Pages

Saturday, February 27, 2021

NASKAH SIARAN RADIO KARANGANYAR BELAJAR KIDANG KENCANA

 

Assalamualaikum warohmatullohiwabarakatu

Para pamiyarsa/ sutresna radio Swiba ingkang kula urmati/ lan mligine marang anak-anakku/ para siswa SMP/ ing saindhenging laladan Karanganyar lan sakiwa tengene sing taktresnani//

Wilujeng enjing/ ketemu maneh karo ibu Sulistyowati / ing acara  KARANGANYAR BELAJAR/ kaya padatan/ acara iki digiyarake dening Radio Swiba FM/ Radionya Karanganyar/

 

Ing wektu iki mengko/ suwene kurang luwih 30 menit/ Bu Sulis bakal ngajak bebarengan para siswa /nyinau piwulang  utawa MATA PELAJARAN Basa Jawa/ kanthi wosing pasinaon yaiku   Crita wayang Ramayana perangan Kidang Kencana.

Sadurunge  kawiwitan/ Ayo...// Anak-anakku siswa kabeh/ luwih dhisik padha ndedonga bebarengan/ nyenyuwun marang Gusti Kang Maha Kuwasa/ muga tansah pinaringan bagas waras/ tansah rahayu  lan tansah bagya mulya//  Panyuwunan kang mligi/ konjuk marang  ngarsane Gusti Kang Maha Asih/ muga-muga/ kahanan Indonesia/ kang lagi nadhang musibah/ kanthi anane lelara kang disebabake dening VIRUS COVID 19/ enggala bisa bali dadi ayem tentrem maneh//. AAMIIN

O....ya/ kaya padatan/ aja lali/ para siswa nyawisake buku lan piranti kanggo nulis/ mbok menawa/ ana perangan-perangan wigati / kang bakal koktulis/ kanggo nambah kawruhmu//

 

Para siswa/ sadurunge mirengake andharan babagan Crita wayang Ramayana Kidang Kencana / bu Sulis arep paring pitakon  marang para siswaku sing pinter-pinter//... Mesthine/ para siswa/ wis padha tau  krungu lan nonton pentas wayang.//  nggih .... ana sing ngrungokake giyaran wayang lumantar radio // ana sing nonton pentas wayang ing televisi/ malah/ mbok menawa ana sing nonton  pentas wayang  kanthi  langsung//

Pitakone : Sapa paraga wayang sing koksenengi lan apa sebabe kowe seneng marang paraga kasebut??  Para siswa sing daktresnani/  kowe kabeh / mengko bisa atur wangsulan/ kanthi ngirim wangsulan kasebut ing Radio Swiba Radionya Karanganyar // yaiku  lumantar aplikasi WA kanthi  nomer   089 692 161 405//

 

Para siswa... ing ngarep mau wis diandharake// manawa bu Sulis arep paring piwulang / kanthi wosing pasinaon yaiku/ Crita wayang Ramayana   Kidang Kencana// Kanggo mangerteni andharan kang luwih komplit/  mulane/ para siswa bakal dakajak /sinau bebarengan babagan kasebut ing antarane yaiku:

A. Paraga ing Crita wayang Ramayana   Kidang Kencana

B. Ringkesane crita wayang Ramayana   Kidang Kencana

C. Wosing budi pekerti utawa nilai karakter sing bisa kajupuk saka  Crita wayang Ramayana

     Kidang Kencana.

 

Ayo digatekne/ saiki Bu sulis arep wiwiti/ paring andharan   babagan kasebut/

Perangan  A :  

Para paraga ing Crita wayang Ramayana   Kidang Kencana:

1.      Raden Ramawijaya                 : Raden Ramawijaya iku putrane Prabu Dasarata/ kang dadi raja ing kraton ayodya/ karo ibu Dewi Raghu utawa Dewi Kosalya.

2.      Dewi Sinta                              : Dewi Sinta garwane Raden Ramawijaya

3.      Raden Laksmana                     : Raden Laksmana iku adhine Raden Ramawijaya . dadi uga putrane Prabu Dasarata nanging saka ibu Dewi Sumitra

4.      Prabu Rahwana utawa Dasamuka       : Prabu Rahwana utawa Dasamuka iku/ raja  kang awujud raseksa utawa buta/ kang ngratoni nagara Alengka//

5.      Kala Marica                             : Kala Marica iku uga raseksa utawa buta/ abdine Prabu Rahwana kang memba-memba/ salin wujud dadi Kidang Kencana.

Kuwi mau/ para paraga ing Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana //

 

Bacute Perangan B: /

Perangan B yaiku reringkesane Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana//

Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana iku kawiwitan/ nalika Raden Ramawijaya  nindakake darma/ kudu ninggalake kraton Ayodya/ lan manggon ing satengahe alas Dhandhaka//

Para siswa isih kelingan ta....???/ apa sebabe / Raden Ramawijaya  ninggaleke kraton Ayodya / lan banjur manggon/ ing satengahe alas Dhandhaka.....?? Nggih... jalaran/ Raden Ramawijaya/ mung kepengin atur bekti/ marang keng ramane/ yaiku prabu Dasarata//

 

Prabu Dasarata/ kagungan putra cacah  4/ yaiku Raden Ramawijaya saka ibu Dewi Raghu utawa Dewi Kosalya/ Raden Lesmana lan Raden Satrugna/ saka ibu Dewi Sumitra/ sarta Raden Barata/ saka ibu Dewi Kekeyi. //

Nalika semana/ Prabu Dasarata  wis yuswa sepuh/  kepingin masrahake kraton Ayodya/ marang putra kakung sing lair dhisik dhewe/ saka ibu prameswari/ lan sing kudune/ nduweni hak dadi raja/ yaiku Raden Ramawijaya// Ananging/ nalika Raden Ramawijaya arep dijumenengake dadi raja/ Dewi Kekeyi ora trima//  Dewi Kekeyi nagih janji marang Prabu Dasarata / Jalaran/ pancen Prabu Dasarata nate kagungan janji/ marang Dewi Kekeyi// janjine yaiku/ Dewi Kekeyi dikeparengake nduwe panyuwunan cacah 2... lan apa wae panyuwunane/ bakal dikeparengake......Dewi Kekeyi/ ora enggal ngaturake panyuwunan cacah 2 kasebut.... nganti/ nalika Raden Ramawijaya bakal dijumenengake raja/ lagi ngaturake panyuwunane.

