlah Soal  :           Essay = 3

            Kurikulum                   :           Kurikulum 2013

            Alokasi Waktu            :           di luar jam KBM

 

NO

KOMP. INTI

KOMP. DASAR

KELAS/ SEMT

MATERI POKOK

INDIKATOR SOAL

NO. SOAL

3

Memahami pengetahuan (faktual, konseptual, dan

prosedural) berdasarkan rasa ingin tahunya

tentang ilmu pengetahuan, teknologi, seni, budaya

terkait dengan fenomena dan kejadian tampak

mata.

3.4. Memahami isi teks cerita pengalaman

VII/ 1

 

 

 

 

 

 

Ø Teks Cerita Pengalaman

 

 

 

 

 

 

v Menjelaskan kegiatan yang akan dilaksananakan oleh siswa kelas VII A dan B pada hari Minggu

 

v Menyebutkan kegiatan yang dilakukan di moseum Ranggawarsita

 

v Menyebutkan kegiatan yang dilakukan di moseum Palagan Ambarawa

 

1

 

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN SOAL REMIDI

 

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

SOAL REMIDI BAHASA JAWA (CERITA PENGALAMAN)

KELAS VII SEMESTER GASAL TH. 2020/2021

 

 

Nama               : ................................................          Kelas / No. Absen       : .............

 

Diperdengarkan bacaan cerita pengalaman  “Dikira Teh Jebul...”

No

Pitakon

Wangsulan

Score

1

Sing arep ditindakake bocah kelas 7A lan 7B nalika dina Minggu yaiku....

 

 

1-5

2

Sing bisa ditonton lan ditindakake bocah-bocah ing njero museum Ranggawarsita yaiku...

 

 

 

 

1-5

3

Sing ditindakake bocah-bocah ing njero museum Palagan Ambarawa yaiku...

 

 

 

 

1-5

Saya mengerjakan dengan jujur, tanpa menyontek dari sumber apapun, tanpa bekerjasama dengan siapapun.

 

Tanda Tangan

Nilai

Komentar:

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN SOAL PENGAYAAN

 

PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

================================================================

 

SOAL PENGAYAAN BAHASA JAWA (CERITA PENGALAMAN)

KELAS VII SEMESTER GASAL TH. 2020/2021

 

Nama               : .........................................................      Kelas / No. Absen  : .............

 

Ayo golek tuladha pengalaman ing kalawarti  banjur nulis ringkesan crita pengalaman kasebut  nganggo basa krama!

Ancer-ancer ngringkes crita yaiku:

                 1.   Sapa sing dicritakake

                 2.   Kapan dumadine

                 3.   Ing ngendi papan panggonane kedadeyan

                 4.   Kepriye lumakune kedadeyan

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

LAMPIRAN PENILAIAN SIKAP

 

 

Penilaian perkembangan sikap Spiritual dan Sosial dalam bentuk jurnal

 

JURNAL PERKEMBANGAN SIKAP SPIRITUAL DAN SOSIAL

Nama Sekolah                : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/Semester              : VII / Semester 1

Tahun Pelajaran             : 2020/2021

No

Hari/Tgl.

Jam Ke

Kelas/No

Nama Siswa

Catatan Perilaku

Butir Sikap

Tindak Lanjut

Hasil

1

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

No comments:

Post a Comment

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...