Ewadene panyuwunane Dewi Kekeyi yaiku:

1.      Nyuwun marang Prabu Dasarata/ supaya sing dadi raja ing Ayodya iku putrane/ sing asmane Barata

2.      Raden Ramawijaya kudu ninggalake kraton Ayodya  suwene 14 warsa utawa 14 taun.

 

Nah...gek kepriye iki????/ tumrap Raden Ramawijaya/ sing sejatine bakal ngganti dadi raja ing Ayodya/ nalika mireng panyuwune Dewi Kekeyi???... duka?...ora/ gela?...ora....//Raden Ramawijaya/ tetep sabar lan ikhlas nampa sakabehe.....

Ya amarga rasa bektine marang keng ramane/ lan supaya keng ramane/ ora cidra ing janji/ mulane Raden Ramawijaya/  kanthi rasa lila legawa/ minangkani pamundhute ibu kwalone/ yaiku Dewi Kekeyi// Banjur Raden Ramawijaya ninggaleke kraton Ayodya/ kanthi didherekake garwane/ yaiku Dewi Sinta/ lan adhine/ yaiku Raden Laksmana// Katelune banjur manggon ing satengahe alas Dhandhaka.

Bacuting crita / Tetelune / yaiku Raden Ramawijaya, Dewi Sinta, lan Lesmana/ banjur manggon ing satengahe alas Dhandhaka/ kanthi nggawe wangunan omah prasaja/ kang kabeh bebakalane wangunan/ ya mung kajupuk saka alasa kono/ jalaran pancen Raden Ramawijaya/ Raden Laksmana lan Dewi Sinta/ nalika ninggalake kraton Ayodya/.... ora nggawa apa-apa//

 

Nah.....ing sawijining dina/ pinuju  Raden Ramawijaya, Dewi Sinta, lan Lesmana/ lagi padha jejagongan/ ana sawijining kewan kidang/ kang mara nyaketi//  Kidang kasebut mujudake salah sawijining kewan alas/ nanging beda karo kidang-kidang liyane// ulese kulite mrusuh/ kuning nemu giring/ malah bisa diarani/ kuning kaya emas//  polahe trengginas/ kaya nduwe prabawa kang gedhe// Kidang kasebut arane kidang kencana//

 

Kidang mlayu mrana-mrene/ mlumpat-mlumpat/ sajak nggodha ati // Priksa ana kidang/ kang beda karo kidang-kidang liyane/ Dewi Sinta kesengsem// kepencut// pingin kagungan kidang kang endah iku// Mula kanthi ngati-ati / Dewi Sinta ngrekadaya/ nyekel kidang kasebut// Nalika ngerti manawa arep dicekel/ si kidang tansaya mlumpat/ mlayu mrana mrene sajak ngece// Gandheng Dewi Sinta kangelan/ anggone arep nyekel kidang/ mula banjur ngaturi Raden Ramawijaya/ supaya nyekelake kidang// Amarga rasa tresnane marang garwa/ Raden Ramawijaya/ saguh nyekelake kidang/ kang wis mlayu anggendring ninggalake papan kono//

 

Sadurunge tindak  ngoyak  kidang / Raden Ramawijaya pamit marang garwane/ lan paring weling marang Raden Laksamana/ supaya ngreksa utawa njaga/ keslametane Dewi Sinta// Raden Laksmana uga diweling/ ora kena ninggalake Dewi Sinta/ manawa Raden Ramawijaya durung kondur ing papan panggonane // Raden Laksmana matur sendika//

 

Raden Ramawijaya/ enggal-enggal nututi/ lan nggoleki kidang kencana kang mlayu// teruuuus ditutake/ nganti tekan tengah alas gung liwang-liwung// Kanthi ngati-ati/  Raden Ramawijaya ndingkik saka mburine kidang// Kidang sajak ngerti/ manawa ana sing ndingkik/ mula banjur mlayu ngendhani// Raden Ramawijaya/ rumangsa diece dening si kidang// mula banjur nglepasake jemparing (panah)/ kaenenrake prenahe kidang// Kidang kencana kena panahe Raden Ramawijaya/ Kidang kencana ambruk/ jemparing nembus awake kidang//

 

Nanging ana kedadean kang aneh/  kidang kencana kang nandhang tatu/ jalaran kena jemparing mau muksa//...  bebarengan karo muksane kidang/ gumanti karo  metune raseksa/ abdine Prabu Rahwana/ yaiku/ Kala Marica//.... tetela ya Kala Marica iku/ kang memba-memba dadi kidang kencana// dene acas tujuane/ kanggo misahake/ antarae Raden Ramawijaya lan Dewi Sinta// Raden Rama duka/ rumangsa dipaeka/ utawa diapusi/ dening kidang kencana Kalamarica// mula Kala Marica banjur kaperjaya / utawa dipateni dening Raden Ramawijaya// Mbarengi karo patine Kala Marica/ Kala Marica mbengok seruuuu banget/  kanthi ngemperi swarane Raden Ramawijaya// Pambengoke Kalamarica/ kaprungu nganti tekan papan dununge Dewi Sinta//

 

Dewi Sinta/ midhanget swara pambengok sing memper swarane Rama// Dewi Sinta ngira/ iku swara pambengoke Raden Ramawijaya temenan// Tuwuh rasa kuwatir marang keslametane Raden Ramawijaya/ mula banjur dhawuh marang Raden Laksamana/  supaya enggal nusul Raden Ramawijaya// Raden Leksmana ora kersa nusul/ jalaran mau wis diweling karo Raden Ramawijaya/ ora kena ninggalake Dewi Sinta / manawa Raden Ramawijaya durung kondur/  saka anggone ngoyak kidang.

Mireng ature Raden Laksmana/ sing ora kersa nusul Raden Ramawijaya/ Dewi Sinta sajak duka// banjur ngundhamana/ lan ndakwa menawa Raden Laksmana/ kepengin ngajap/ sedane Raden Ramawijaya/ jalaran Raden Laksmana kagungan rasa tresna/ marang Dewi Sinta//

 

Mireng pangandikane Dewi Sinta/ Raden Laksmana cuwa penggalihe/ dene Dewi Sinta/ kagungan pandakwa kang kaya mangkono//  Banjur Raden Laksmana/ saguh nututi lan nggoleki/ Raden Ramawijaya// Sadurunge ninggalake Dewi Sinta/ Dewi Sinta kapapanake ana ing panggonan / kang wis diwenehi rajah/ kanthi piweling/ supaya Dewi Sinta/ ora kena ninggalake papan kang wis karajah mau/ manawa Dewi Sinta/ metu saka panggonan kang wis dirajah/ bakal nemahi bebaya// sewalike / wong liya kang nduwe niyat ala/ uga bakal nemahi bebaya/ samangsa mlebu menyang panggonan kang karajah kasebut//

 

Raden Laksmana banjur ninggalake Dewi Sinta/ nanging sepisan maneh/ Raden Laksmana atur weling marang  Dewi Sinta/ supaya ora  ninggalake papan sing wis karajah/ Sarta matur/ manawa pandakwane Dewi Sinta iku ora bener// Raden Laksmana ora nduwe niyat nresnani Dewi Sinta/  kanggo ngyakinake Dewi Sinta/ manawa Raden Laksmana ora kagungan niyat tresna/ mula Raden Laksmana prasapa utawa sumpa// Prasapane yaiku/ Raden Laksmana bakal nglakoni wadat/ sing tegese/ ora bakal kagungan garwa salawase urip.

 

Raden Laksmana/ kasil ketemu karo Raden Ramawijaya/ banjur didangu/ kenengapa ninggalake Dewi Sinta// Raden Laksmana matur apa anane// Raden Ramawijaya/ bisa nampa ature Raden Laksmana/ lan Raden Ramawijaya uga maringi ngerti/ manawa sejatine kidang kencana iku/ malihane Kala Marica/ abdi kinasihe Prabu Rahwana //

Kalorone/ banjur padha bali ninggalake papan kasebut/ kondur tumuju papane Dewi Sinta.

 

Ing Papane Dewi Sinta/  Dewi Sinta sajak ora nglegewa (nggagas)/ manawa ana sing nggatekake/ yaiku Raja Alengka Prabu Rahwana/ kang niyate/ kepengin nggarwa Dewi Sinta// Prabu Rahwana/ nyedhaki papane Dewi Sinta niyate arep ndhustha / nyolong Dewi Sinta//  nanging ora bisa/ jalaran Rahwana ora bisa mlebu papane dewi Sinta/ sing wis karajah dening Raden Laksmana// Prabu Rahwana ninggalake Dewi Sinta/ banjur malih dadi wong tuwa njejaluk/ kang kahanane memelas banget// Wong tuwa kasebut/ banjur nyedhaki papane Dewi sinta/... matur nyuwun diparingi sedekah// Dewi sinta dhawuh/ supaya wong tuwa njejeluk kuwi mara nyedhak//  nanging wong tuwa kasebut matur ora bisa/ awake lemes lan lara// Mireng ature wong tuwa njejaluk kasebut//... banjur tuwuh rasa welas asihe Dewi Sinta/ nganti lali piwelinge Raden Laksmana / supaya ora metu saka papan kang dirajah//  Dewi Sinta / metu saka papan kang dirajah/ niyate bakal maringi pangan/ marang wong tuwa kang njejaluk// Nanging durung nganti pangan diulungake / wong tuwa njejaluk iku banjur nyaut astane Dewi Sinta/... Dewi Sinta kaglandhang .... digawa mabur // Lan tetela wong tuwa njejaluk iku   malih rupa dadi Raja Ngalengka Prabu Rahwana utawa Dasamuka.

Nah...anak-anakku...iku mau ringkesane crita Ramayana Kidang Kencana//

 

 

 

Prangan C

Wondene perangan C yaiku/ Wosing budi pekerti/ utawa nilai karakter/ sing bisa kajupuk saka  Crita wayang Ramayana Kidang Kencana// Ing crita kasebutakeh tinemu/ nilai-nilai karakter/ utawa wosing budi pekerti/ sing bisa kojupuk/ lan bisa kokanggo/ dadi gegondhelan ana ing uripmu// antarane:

1.      Raden Ramawijaya kanthi  lila legawa ninggalake kraton Ayodya jalaran keng ramane wis kadhung duwe janji marang Dewi Kekeyi.

= Anak kudu tansah bekti lan mituhu marang dhawuh pangandikane wong tuwa

2.      Dewi Sinta tetep ndherek Raden Ramawijaya ninggalake kraton Ayodya sanajan kudu urip prasaja ing satengahe alas Dhandhaka.

= Kudu tansah setya tuhu ngampingi garwa ing kahanan apa wae

3.       Raden Laksmana tetep ndherek Raden Ramawijaya ninggalake kraton Ayodya sanajan kudu urip prasaja ing satengahe alas Dhandhaka

= Kudu tansah asih tresna marang sedulure, tansah tetulung lan tansah ngayomi.

4.      Dewi Sinta priksa kidang banjur kepengin nyekel lan nduweni

= Ora kena gampang kengguh marang barang sing dudu duweke

5.      Raden Ramawijaya saguh lan kersa nyekelake kidang kanggo Desi Sinta

= tansah nyembadani lan mbyantu marang garwa samangsa garwa kagungan panyuwunan

6.      Raden Laksmana ora kersa nusul Raden Ramawijaya sing ngoyak kidang, jalaran wis diweling manawa kudu njaga Dewi Sinta

= Tansah nyekel amanah sing wis ditampa

7.      Dewi Sinta ndakwa marang Raden Laksmana manawa nduwe rasa tresna.

= Ora kena nibakake pandakwa manawa durung ana buktine dadi kudu ngati-ati omongan

8.      Dewi Sinta maringi pangan marang wong tuwa njejaluk

= Tansah nduwe rasa welas asih lan seneg tetulung  marang wong kang mbutuhake

9.      Prabu Rahwana ndhustha utawa nyolong Dewi Sinta sing wis nyata-nyata kagungan garwa.

= Ora kena nduwe tumindak angkara, srakah lan ngrusak angger-anggere bebrayan utawa aturan masyarakat

10.  Kala Marica gelem ngapusi uatawa maeka marang Raden Ramawijaya kanthi malih rupa dadi kidang kencana.

= Tetulung kuwi kudu kanggo kabecikan

 

 

Para siswa... iki mau andharan ngenani Crita wayang Ramayana  Kidang Kencana //

Crita kasebut/  isine ngandharake/ manawa Prabu Rahwana anggone kepingin nggarwa Dewi/ Sinta kanthi maneka cara kang julik/ antarane// kanthi ndhawuhi abdine/ kang aran Kala Marica/ supaya malih dadi kidang kencana /perlune supaya misahake Dewi Sinta lan Raden Ramawijaya//.

 

Anak-anakku para siswa sing taktresnani/ sadurunge takpungkasi// bu Sulis arep mriksani apa ana sing wis kirim wangsulan saka pitakon kang takparingake ing ngarep mau....

......................................................................................................................................

Para siswa... jane isih akeh/ wangsulan-wangsulan sing wis kokkirim// ananging/ amarga winates wektune // mula ya kudu dipungkas//

 

Kanggo mbuktekake/ yen para siswa mau/ tansah mirengake andharan kanthi temenan// Iiki bakal takparingi pitakon // Wangsulan saka pitakon  iki  mengko/ supaya ditulis ing bukumu / manawa wis rampung/ banjur diaturake/ marang bapak utawa ibu guru Basa Jawa/ ing sekolahmu dhewe-dhewe// mesthine lumantar WA utawa aplikasi liyane// Jalaran ing wektu iki/ kowe kabeh durung dikeparengake lelungan/ kanthi ninggalake omah//

Pitakone yaiku:

1. Sapa wae paraga sing bisa kokconto ing crita Ramayana Kidang Kencana, Apa sebabe?

2. Nilai karakter utawa wosing budi pekerti apa sing bisa kokjupuk saka crita Ramayana Kidang   

    Kencana??

Lan marang anak-anakku/ sing isih kepengin gladhen// lan nggarap soal ing crita Ramayana Kidang Kencana/ bisa mbuka link kanthi alamat https://bit.ly/2SruNrE

 

Nah/ Para siswa SMP saindhenging laladan Karanganyar/ lan sakiwa tengene sing daktresnani//

Iki mau/ andharan saka bu Sulis/ ing acara Karanganyar Belajar/ kang kagiyarkae dening Radio Swaba Radionya Karanganyar// Muga-muga ana gunane lan bisa nambah kawruhmu // ing wasana/ Tetep waspada/  khusuk ndedonga lan sengkud makarya/ matur nuwun,/ wilujeng enjing/ Wassalamualaikum warohmatullohiwabarakatuh/

Sesorah (Pidhato) Perpisahan Sekolah (Bu Sulis Guru Basa Jawa)

 

A. Tegese sesorah/ pidhato

Sesorah /Pidhato/ utawa tanggap wacana yaiku ngandharake/ njlentrehake/ nglairake  gagasan/ panemu kanthi cara lisan ing sangarepe wong akeh kanthi ancas tinamtu.


B. Bab sing kudu digatekake manawa arep pidhato
    1.    Swara.
            * Lancar. Sesorah/ pidhato kudu nduweni swara kang lancar, ora groyok, ora cedhal.
            * Wiramane trep. Sing dikarepake wirama trep yaiku nalika pidhato swarane ora seru banget                    nanging ya ora lirih banget. Ora cepet banget nanging uga ora rindhik banget. Dadi kudu                        njumbuhake karo swasana lan isine sesorah.
            * Kung. Kud nduwe swara kang manteb, ora kemeng
    2.    Solah Bawa/ Patrap
            * Ngadeg jejeg
            * Tangan ngapurancang
            * Obahing badab prasaja
    3.    Panyawang/ Polatan
            * Ora jelalatan,
            * Ora mung maspadakake sajurus
            * Polatang sumeh   

C.    Perangane Sesorah/ Pidhato 
        1. Salam Pambuka
            Dijumbuhake karo kapitayan/ kapercayan lan karo kahanan kang lumaku.
        2. Pambuka/ Purwaka
            * Atur puji syukur marang Pangerang/ Gusti Kang Maha Kuwasa
            * Atur panuwun marang sing padha rawuh
            * Atur panuwun marang paniti laksana/ panitia (manawa ana)
        3. Surasa/ Isi
            Ngandharake/ njlentrehake underane bab isine sesorah/pidhato
        4. Dudutan
            Isine dudutan (kesimpulan) utawa inti sarine  andharan kang disesorahake
        5. Pangarep-arep
            Isine pangajap (harapan) saka sing nindakake sesorah marang sing mirengake sesorah.
        6. Wasana/ Panutup
            Panyuwunan pangapura tumrap kaluputan nalika nindakake sesorah/ pidhato.
        7. Salam Panutup

D.    Tuladha Sesorah/Pidhato Pepisahan ing Sekolah
        

Assalamu’alaikum, Wr.Wb.

Karahayon, katentreman muga tansah tumanduk dhumateng kula lan panjenengan.

Bapak, Ibu Guru ingkang kinabekten.

Para tamu sinedhahan ingkang kinurmatan

Lan Para kanca ing SMP......

Sumangga tansah ngaturaken raos syukur mugi konjuk dhumateng Gusti Ingkang Maha Kuwaos, awit ing titi wanci menika kula lan panjenengan taksih pinaringan  rahmat lan hidayahipun. Satemah saged makempal wonten ing papan ngriki kanthi suka bagya nir ing sambekala ing tatacara pepisahan kelas sanga (9) SMP.

Atur panuwun ugi kula aturaken dhumateng Bapak Ibu guru, para tamu sinedhahan ingkang sampun kepareng ngrawuhi tata cara menika, lan para kanca kula sedaya.

Mboten kesupen, kula ugi ngaturaken panuwun dhumateng para paniti laksana ingkang sampun angrantam lan nindakaken jejibahan satemah tata cara pepisahan menika saged lumampah kanthi sae.

Bapak, Ibu lan Para tamu sinedhahan ingkang  tansah bagya mulya. sarta para kanca sedaya.

Kula minangka wakil saking para siswa kelas 9 kepareng matur:

Sepisan. Ngaturaken panuwun dhumateng Bapak Ibu Guru ingkang sampun kepareng nggulawenthah dhumateng para siswa satemah saged kasil lulus sedaya.

Kaping kalih, kula sakanca badhe nyuwun pamit lan nyuwun donga pangestu mugi-mugi kula sakanca mangke saged nglajengaken sinau wonten ing pawiyatan ingkang sae, ingkang jumbuh kaliyan gegayuhan kula sakanca.

Kaping tiga, kula nglenggana, sadangunipun ngangsu kawruh ing sekolah ngriki kathah kalepatan lan tindak-tanduk ingkang andadosaken mboten renaning penggalih. Kanthi asoring manah kula sakanca nyuwun pangaksami.

Kaping sekawan, Tmrap adhik-adhik kelas VII lan VIII, kula ngajap supados tetep sengkud anggenipun sinau satemah mangke saged dados siswa ingkang pantes tinulad siswa sanesipun.

Ing wasana cekap semanten atur kula, kathah atur ingkang kirang prayogi kula ingkang amakili kanca-kanca kelas 9 nyuwun pangapunten.

Matur nuwun

Wassalamu’alaikum, Wr. Wb.



Thursday, February 25, 2021

RPP Serat Wulangreh Kinanthi Kelas VIII

 

RENCANA PELAKSANAAN PEMBELAJARAN (NO: 2)

Satuan Pendidikan : SMP Negeri 2  

                                 Karanganyar

Kelas/ Semester     : VIII/ ( Genap )

Mata Pelajaran       : Bahasa Daerah ( Jawa )

Materi Pokok         : Teks Piwulang Serat

                                 Wulangreh

Sub Materi      : Teks Piwulang Serat

                            Wulangreh Pupu

                             Kinanthi

Alokasi Waktu : 6 x 40 (3 pertemuan)

                           * Minggu ke 4 Januari

                           * Minggu ke 1 Februari

                           * Minggu ke 2 Februari

           

A.        KOMPETENSI DASAR

3.2. Menelaah teks Piwulang Serat Wulang Reh pupuh Kinanthi

4.2. Menulis syair tembang kinanthi

Pertemuan Petama

1.         Mengartikan kata-kata yang dianggap sulit yang terdapat dalam teks  Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

2.         Mengajukan dan menjawab pertanyaan  bacaan tentang teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi dalamragam krama

3.         Mendiskripsikan tembung homonim dan homograf

4.         Mengidentifikasi tembung Garba

            Pertemuan Kedua

1.         Memparafrase teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

2.         Menuliskan pokok-pokok isi teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

3.         Menuliskan nilai budi pekerti yang terdapat didalam teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

Pertemuan Ketiga

1.         Mendiskripsikan aturan membuat tembang Kinanthi

2.         Menulis/ membuat  syair tembang macapat Kinanthi dengan tema lingkungan

 

C.        LANGKAH-LANGKAH PEMBELAJARAN

            Pertemuan Pertama

 

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 


Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

 


Penutup (10 menit)

Ø  Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø  Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik  diajak bertanyajawab tentang teks Serat Wulangreh

Ø  Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø  Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas)

 

Ø  Memberikan tayangan power point yang berhubungan dengan teks  Serat Wulagreh Pupuh Kinanthi termasuk  kata-kata homonim dan homograf serta tembung garba

Ø  Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø  Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø  Mengumpulkan hasil tugas LK

 

Ø  Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø  Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø  Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø  Informasi kegiatan yang akan datang

Ø  Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

            Pertemuan Kedua

 

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

 Kegiatan Inti (60 menit)

 

 

 

Penutup (10 menit)

Ø Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak bertanyajwab tentang kosa kata yang ada didalam teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

Ø Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas)

 

Ø Memberikan tayangan power point yang berhubungan dengan teks Piwulang serat Wulangreh Pupuh Kinanthi termasuk cara memparafrase, isi pokok dan piwulang luhur

Ø Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø Mengumpulkan hasil tugas LK

 

Ø Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø Informasi kegiatan yang akan datang

Ø Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

 

            Pertemuan Ketiga

 

KEGIATAN

RINCIAN KEGIATAN

Pendahuluan  (10 menit)

 

 

 

Kegiatan Inti (60 menit)

 

 


Penutup (10 menit)

Ø Menyapa peserta didik dengan salam, berdoa dan cek kehadiran siswa

Ø Apersepsi: Untuk mengarahkan ke materi pembelajaran, peserta didik diajak bertanyajwab tentang isi pokok yang ada didalam teks Piwulang Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

Ø Menyampaikan tujuan pembelajaran.

Ø Menyampaikan  alur/ langkah-langkah PJJ (Penyampaian materi, Mengerjakan LK, Teknik Pengumpulan Tugas)

 

Ø Memberikan tayangan power point yang berhubungan dengan syair tembang Kinanthi yang bertemakan lingkungan  termasuk aturan cara menyusun/ membuat tembang Kinanthi

Ø Mengadakan tanya jawab tentang materi

Ø Memberi LK (memantau peserta didik didalam mengerjakan LK)

Ø Mengumpulkan hasil tugas LK

 

Ø Membantu membuat simpulan tentang materi yang telah diberikan

Ø Memberi refleksi (bertanya jawab tentang respond dari peserta didik)

Ø Mengingatkan siswa tentang teknik pengumpulan tugas

Ø Informasi kegiatan yang akan datang

Ø Penguatan yang berhubungan dengan sikap

 

D.        PENILAIAN

1.         Penilaian Sikap                :  Keaktifan siswa dalam bertanya dan menanggapi

   kegiatan pembelajaran lewat grop Wa dan  

   kesantunan bahasa yang digunakan

2.         Penilaian Pengetahuan     :  Perangkat soal yang dikirim dengan aplikasi google

   form

3.         Penilaian Keterampilan    :  Hasil mengerjakan LK

 

.

                                                                                                Karanganyar,   Juli 2020

            Mengetahui

            Kepala SMP N 2 Karanganyar                                   Guru Bahasa Jawa

 

 

            

 

 

 

 

 

Lampiran 1 :

Materi Pembelajaran

PUPUH II
K I N A N T H I = 16 PADA

Pada

Cakepan

Katrangan

1

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

6

 

 

 

 

 

 

7

 

 

 

 

 

 

8

 

 

 

 

 

 

9

 

 

 

 

 

 

10

 

 

 

 

 

 

11

 

 

 

 

 

 

12

 

 

 

 

 

 

13

 

 

 

 

 

 

14

 

 

 

 

 

 

15

 

 

 

 

 

 

16

 

 

 

 

 

 

Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling

 

Dadiya lakuniraku,

cegah dhahar lawan guling,

lawan ojo sukan-sukan,

anganggowa sawatawis,

ala watake wong suka,

nyuda prayitnaning batin

 

Yen wus tinitah wong agung,

ywa sira gumunggung dhiri,

aja nyelakaken wong ala,

kang ala lakunireki,

nora wurung ngajak-ajak

satemah anenulari.

 

Nadyan asor wijilipun,

yen kelakuwane becik,

utawa sugih cerita,

kang dadi misil,

yen pantes raketana,

darapon mundhak kang budi

 

Yen wong anom pan wus tamtu,

manut marang kang ngadhepi,

yen kang ngadhep keh durjana,

tan wurung bisa anjuti,

yen kang ngadhep akeh bangsat,

nora wurung dadi maling.

 

Sanadyan nora melu,

pasti wruh lakuning maling,

kaya mangkono sabarang,

panggawe ala puniki,

sok weruha gelis bisa,

yeku panuntuning iblis.

 

Panggawe becik puniku,

gampang yen wus den lakoni,

angel yen durung linakwan,

aras-arasen nglakoni,

tur iku den lakonana,

mufa’ati badanneki.

 

Yen wong anom-anom iku,

kang kanggo ing masa iki,

andhap asor dipun bucal,

umbag gumunggung ing dhiri,

obrol umuk kang den gulang,

kumenthus lengus kumaki.

Sapa sira sapa ingsun,

angalunyat sarta edir,

iku lambanging waong ala,

nom-noman adoh wong becik,

emoh angrungu carita,

kang ala miwah kang becik.

 

Cerita kang wus kalaku,

panggawe ala lan becik,

tindak bener lan kang salah,

kalebu jro caritareki,

mulane aran carita,

kabeh-kabeh den kawruhi.


Mulane wong anom iku,

abecik ingkang taberi,

jejagongan lan wong tuwa,

ingkang sugih kojah ugi,

kojah iku warna-warna,

ana ala ana becik.

Ingkang becik kojahipun,

sira anggawa kang remit,

ingkang ala singgahana,

aja niat anglakoni,

lan den awas wong kang kojah,

ing lair masa puniki.


Akeh wong kang bisa muwus,

nanging den sampar pakolih,

amung badane priyangga,

kang den pakolihaken ugi,

panastene kang den umbar,

nora nganggo sawatawis.

Aja ana wong bisa tutur,

amunga ingsun pribadhi,

aja ana amemedha,

angrasa pinter ngluwihi,

iku setan nunjang-nunjang,

tan pantes dipun cedhaki.

Singakna den kaya asu,

yen wong kang mangkono ugi,

dahwen open nora layak,

yen sira sadhinga linggih,

nora wurung katularan,

becik singkirana kaki.

Poma-poma wekasingsun,

mring kang maca layang iki,

lan den wedi mring wong tuwa,

ing lair prapta ing batin,

saunine den estokna,

ywa nambuh wulang kang becik.

 

 

 

Homonim lan Homograf.

ü  Gatekna tuladha iki.

                                    a. Sudanen dhahar lan guling.

                                    b. Aku menyang toko tuku bantal lan guling

            Tembung guling ing ukara kasebut bisa nduwe teges kang beda. Ing ukara a tembung       guling duwe teges turu, ing ukara b tembung guling nduwe teges jeneng piranti kanggo turu.Tembung kang padha tulisane, padha unine nanging nduwe teges beda         iku diarani homonim

ü  Gatekna tuladha ukara iki.

                                    a. Kayune talenana sing kenceng.

                                    b. Anggone tuku mobil dibayar kenceng.

                                    c. Ibu mundhut kenceng arep kagem olah jenang.

            Tembung kenceng iku pancen tulisane padha nanging Manawa wis karaketake ing            ukara wacane banjur beda, lan tegese uga banjur beda. Tembung kaya ngono iku             diarani homograf.

            Tembung kenceng ing ukara a kawaca kevC_   tegese bakoh. kuwat. Tembung

kenceng ing ukara b kawaca ke[vC=  tegese kabayar langsung ora diutang. Dene Tembung kenceng ing ukara c kawaca [k[vC=  tegese piranti kanggo mangsak.

 

Tembung Garba.

 

Tembung garban
Tembung camboran kang sambungan (sandhi) né awujud wanda
menga (basa Indonesia: suku kata terbuka) lan wanda aksara swara (vokal), tembung-tembung kasebut banjur bisa luluh (ginarba) dadi siji dadi swara anyar. Tembung kuwi banjur disebut tembung garban.

Tuladha:
• a + a = a
Kusuma + astuti = kusumastuti
• a + i = e
Teka + ing = tekèng
Ira + iku = irèku
• a + e = e
Warna + edi = warnèdi
• a + u = o
Wira + utama = wirotama
• i + a (i,e,o,u) = y
Sami + oncat = samyoncat
• u + a (i,e,o,u) = w
Tumuju + ing = tumujwèng
Sawetara ater-ater utawa panambang kang wanguné kaya wanda kasebut uga dadi sandhigarban. Tuladha:
• sa +ulah = solah
• sami + a = samya
• ke + legi + an = kelegèn

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

MATERI 2

CAKEPAN TEMBANG KINANTHI KANTHI TEMA LINGKUNGAN

 

RERESIK UWUH PLASTIK

           

Guru Gatra

Cakepan

Guru Wilangan

Guru Lagu

1

Saben-saben aku tuku

u

u (suku)

2

Barang-barang saben ari

i

i (wulu)

3

Mesthi dinokok ing wadhah

a

a (legena)

4

Emane awadhah plastik

i

i (wulu)

5

Agawe rusak lingkungan

a

a (legena)

6

Plastik-plastik diendhani

i

i (wulu)

 

 

 

 

1

Ayo kanca padha melu

u

u (suku)

2

Resik-resik uwuh plastik

i

i (wulu)

3

Mbuwang uwuh  ing pawuhan

a

a (legena)

4

Njalari lingkungan asri

i

i (wulu)

5

Yen dinulu katon endah

a

a (legena)

6

Njalari senenging ati

i

i (wulu)

 

 

 

 

 



 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran 2

Penilaian perkembangan sikap Spiritual dan Sosial dalam bentuk jurnal

 

JURNAL PERKEMBANGAN SIKAP SPIRITUAL DAN SOSIAL

Nama Sekolah                        : SMP Negeri 2 Karanganyar

Kelas/Semester                       : VIII / Genap

Tahun Pelajaran                    : 2020/2021

No

Hari/Tgl.

Jam Ke

Kelas/No

Nama Siswa

Catatan Perilaku

Butir Sikap

Tindak Lanjut

Hasil

1

 

 

 

 

 

 

 

 

2

 

 

 

 

 

 

 

 

3

 

 

 

 

 

 

 

 

4

 

 

 

 

 

 

 

 

5

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran 3:

 


PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEMBANG KINANTHI)

ASPEK PENGETAHUAN

KELAS VIII SEMESTER GENAP

 

Nama                           : .........................................................                        

Kelas/No. Absen         : .........................................................

 

1.         Serat Wulangreh iku mujudake buku kang isine babagan piwulang-piwulang luhur,           dene sing ngripta Serat Wulangreh kasebut yaiku .....saka kraton ... .

                        A.        Hamengkubuwana IV - Jogyakarta

                        B.        Hamengkubuwana VI - Jogyakarta

                        C.        Pakubuwono IV - Surakarta

                        D.        Pakubuwono VI - Surakarta

 

            Gatekna pratelan iki:

1. Guru gatra yaiku cacahe gatra saben salarik

2. Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sagatra

3. Guru lagu yaiku tibane swara ing pungkasane gatra.

4. Guru wilangan yaiku cacahe wanda saben sapada.

 
 

 

 

 

 


            2.         Ing dhuwur kalebu pratelan kang ana sesambungane karo paugeran/ wewaton/                   aturan tembang macapat, dene pratelan kang jumbuh karo paugeran/ wewaton/                  aturan tembang macapat dumunung ing angka... .

                        A.        1 - 2                            

                        B.        2 - 3                

                        C.        1 - 4                            

                        D.        2 - 4

            3.         Serat Wulangreh  dumadi saka pupuh-pupuh tembang macapat kang tansah                       ngemot piwulang-piwulang luhur kang migunani tumrap bebrayan agung                           (masyarakat). Pupuh Kinanthi uga kalebu perangane pupuh kang ana ing Serat                  Wulangreh, dene isi baku/piwulang luhur kang ana ing pupuh Kinanthi Serat                 Wulangreh yaiku....

                        A.        carane srawung lan milih kanca                                            

                        B.        carane ngrembug lan golek kanca

                        C.        carane milih lan nyingkiri kanca                                           

                        D.        carane golek lan nglumpukake kanca

 

            4.         Tembang macapat iku duwe paugeran guru gatra, guru wilangan lan guru lagu.                  Ewadene paugerane tembang Kinanthi yaiku... .

                        A.        8u, 8a, 8a, 8i, 8a, 8i                                                    

                        B.        8u, 8a, 8a, 8i, 8a, 8u   

                        C.        8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i

                        D.        8u, 8a, 8u, 8i, 8a, 8i

 

            Pada 1 wacan tembang iki kanggo mangsuli pitakon nomer 13 - 14!

Padha gulangen ing kalbu,

ing sasmita amrih lantip,

aja pijer mangan nendra,

kaprawiran den kaesthi

pesunen sariranira,

sudanen dhahar lan guling. (Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2 : 96)

 
 

 

 

 

 

 

 


            5.         Manut pada 1 tembang Kinanthi kasebut, sing ngemot teges ora kena mung                       mangan lan turu wae lan supaya padha ngurangi mangan lan turu iku                                  dumunung ing gatra... .    

                        A.        1 - 3

                        B.        2 - 4

                        C.        3 - 5

                        D.        3 - 6    

 

            6.         Tegese tembung kang ana ing pada 1 tembang Kinanthi kasebut wis bener,                        kajaba... .

                        A.        gulangen         = tembangna                                      

                        B.        nendra             = turu

                        C.        sasmita            = tandha/ lambang                                          

                        D.        guling              = turu

 

            Wacanen Pada 2 tembang iki !

Dadiya lakunireku,

cegah dhahar lawan guling,

lawan aja sukan-sukan,

anganggoa sawatawis,

ala watake wong suka,

nyuda prayitnaning batin. (Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2 : 104)

 

 
 

 

 

 

 

 

 

 

 

 


            7.         Pada 2 ing tembang Kinanthi kasebut ana tembung   garbane.Tembung garba                     kasebut yaiku... .

                        A.        anganggoa                  

                        B.        sawatawis                   

                        C.        dadiya            

                        D.        lakunireku

 

            Wacanen Pada 3 tembang iki !

Yen wus tinitah wong agung,

ywa sira gumunggung dhiri,

aja nyelakaken wong ala,

kang ala lakunireki,

nora wurung ngajak-ajak

satemah anenulari. (Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2 : 104)

 
 

 

 

 

 

 


            8.         Sing dikarepake wong agung ing pada 3 tembang  Kinanthi             kasebut yaiku... .

                        A.        wong kang asmane pak Agung                      

                        B.        wong kang awake gedhe                   

                        C.        wong kang nduwe keluwarga agung                         

                        D.        wong kang nduwe kalungguhan dhuwur

 

            Wacanen Pada 4 tembang iki !

Nadyan asor wijilipun,

yen kelakuane becik,

utawa sugih carita,

carita kang dadi misil,

iku pantes raketana,

darapon mundhak kang budi. (Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2 : 104)

 
 

 

 

 

 

 

 


            9.         Manut pada 4 tembang ing dhuwur babagan kang pantes dicedhaki yaiku... .

                        A.        wong kang kelakuwane beciklan critane migunani               

                        B.        wong kang sandhangane becik lan pakaryane crita               

                        C.        wong kang duwe utang budi lan sugih crita   ngayawara

                        D.        wong kang asor asale lan mundhak bebudene

 

            Wacanen Pada 5 tembang iki !

Yen wong anom pan wus tamtu,

manut marang kang ngadhepi,

yen kang ngadhep akeh bangsat,

ra wurung bisa anjuti,

yen kang ngadhep keh durjana,

nora wurung bisa maling. (Marsudi Basa lan Sastra Jawa 2 : 104)

 
 

 

 

 

 

 

 

 


            10.       Piwulang luhur saka pada 5 tembang kasebut yaiku... .

                        A.        manawa ing cedhak akeh wong kang tumindak ala ora kena kengguh                                  tumindak ala

                        B.        manawa ing cedhah akeh wong kang tumindak ala kudu disengkuyung

                        C.        manawa ing cedhak akeh wong kang tumindak ala kudu dibrastha

                        D.        manawa ing sedhak akeh wong kang tumindak ala ora kena disingkiri                                tumindake

 

            11.       Arane rimbaging tembung ing ngisor iki bener, kajaba... .               

                        A.        tinitah              = tembung tanggap na                       

                        B.        lakunireki        = tembung garba                    

                        C.        gumunggung   = tembung bawa ma

                        D.        anenulari         = tembung dwi purwa

 

            12.       Kaprawiran den kaesthi... . Bacute tembang kinanthi kasebut yaiku... .

                        A.        Pesunen sariranira      

                        B.        Cegahen dhahar lan guling

                        C.        Aja pijer mangan nendra       

                        D.        Ing sasmita amrih lantip

 

            13.       Pesunen sariranira... . Bacute tembang kinanthi kasebut yaiku... .

                        A.        Pesunen sariranira      

                        B.        Cegahen dhahar lan guling

                        C.        Aja pijer mangan nendra

                        D.        Ing sasmita amrih lantip

 

            14.       Watake tembang kinanthi iku kaya ing ngisor iki, kajaba... .

                        A.        seneng                                    

                        B.        kebak pangarep-arep

                        C.        sedhih             

                        D.        optimis

           

            15.       Ywa sira gumunggung dhiri. Gatra tembang Kinanthi iku mengku karep...

                        A.        aja seneng-seneng terus                     

                        B.        aja ngongasake (sombong) dhiri

                        C.        aja susah atine                        

                        D.        aja seneng tumindak ala

 

            16.       aja nyelakaken wong ala. Gatra tembang Kinanthi iku mengku karep...

                        A.        aja cedhak wong kang tumindake ala

                        B.        aja cedhak wong mlarat

                        C.        aka nyedhak wong bodho                  

                        D.        aja cedhak wong srakah

 

            17.       Manut ing tembang kinanthi, manawa cecaketan karo wong ala tumindake                         bakal...

                        A.        bisa nyingkiri tumindak becik

                        B.        ketularan melu tumindak ala

                        C.        melu nyegah tumindak ala     

                        D.        disa melu nindakake kabecikan

            18.       Nadyan asor wijilipun. Tembung sing kagaris dumadi saka tembung lingga...

                        A. wijil                       

                        B. mijil                       

                        C. injil            

                        D. pijil

 

            19.       Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi                      misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi. Piwulang kang bisa                     dijupuk saka tembang kasebut yaiku...

                        A.        kudu cedhak karo wong kang asor    

                        B.        kudu cedhak karo wong kang seneng omongan

                        C.        kudu cedhak karo wong kang kelakuwane becik

                        D.        kudu cedhak karo wong sugih

 

            20.       Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken                          wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.                      tembang kinanthi kasebut jumbuh karo bebasan...

                        A.        kebo mulih ing kandhange                

                        B.        kebo bule mati setra

                        C.        kebo kabotan sungu                           

                        D.        aja cedhak kebo gupak

           

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran 4:

 


EMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

SOAL PENILAIAN HARIAN BAHASA JAWA (TEMBANG KINANTHI)

ASPEK KETERAMPILAN

KELAS VIII SEMESTER GENAP

 

Gawea cakepan tembang Kinanthi sapada wae kanthi tema njaga lestarining lingkungan alam!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran 5


PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

 

SOAL REMIDI BAHASA JAWA ( SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI )

KELAS VIII SEMESTER GENAP

     Soal :

Kinanthi

     Padha gulangen ing kalbu,

     ing sasmita amrih lantip,

     aja pijer mangan nendra,

      kaprawiran den kaesthi

     pesunen sariranira,

     sudanen dhahar lan guling.

 

Miturut tembang Gambuh ing dhuwur:

1.    Guru gatrane ana ... .                                         (skor 2)

2.    Guru wilangane yaiku ... .                                 (skor 2)

3.    Guru lagune yaiku ... .                                       (skor 2)

4.    Golekana tegese tembung ing ngisor iki!          (skor 4)

   a.         kalbu               b.         nendra

5.    Owahana dadi gancaran miturut basamu dhewe!         (skor 10)

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

Lampiran 6

 


PEMERINTAH KABUPATEN KARANGANYAR

DINAS PENDIDIKAN DAN KEBUDAYAAN

SMP NEGERI 2 KARANGANYAR

JL. LAWU 203 ( 0271) 495070/ Fax. (0271) 495070

Website : http://www.smpn2-kra.sch.id E-mail : smpn2_kra@ymail.com

 

SOAL PENGAYAAN BAHASA JAWA ( SERAT WULANGREH PUPUH KINANTHI )

KELAS VIII SEMESTER GENAP

Teks Serat Wulangreh pupuh Kinanthi

 

01
Padha gulangen ing kalbu, ing sasmita amrih lantip, aja pijer mangan nendra, kaprawiran den kaesthi pesunen sariranira, sudanen dhahar lan guling.

02
Dadiya lakuniraku, cegah dhahar lawan guling, lawan ojo sukan-sukan, anganggowa sawatawis, ala watake wong suka, nyuda prayitnaning batin.

03
Yen wus tinitah wong agung, ywa sira gumunggung dhiri, aja nyelakaken wong ala, kang ala lakunireki, nora wurung ngajak-ajak satemah anenulari.

04
Nadyan asor wijilipun, yen kelakuwane becik, utawa sugih cerita, kang dadi misil, yen pantes raketana, darapon mundhak kang budi.

05
Yen wong anom pan wus tamtu, manut marang kang ngadhepi, yen kang ngadhep akeh durjana, tan wurung bisa anjuti, yen kang ngadhep akeh bongsa, nora wurung dadi maling.

Soal :   1.  Gancarna tembang ing ndhuwur!

            2.  Tulisen isine tembang ing dhuwur!

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

 

PARIKAN BASA JAWA bu Sulis

  Parikan yaiku Unen-unen kang nduweni tenger: Kedadeyan saka 2 ukara Saben saukara dumadi saka 2 gatra Ukara kaping 1 minangka purwaka Ukar...